Alan Hogeland
Alan Hogeland | |
---|---|
Pakarya | Penulis |
Bangsa | Indonésia |
Alan Hogeland, jeneng asli Kamaludin Rangkuti (lair ing Binjai, Sumatra Lor, 19 Oktober 1931; umur 93 taun), ya iku sawijining panulis Indonésia,[1] kalebu salah siji panulis sastra eksil Indonesia.[2]
Biografi
[besut | besut sumber]Dhèwèké ngrampungaké sarjana mudha ing babagan Basa Indonesia lan uga mèlu sinau ing Fakultas Hukum Universitas Sumatera Utara (USU).[2] Nalika dadi mahasiswa ing USU, dhèwèké tau njabat minangka ketua senat ing Fakultas Hukum lan wakil ketua dewan mahasiswa.[2] Alan uga dadi pangadeg Concentrasi Gerakan Mahasiswa Indonesia ing universitas kang padha lan dadi salah sawijining pimpinan Lekra ing Sumatra Lor.[2] Tahun 1964 amarga anané undhangan pamaréntah Republik Rakyat Cina, dhèwèké mangkat ing Beijing dadi tenaga pamulang basa lan sastra Indonesia ing Universitas Beijing [2] lan dadi konsultan basa Indonesia kang ngasilaké kamus Indonesia-Tionghoa.[2]
Taun 1985, Alan ngalih menyang nagara Walanda.[2] Karier kapenulisane lagi diwiwiti nalika dhèwèké manggon ana Walanda amarga anané kagiyatan panerbitan kang karan-sebut minangka pers alternatif tumrap kabèh wong kang urip minangka wong èksil.[2] Kawit taun 1989 nganti tekan wafate taun 1994, Alan Hogeland wis ngasilaké puluh-puluhan karangan kang wujud sajak, carkak, kritik, lan esei sarta naskah drama.[2] Kumpulan tulisané kang wis kababar ya iku Musibah, sawijining kumpulan carkak; Angin Menderu di Pucuk Bambu, sawijining kumpulan puisi; Sekedar Menjalankan Kewajiban lan Esei Sastra.[2]
Asil karya
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |