Basa Hachijo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Hachijo
Asal Jepang
Laladan Kapuloan Izu iring kidul
Panyatur asli
Ora dingertèni; kang ndunungi kapuloan iku ana wong 10.000 (2007)[butuh sitiran]
Kodhe basa
ISO 639-3
ISO 639-6 hhjm
Glottolog hach1239[1]

Golongan cilik dhialèk-dhialèk Hachijo utawa Hachijōjima iku wujud basa Jepang kang paling mbédani. Sagolongan dhialèk iki dicaturaké ing iring kidul Kapuloan Izu ing wewengkon Tokyo, Pulo Hachijō lan Pulo Aogashima, dalah Kapuloan Daitō ing Préfèktur Okinawa. Kapuloan Daitō iku didunungi wong saka Pulo Hachijo nalika Jaman Méiji. Adhedhasar paugeran silih sumurup (mutual intelligibility), dhialèk-dhialèk Hachijo bisa ingaran basa Japonik kang kapisah saka basa Jepang.

Basa Hachijo isih nguri-uri ciri kuna saka basa Jepang Wétan, kaya kang kacathet ing serat Man'yōshū abad ping wolu. Basa iki uga ana irib-iriban lèksikal karo dhialèk-dhialèk Kyushu dalah basa-basa Ryukyu. Nanging, durung bisa diwatara apa iring kidul Kapuloan Izu uga didunungi wong-wong saka laladan iku, apa lèksikon kang sairib iku minangka tembung silihan kang digawa déning para mantrus kang ngambah kapuloan kidul, utawa apa lèksikon kang sairib iku minangka rètènsi swatantra saka basa Jepang Kuna.[2]

Dhialèk[besut | besut sumber]

Dhialèk Aogashima iku paling mbédani. Ana uga sawenèh dhialèk ing Pulo Hachijo kang saben désa béda caturané. Bokmanawa sawetara panyatur dhialèk Pulo Hachijo Cilik uga isih ana. Pulo iki ditinggal suwung nalika taun 1969.

Paramasastra[besut | besut sumber]

Basa Hachijo nganggo tembung kriya aru, kang kaya to be ing basa Inggris, tumrap kabèh purusa tanpa mbédakaké barang urip utawa mati (iru–aru). Iki béda karo basa Jepang ing dharatan kang mbédakaké purusa saka barang urip lan mati. Basa Hachijo mbédakaké endi wujud atributif (連体形 rentaikei) lan endi wujud terminal (終止形 shūshikei) tumrap tembung kriya lan tembung kaanan. Ciri mangkono ana ing basa Jepang Tengahan Wiwitan nanging ora lestari tumeka basa Jepang saiki.

Kosa[besut | besut sumber]

Basa Hachijo memetri sawenèh pitembungan kang wis musna ing laladan-laladan liya ing Jepang, kaya ta まぐれる magureru ateges 'sumaput'. Ing basa Jepang, pitembungan mau bakuné 気絶する kizetsu suru. Uga ana tembung kang padha karo tembung baku basa Jepang, nanging béda tegesé:[3]

Basa Hachijo Basa Jepang Tegesé Kognat ing basa Jepang
yama hatake sawah yama 'gunung'
ureshi naru byōki ga naotte kuru mari
ureshiku naru 'mongkog'
kowai tsukareru kesel kowai 'mangkel'
gomi takigi kayu bakar
gomi 'uwuh'

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Hachijo". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  2. Masayoshi Shibatani, 1990. The Languages of Japan
  3. "島言葉(八丈方言)を見直そう (Ringkesan ngenani dhialèk Hachijo)". Hachijo-jima Official Site. 八丈町教育課生涯学習係. Dijupuk 2013-08-23. 

Wacan lanjutan[besut | besut sumber]