Alfabèt Yunani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Alfabèt Yunani
Greekalphabet.svg
Jinis
Basa Yunani
Kala
u. 800 SM – saiki[1]
Aksara babon
Aksara turunan
Arah nulis Kiwa manengen
ISO 15924 Grek, 200
Jeneng Unicode
Greek
Larik Unicode

Alfabèt Yunani wis dianggo nulis basa Yunani kawit abad ka-8 SM.[2] Aksara iki tumurun saka alfabèt Finikiya wiwitan[3] lan dadi aksara alfabètis kapisan sing mbédakaké huruf kanggo swara lan wyanjana. Aksara iki baboning aksara Latin lan Kiril.[4] Saliyané kanggo nulisaké basa Yunani, sarana aksara cara kuna utawa cara anyar, aksara Yunani ing wektu iki uga minangka sumbering lambang-lambang lan panenger-panenger tèknis ing babagan kawruh pétung, kawruh alam, lsp.

Susunan kuna lan anyar aksara iki dumadi 24 huruf, sing urut saka alfa tekan oméga. Kaya déné aksara Latin lan Kiril, aksara Yunani asliné saben hurufé mung tunggal wujud. Aksara iki nuli dikembangaké saperlu mbédakaké jinis hurufé antaraning rupa huruf gedhé lan huruf cilik, sairib karo aksara Latin, tembé ing jaman modhèren.

Uni lan transkripsi konvènsional sawenèh huruf béda ing antaraning basa Yunani Kuna lan Yunani Anyar krana pangucaping basa Yunani wis akèh owahé kawit abad ka-5 SM tekan sapréné. Basa Yunani Kuna lan Anyar nganggo dhiakritik sing béda. Ing ortografi tradhisional, sing dianggo nulisaké basa Yunani Kuna lan kala-kala uga basa Yunani Anyar, ana akèh dhiakritik sing dianggo, kaya ta tandha aksèn kanggo nandhani aksèn laras ("politonik"), tandha prana kanggo nandhani ana orané uni /h/ sing miwiti tembung, lan subskrip iota kanggo nandhani uni kuna /i/ ing wekasan tembung. Ing éjaan Yunani Anyar sing baku, ortografiné wis digawé prasaja kanthi sistim monotonik sing mung nganggo rong dhiakritik: aksèn akut lan dhirésis.

Huruf[besut | besut sumber]

Huruf Jeneng Uni
Kuna[5] Anyar[6]
Α α alpha, άλφα [a] [] [a]
Β β beta, βήτα [b] [v]
Γ γ gamma, γάμμα [ɡ], [ŋ][7] [ɣ] ~ [ʝ],
[ŋ][8] ~ [ɲ][9]
Δ δ dèlta, δέλτα [d] [ð]
Ε ε epsilon, έψιλον [e] [e]
Ζ ζ zeta, ζήτα [zd]A [z]
Η η eta, ήτα [ɛː] [i]
Θ θ theta, θήτα [] [θ]
Ι ι iota, ιώτα [i] [] [i], [ʝ],[10] [ɲ][11]
Κ κ kappa, κάππα [k] [k] ~ [c]
Λ λ lambda, λάμδα [l] [l]
Μ μ mu, μυ [m] [m]
 A [dz].[12]
Huruf Jeneng Uni
Kuna[5] Anyar[6]
Ν ν nu, νυ [n] [n]
Ξ ξ xi, ξι [ks] [ks]
Ο ο omikron, όμικρον [o] [o]
Π π pi, πι [p] [p]
Ρ ρ rho, ρώ [r] [r]
Σ σ/ς[13] sigma, σίγμα [s] [s] ~ [z]
Τ τ tau, ταυ [t] [t]
Υ υ upsilon, ύψιλον [y] [] [i]
Φ φ phi, φι [] [f]
Χ χ chi, χι [] [x] ~ [ç]
Ψ ψ psi, ψι [ps] [ps]
Ω ω omega, ωμέγα [ɔː] [o]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Swiggers 1996.
  2. ^ Cook 1987, k. 9.
  3. ^ The Development of the Greek Alphabet within the Chronology of the ANE (2009), Cuplikan: "Naveh wènèh patang alesan pokok kena ngapa padha sarujuk yèn aksara Yunani iku tumurun saka aksara Finikiya.
    1 Miturut Hérodutus “Wong Finikiya sing teka karo Cadmus... nggawa sarta aksarané mlebu Héllas, sing nalika ika wong Yunani durung weruh, pikirku.”
    2 Huruf Yunani, alpha, beta, gimmel ora ana surasané ing basa Yunani nanging ana tegesé ing aksara-aksara Semit pasangané.
  4. ^ Coulmas 1996.
  5. ^ a b Woodard 2008, pp. 15–17
  6. ^ a b Holton, Mackridge & Philippaki-Warburton 1998, p. 31
  7. ^ Contoné ἀγκών.
  8. ^ Contoné εγγραφή.
  9. ^ Contoné εγγεγραμμένος.
  10. ^ Contoné βια.
  11. ^ Contoné μια.
  12. ^ Hinge 2001, pp. 212–234
  13. ^ Huruf sigma ⟨Σ⟩ duwé rong werna huruf cilik, ⟨σ⟩ lan ⟨ς⟩. Sing ⟨ς⟩ dianggo ing pungkasaning tembung lan sing ⟨σ⟩ ing saliyané. (Ing sawenèh rupa huruf abad ka-19, ⟨ς⟩ uga dianggo ing tengahing tembung ing pungkasaning morfem camboran, contoné "δυςκατανοήτων", nedya nandhani watesing morfem antara "δυς-κατανοήτων" (tegesé "angèl dingertèni"). Ing praktèk baku cara anyar, "δυσκατανοήτων" ora diéja nganggo sigma pungkasan.) Nicholas, Nick (2004). "Sigma: final versus non-final". Dijupuk 2012-07-15. 

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Cook, B. F. (1987). Greek inscriptions. University of California Press/British Museum. 
  • Coulmas, Florian (1996). The Blackwell Encyclopedia of Writing Systems. Oxford: Blackwell Publishers Ltd. ISBN 0-631-21481-X. 
  • Hinge, George (2001). Die Sprache Alkmans: Textgeschichte und Sprachgeschichte (Ph.D.). University of Aarhus. 
  • Holton, David; Mackridge, Peter; Philippaki-Warburton, Irini (1998). Grammatiki tis ellinikis glossas. Athens: Pataki. 
  • Swiggers, Pierre (1996). "Transmission of the Phoenician Script to the West". In Daniels; Bright. The World's Writing Systems. Oxford: University Press. kk. 261–270. 
  • Woodard, Roger D. (2008). "Attic Greek". In Woodard, Roger D. The ancient languages of Europe. Cambridge: University Press. kk. 14–49.