Asal Usul Keraton Pati Pesantenan
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kawiwitan saka papréntahan R. Kembangjoyo, kang bisa nggatukaké telung papréntahan wektu iku ya iku papréntahan Paranggaruda, Carangsoka, lan Mojosemi. Kadipatèn Paranggaruda wewengkoné ana ing kidul kali Juwana. Panguasa kadipatèn Paranggaruda gelaré Adipati Yudapati. Wewengkon kakuwasan kadipatèn Paranggaruda ya iku laladan kang saiki dadi kacamatan Batangan, Jaken, Jakenan, Pucakwangi, Winong, Sukolilo, Kayen, Tambakromo, Gabus lan separoné wewengkon Rembang. Petilasan pusat papréntahan Paranggaruda ana ing désa Goda kacamatan Winong. Kadipaten Carangsoka lan Mojosemi wewengkoné ana ing laladan lor kali Juwana. Panguasa kadipatèn Carangsoka duwèni gelar Adipati Puspahandungjaya, duwèni putra tunggal jenengé Dewi Rayungwulan. Wewengkon kadipatèn Carangsoka ya iku laladan kang saiki kacamatan Trangkil, Juwana, Pati, Margorejo, Tlogowungu, Gembong, Wedarijaksa, Margoyoso, Tayu, Dukuhseti, Gunungwungkal, Cluwak lan separo ngambah wewengkon Jepara wétan. Petilasan pusat papréntahan Carangsoka ana ing désa Sukoharjo kacamatan Wedarijaksa.
Wektu iku telung kadipatèn kapisahaké déning sagara/selat kang saiki dadi kali Juwana utawa jaman kaé dijenengi kali Silugonggo. Yèn warga Pati saiki ngarani kali Ngantru.
Adipati Yudapati, panguwasa kadipatèn Paranggaruda diréwangi Patih, ya iku Yuyurumpung kang duwèni prajurit kang bisa diandalaké ya iku Sondong Majeruk lan diréwangi para bekel lan demang Gendolo, demang Semut, demang Gunungpati, demang Tlogomoyo, demang Jembangan. Adipati Yudapati duwé putra tunggal jenengé R. Bagus Menakjosari. Nanging rupané èlèk lan cacat ing tangan lan driji-drijiné. Adipati Yudopati duwèni angen-angen arep ngentukaké R. Josari karo Dèwi Rayungwulan putra tunggal R. Puspohandungjoyo. Nanging amarga duwèni rupa èlèk, cacat lan dhèwèkè krungu yèn R. Josari iku duwèni watek sombong, congkak, seneng foya-foya ngentèkaké dhuwit Nagara, mula iku dhèwèké arep nolak lamaran saka R. Josari kanthi cara kang alus. Dhèwèké gelem kawin yèn R. Josari nyanggupi syarat kang dijaluk, ya iku Dewi Rayungwulan njaluk pinangan seperangkat gamelan kang bisa muni dhéwé. Krungu kaya ngono R. Josari rainé abang, dhèwèké nganduk amarga syarat iku ora bakal bisa diwènèhaké. Kabèh mau minangka awujud penolakan alus.
Nanging sapa nyana singapati saka kadipaten Paranggaruda nemu dhalang kang saben pagelaran wayang ora tau nggawa gamelan nanging ana swara gamelan. Ki Dalang iku jenengé Ki Dalang Sapanyana. Ki Dalang langsung tinemu karo Adipati Yudapati karo 2 sindene, ya iku Ambarwati lan Ambarsari.
Wektu Ki Dalang Sapanyana lan kaloro sindèné nganakaké pagelaran wayang ing kadipatèn Carangsoka, Adipati Puspahandungjaya lan Prameswari wis ora bisa ngomong apa-apa manèh. Dewi Rayungwulan sanalika iku banjur lumayu ana ing praduan Ki Dalang Sapanyana. R. Josari ngamuk banjur njabut kerisé lan nyerang Ki Dalang Sapanyana nanging Ki Dalang bisa ngindar lan keris mau malah kena R. Josari dhéwé. Adipati Yudapati ngamuk lan njaluk Adipati Puspahandungjaya supaya nyerahaké Ki Dalang Sapanyana. Nanging Adipati Puspahandungjaya mèndel waé, mula iku Adipati Yudapati murka lan duwé niyat arep nggempur Carangsoka. Adipati Puspahandungjaya krungu kabar iku. Dhèwèké banjur ngundhakaké kewaspadané lan nyusun strategi kanggo ngadepi wadyabala Paranggaruda. Adipati Puspahandungjaya ngundang Senopati Kembangjaya kanggo ngrembug taktik kanggo ngadepi gempuran iku. R. Kembangjaya iku nom-noman kang gagah lan ganteng. Sanajan umuré isih enom nanging dijuluki ahli pertapa amarga duwèni kasekten kang sekti mandraguna.
Senopati Kembangjaya mènèhi usul supaya nyusul R. Sukmayana ing pertapan Telamaya ing kawasan Gunung Muria. Adipati nampa usul iku banjur ngongkon utusan marani R. Sukmayana.
R. Sukmayana ya iku mas ipe Senopati Kembangjaya. Dhèwèké uga pendekar sekti, duwé pusaka kang ampuh ya iku kuluk kanigara lan keris rambut pinutung.
Adipati Yudapati mimpin langsung para prajurit banjur mréntahake penggempuran. Nalika perang, Adipati Yudapati kena tombak lan pedhang. Dhèwèké mati banjur prajurit kang isih padha nyerah. Sanalika iku prajurit Carangsoka lunjak-lunjak saking senenge. Banjur R. Kembangjaya diwènèhi gelar Adipati Carangsoka lan didadékaké bojoné Dewi Rayungwulan. Ki Dalang Sapanyana didadékaké patihé R. Kembangjaya. Ambarwati lan Ambarsari disunting karo R. Sukmoyono. Sawisé kabèh tentrem kadipatèn Carangsoka, Mojosemi lan Paranggaruda didadèkaké siji kabawah karo R. Kembangjoyo. Kadipatèn iku didadèkaké siji kanthi cara mbabat alas Kemiri direwangi R. Sapanyana patihé, yasa pusat papréntahan anyar supaya luwih cedhak anggoné ngawasi Paranggaruda taklukané. Wektu mbabat alas Kemiri ketemu karo wong dodol dawet jenenge Sagola utawa P. Onggo. R. Kembangjoyo tuku kanggo persediaan dhèwèké lan prajurité. Dawet kang digawé saka pati wit arèn, diwènèhi santen saka klapa, digebyur santen lan gula arèn. Saka iku R. Kembangjoyo duwé gagasan yèn kraton kang anyar dijenengi Pati Pesantenan. Ngadegé kurang luwih taun 1292 M, miturut silsilah raja sadurungé kejayaan Majapahit.