Wuku Galungan
Galungan utawa Dungulan iku jenenge wuku sing ping sewelas. Miturut kaum tradhisional ing Bali lan Jawa, minggu iki direksa dening Bathara Kamajaya. Ing minggu iki uga tiba, dina gedhe Galungan sing dirayakake dening umat Hindu Indonesia, utamane dening umat Hindu Bali, ing dina Rebo Kliwon. Wong sing dilairaké jroning wuku iki wateké gampang nesu, rada sembrana (Basa Indonésia: gegabah), gampang tersinggung, irèn, perasaané alus lan gampang kayungyun (tresna), rejekiné apik ananging rada boros, teguh kukuh lan kuwat sikapé.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sipat
Bisa agawé lega ing ati sing susah, seneng marang lelaku apik, adoh saka pegawéyan ala. Mangku banyu jroning bokor =seneng sedekah, pengasih, sethithik rejekiné. Wit-é : Tanganan = ènthèngan, ora gelem mandheg, keras budiné, seneng marang darbèké liyan. Manuk-é : Bidho = gedhé nafsuné, murka. Bebayané : congkrah. Penangkal-é : slametan sega beras sepitrah dikukus, lawuhé daging wedhus. Dongané : Selamat pina. Candrané : peksi wonten ing luhur = yèn golèk asil kanthi nungkulaké sirah, sebab gora-goda.
[sunting] Dina pasaran
Minggu – Paing
Senen – Pon
Slasa – Wage
Rebo – Kliwon, Dina Riyaya Galungan
Kemis – Legi/Umanis
Jemuwah – Paing
Setu – Pon
[sunting] Uga delengen
[sunting] Pranala njaba
|
|||||