Alkmene

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Wonten ing mitologi Yunani, Alkmene (Basa Yunani: Aλκμήνη) punika Ibu Herakles [1]. Alkmene punika lare Elektrion, raja Mikenai. Ibunipun punika saged Anaxo, putri Alkaios lan Astidamia, utawi Lisidis, putri Pelops lan Hippodameia. Hesiod nggambaraken Alkmene minangka wanita ingkang ayu praupanipun, wicaksana, lan hurmat dhateng garwanipun.

Dipunbeta dhateng Thebes[besut | besut sumber]

Miturut Apollodoros, Alkmene kesah kaliyan Amfitrion dhateng Thebes, Amfitrion dipunsucekaken déning Kreon (raja Thebes) saking rajapejah boten sengaja ingkang dipunlakoni marang Elektrion. Alkmene boten purun kagarwa Ampfitrion dumugi Alkmene saged paring piwales marang sédaning sedhèrèk-sedhèrèkipun. Nanging nalika èkspèdhisi Amfitrion nglawan kaum Tafos lan kaum Telebos. Zeus nyamar dados Amfitrion lan tindak dhateng Alkmene. Damel wekdal satunggal dalu punika langkung dangu, Zeus sare kaliyan Alkmene saéngga Alkmene ngandhut banjur nyariosaken menangipun Amfitrion awit saking kaum Telebos. Nalika Amfitrion kondur dhateng Thebes, Alkemene matur bilih Amfitrion samoun naté dugi lan saré sesarengan. Amfitrion asli mangertos saking Teiresias menapa ingkang dipunlakoni déning Zeus [2].

Wiyosipun Herakles[besut | besut sumber]

Wonten ing Iliad anggitanipun Homeros, nalika Alkmene badhé nglairaken Herakles, Zeus paring wara-wara dhateng sadaya déwa bilih ing dinten punika badhé wiyos bayi keturunan saking Zeus ingkang samangké badhé mréntah sadaya ingkang wonten ing sakiwa-tengenipun. Hera, sasampunipun nyuwun Zeus supados nglampahi sumpah awit saking pangandikan punika mandhap saking Olimpus dhateng Argos lan damel garwanipun Sthenelos (lare saking Perseus) nglairaken Euristheus sanajan nembé pitung wulan. Wonten ing wekdal ingkang sami, Hera nyegah Alkmene nglairaken Herakles. Pérangan punika ndadosaken sumpah Zeus dhateng Euristheus boten ing Herakles.

Miturut Metamorphoses karyanipun Ovidius, Alkmene punika sisah nalika badhé nglairaken Herakles. Sasampunipun pitung dinten pitung dalu nglampahi gerah, Alkmene ngulur astanipun lan nyuwun dhateng Eileithyia, dewi kelahiran. Nanging, nalika Eileithyia dugi ing Alkmene, Hera paring prentah supados mandegaken prosès kelairan punika. Kanthi asta ingkang katekuk lan sukunipu kasilangaken, Eileithyia ngaturaken mantra supados Alkmene boten lairan. Alkmene rumaos gerah sanget, lajeng Galanthis pelayanipun Alkmene ingkang wonten ing mriku mirsani menapa ingkang dipunlampahi déning Eileithyia lan kanthi rikat saged mendhet dudutan menapa kersanipun Hera. Galanthis banjur matur bilih Alkmene sampun nglairaken bayi kanthi slamer, Eileithyia kaget banjur mlumpat saéngga Alkmene bébas saking mantra lan Herakles wiyos kanthi slamet. Minangka hukuman amargi sampun ngapusi Eileithyia, Galanthis dados musang nanging taksih mapan kaliyan Alkmene.

Wonten ing cariyos Pausanias, Hera ngirim panyihir supados Herakles boten wiyos. Para panyihir mau kasil dumugi Historis, putri Teiresias damel rencana kanggé ngapusi para panyihir. Kados Galanthis, Historis paring wara-wara bilih Alkmene sampun nglairaken putranipun. Para panyihir ingkang kapusan punika banjur kesah lan Alkemene saged lairan.

Sedanipun Alkmene[besut | besut sumber]

Wonten kalih pamanggih babagan sedanipun Alkmene. Miturut tiyang Megara, Alkmene ingkang nembé mlampah saking Argos dumugi Thebes nalika séda wonten ing Megara. Para Hereakleid (lare-lare Herakles) dèrèng pikantuk papan kanggé ngubur Alkmene. Wonten tiyang ingkang ngersakaken jenazah Alkmene dipunbeta malih dhateng Argos, lajeng wonten ugi ingkang ngersakaken dipunkubur ing Thebes ngengingi Amfitrion ugi dipunkubur wonten ing Thebes. Wasana, Alkmene dipunkubur wonten ing Megara awit pamrayogi saking Orakel Delphi. Versi kaping kalih punika saking tiyang Thebes, nalika Alkmene séda punika dados watu. Pausanias nedahaken bilih altar kanggé Alkmene dipunyasa wonten ing Kynosarges ing Athena wonten sisihipun altar kanggé Herakles, Hebe, lan Iolaos. Pausanias ugi ngendika bilih makan Alkmene mapan wonten ing Megara.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ [1], (id) Mitologi Yunani (dipunakses tanggal 30 Januari 2013).
  2. ^ [2], (id) Alkmene (dipunakses tanggal 30 Januari 2013).

Pranala njawi[besut | besut sumber]