Menyang kontèn

Andhara Early

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Andhara Early
LairAndhara Early Astrawinata
11 Sèptèmber 1979 (umur 46)
Balikpapan, Kalimantan Timur, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Pranatacara, Model
Taun aktif1995 - saiki
BojoCesa David Luckmansyah
AnakMaghali Inala Netar
Wong tuwaAdilwan Astrawinata (ayah) dan Narwila Narang (ibunya)

Andhara Early Astrawinata (lair ing Balikpapan, 11 Sèptèmber 1979; umur 46 taun).[1] Andhara Early ya iku salah sijiné presenter acara TV.[1]

Andhara Early lair saka pasangan Adilwan Astrawinata (bapak) lan Narwila Narang (ibu).[1] Andhara Early anak pambarep saka sadulur kang cacahé papat.[1] Seduluré nduwéni jeneng Ariaputra Emir Astrawinata, Adindari Edvinari Astrawinata, lan Alifputra Etienne Astrawinata.[1] Sawisé nikah karo ibuné, bapaké banjur nikah manèh karo wong wadon kang jenengé Nourma Yunita.[1]

Andhara Early tau dadi runner up lan pemenang favorit GADIS Sampul 1995.[1] Sadurungé tampil dadi modhel sampul Majalah Playboy Indonesia édisi perdana nalika tanggal 7 April 2006, Andhara Early uga tau tampil dadi iklan Mi Sedaap, Goldmart, lan H&R.[1] Saliyané modhél iklan Andhara Early uga tau akting filem. Film kang tau dibintangi Andhara Early ya iku filem kang judhule Rumah Ketujuh lan Badan Pasti Berlalu kang disiyaraké lumantar tivi.[1] Saliyané akting filem, Andhara Early uga akting ing sinétron. sinétron kang dibintangi Early kayata Dunia Tanpa Koma, Selebriti juga Manusia, Lupus Milenia II, Vanya, Bekisar Merah, lan Perayaan Besar.[1]

Andhara Early uga dadi presenter ing acara By Request (SCTV), Pista (Indosiar), LatiNight (MetroTV), Espresso (ANTV), Gelar Panco (Indosiar), dan MTV Campus (MTV).[1]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Andhara Early tau nikah karo Fery Martawidjaja nanging leloroné banjur cerai.[1] Saka pernikahan iki, early nduwé anak siji kang jenengé Maghali Inala Netar.[1] Fery Martawidjaja uga ragu yèn Maghali iku anak asil saka pernikahané Andhara Early karo dhèwèké. Awit Andhara Early tau cerak karo Ariel, salah sijiné vokalis grup band Peterpan.[1] Pernikahan Andhara Early kang kaping loro ya iku karo Cesa.[1] Nanging Cesa nggugat cerai talak ing Pengadilan Agama Jakarta Selatan nalika tanggal 15 Agustus 2008.[2] kabar bab retaké gayutan leloroné wis keprungu wiwit sasi Juni 2008.[3] Sawisé iku, Andhara Early banjur pacaran karo Bugi, drummer band Phantom.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
  2. >September, Andhara Early Sidang Cerai(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)
  3. Rumah Tangga Andhara Early Guncang?(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011
  4. hot.detik.com(dipunundhuh tanggal 17 Juli 2011)