Balai Harta Peninggalan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Balai Harta tilas

Balai Harta Peninggalan utawi ingkang asring dipuncekak BHP inggih punika Unit pelaksana teknis instansi pamaréntah ingkang kanthi struktural mapan wonten ing sak ngandhaping Direktorat Perdata, Direktorat Jenderal Administrasi Hukum Umum Kamentrian Hukum dan Hak Asasi Manusia, Kamentrian Hukum lan Hak Asasi Manungsa Republik Indonesia. Balai harta tilas inggih lembaga ingkang dipunperlokaken kanggé ngurus harta tilaran saking satunggaling tiyang ingkang gayut kaliyan perwalian, pengampuan, rawuh botenipun tiyang, harta tilaran ingkang boten kaurus, pendhaptaran waris, lan surat ketrangan waris.[1] Déné tugasipun Balai Harta Peninggalan inggih punika kanggé makili lan ngurus kapentingan tiyang-tiyang (Badan Hukum) ingkang amargi hukum utawi putusan hakim boten saged dipunlampahaken piyambak kapentinganipun dhedhasar peraturan perundhang-undhangan ingkang sampun didpuntemtokaken. Wonten ing produk hukum kolonial ingkang wonten gayutanipun kaliyan Balai Harta Peninggalan, peraturan perundang-undangan ingkang wonten ingkang sampun boten jumbuh malih kaliyan éwah-ewahaning jama, saéngga peraturan kasebat kedah dipun-gantos. Peraturan perundang-undangan ing babagan Balai Harta PEninggalan produk kolonial Walanda punika ing antawisipun inggih:

  1. Institutie voor de Weeskamer in Indonesie (Ordanantie van 5 Oktober 1872, Stb. 1872 Nomor 166)
  2. Vereeniging toteene regeling van het de kassen der weeskamers en der boedelkamers en regelling van het beheer dier Kassen (Ordonantie van 9 September 1897, Stb. 1897 Nomor 231).

Adhedhasar gambaran kasebat, mila sam[un wekdalipun kanggé damel Undang-undang ngengingi Balai Harta Peninggalan kanthi tugas lan fungsi ingkang khas kanggé nggantosaken peraturan perundang-undangan produk kolonial ingkang sampun boten jumbuh kaliyan kabetahan ing wekdal sak punika lan wekdal ingkang badhé dhateng. Kanthi lengkap data-data ngengingi madegipun Balai Harta Peninggalan ing papan-papan sanèsipun boten saged kapanggih malih, nanging sampun saged kecathet bilih Balai Harta Peninggalan ing Banda wonten ing taun 1678 sampun wonten, ing Ambon taun 1694, ing Ternate taun 1695, ing Ujung Pandang taun 1696, ing Semarang saged dipunmangertosi bilih balai harta tilas punika madeg ing tanggal 17 Mèi 1763, ing Padang taun 1739, lan ing Surabaya taun 1809. Ngengingi Perwakilan-Perwakilan Balai Harta Peninggalan sampun dipunmangertosi wonten ing Palembang taun 1691, ing Jepara taun 1727, ing Banten taun 1725, ing Cirebon taun 1739, ing Timor taun 1764 lan ing Bengkulu taun 1827.

Struktur Organisasi[besut | besut sumber]

Struktur Organisasi ingkang wonten ing Balai Harta Peninggalan inggih kados makaten:[2]

  • Ketua Balai Harta Peninggalan
  • 1 Sekretaris/ anggota balai harta tilas
  • 5 anggota teknis hukum
  • Sub pérangan tata usaha
    • Bendahara
    • Urusan Kepegawaian
    • Urusan keuangan
    • Urusan Umum
  • Seksi Peninggalan Wewengkon I
  • Seksi Peninggalan Wewengkon II
  • Seksi Peninggalan Wewengkon III
  • Perwakilan Balai Harta Peninggalan
    • Urusan tata usaha
    • Urusan keuangan
    • Urusan Harta tilas dan kepailitan

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. RUU tentang Balai Harta Peninggalan (dipunundhuh tanggal 31 Januari 2013)
  2. Struktur Organisasi Balai Harta Peninggalan (dipunundhuh tanggal 31 Januari 2013)