Abu Hanifah (sastrawan)
Abu Hanifah | |
---|---|
Lair | Padangpanjang | 6 Januari 1906
Basa | Basa Indonésia |
Bangsa | Indonésia |
Suku | Melayu |
Warga nagara | Indonésia |
Abu Anifah, aliyasé El Hakim, (lair ing Padangpanjang, 6 Januari 1906 lan pati ing Jakarta, 4 Januari 1980) ya iku dhokter, pulitisi, juru roman, lan panitra sandiwara asal Indonésia.[1][2]
Wiyata lan profési
[besut | besut sumber]Abu Hanifah iku lulusan Indische Art (Pamulangan Dhokter Indhia-Walanda) taun 1932.[1] Dhèwèké banjur lumebu pamulangan dhokter luhur ing taun 1962.[1] Uga ing taun iku, dhèwèké nampa jejuluk akadhemik dhoktor honoris causa saka Akademi Belle Artes Brazil.[1] Abu Hanifah banjur ndhokter ana ing RSUP Jakarta nalika taun 1964.[1] Dhèwèké uga tau mbukak praktik dhokter ana ing Sukabumi lan tau ndhokter ing wewengkon Rimbu.[1]
Nasionalisme
[besut | besut sumber]Ing mangsa jajahan Jepang, Abu Hanifah tau dadi lelurah Barisan Hizbullah.[1] Sanadyan dhèwèké lelurah pakumpulan sing idhéologiné Islam, dhèwèké tau mèlu nglawani wadyabala Jepang sing ngrusak gréja, sing nlantari dhèwèké éntuk nugraha Bintang Pangaji saka Paus Yohanes XXIII.[1] Lelakon iki asring minangka ciri manawa Abu Hanifah iku kepara nasionalis. Ing taun 1928, Abu Hanifah dadi salah siji taruna sing mèlu Konggres Mudha Indonésia.[3]
Abu Hanifah miwiti jagad pulitik Indonésia sarana lumebu Parté Masyumi, salah siji parté gedhé Indonésia kala iku.[3] Ing Masyumi, dhèwèké tepung Mohammad Natsir, Mohammad Roem, lan Anwar Cokroaminoto.[3] Abu Hanifah uga lumebu Badan Keamanan Rakyat.[3] Ing Dhésèmber 1959, dhèwèké dadi anggota Panitia Persiapan Nasional.[1] Nalika taun 1950, ing Kabinet RIS Abu Hanifah kadhapuk Mantri Pawiyatan, Pamulangan, lan Kabudayan.[1] Abu Hanifah uga tau dadi déwan pamituduh tumrap Muhammad Hatta.[4] Rikala semana, dhèwèké uga dadi wakil lelurah caraka Indonésia ing KMB.[4]
Karya sastra
[besut | besut sumber]Abu Hanifah nalika nom duwé kekarepan mrakarsani tonil utawa sandiwara Indonésia.[2] Bareng Usmar Ismail lan Rosihan Anwar, dhèwèké gawé pakumpulan amatir sandiwara kanthi jeneng Maya.[2] Ing jaman Jepang, sandiwara babagan sastra Indonésia tembé maju-majuné lan akèh mratélakaké bab pangudi ing kamardikan.
Nasionalismené dadi jalaran sawenèh tulisané airah-irahan mangkono. Naskah sandiwara Taufan di Atas Asia mratélakaké manawa dhasar-dhasar Islam patut didadèkaké dhasaraning kauripan nasional saperlu ngrangkul golongan Islam lan golongan nasionalis.[1]
Abu Hanifah tau makarya kanggo kalawarta Jong Sumatra, Pemuda Indonésia, lan Indonésia Raja minangka rédhaktur.[3] Pengalamané ndhokter ing Rimbu dadi latar wuri panulising roman Dokter Rimbu.[1] Saliyané iku, dhèwèké uga tau nulis naskah sandiwara sing gegayutan karo lakon dhokter, ya iku Intelek Istimewa.[1]
Abu Hanifah uga nyerat buku bab filsafat asesirah Rintisan Filsafat.[1]
Tegesing tembung-tembung
[besut | besut sumber]Cara Jawa | Cara Indonésia |
---|---|
Ngoko | |
pamulangan | sekolah |
juru roman | novelis |
sandiwara | drama |
asesirah | judulnya |
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l m n Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonésia Modern. Bandung: Pusat Basa Departemen Pendidikan Nasional. kc. 1-3. ISBN 979-692-283-5.
- ↑ a b c Yudiono K.S. (2010). Pengantar Sajarah Sastra Indonesia. Jakarta: Grasindo.
- ↑ a b c d e "Tentang Abu Hanifah". Kompasiana. Dibukak ing 7 March 2016.
- ↑ a b Prof. Dr. Abu Hanifah Dt. M.E.: karya dan pengabdiannya. Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1985. kc. 49.