Wayang Pancasila

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
museum wayang, jalan Fatahilah Jakarta

Wayang Pancasila kuwi carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakaké mung lakon-lakoné, ning wayang Pancasila lakoné pejuang-pejuang bangsa Indonésia caritané uga bab perjuangan Bangsa Indonésia[1]. Wayang modern iki kacipta merga wayang-wayang purwa, madya lan gedhog ora bisa menuhi kaperluan masyarakat, khususé kaperluan komunikasi[2]. Mula kuwi kacipta wayang modern-modern liyan kanggo njangkepi faktor-fakttor panglancar komunikasi ning masyarakat, kayata wayang wahana (1920), wayang kancil(1925), wayang wahyu (1960), wayang dobel, wayang sejati (1972), wayang budha lan wayang sadat (1985)[2].


[sunting] Wujudé Wayang Pancasila

Wujud wahana wayang iki isa diomong padha karo wayang purwa, saora-orané meh padha persis karo wayang wahana atawa wayang suluh[3] .Wayang iki diciptakaké dening Suharsana Hadisusena (pegawé Kamentrian Penerangan kang ana ning kutha Yogyakarta) watara taun 1950-an[1]. Paraga wayang pancasila kuwi modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang pancasila rupané dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan para pejuang, karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kayata Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali ana bintang pangkaté uga[1]. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci tentara[4] . Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya ngrusak kaendahan wayang kulit purwa[1]. Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer, padha kaya wayang revolusi, wayang sadat lan wayang pandu.[5] macem-macemé wayang kontemporer, kang anduweni sejarah lan tokoh kang beda-beda.[5] Jeneng-jeneng lakon kang ana ning wayang pancasila uga anduweni arti kang ngambaraké sapa tokoh kuwi, kayata tokoh Jendral Spoor, panglima panjajah Walanda[1]. Uga dibeber kanggo nyeritakaké carita-carita paristiwa Kamardikan Republik Indonésia kanti tujuan menehi "penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN [4] . Ana ning wayang Pancasila Jendral kuwi anduweni celukan Senapati Rata Dahana, kang artiné Rata kuwi kereta api, lan dahana kuwi geni. kaya tembung celukan spoor kuwi pada karo sepur[1].

Karana wayang pancasila iki akeh carita perang, nuli kurang apik menawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju.[1] Watara taun 1951 wayang ora tau dibeber maneh. [1]


[sunting] Delengna Uga


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h (id)www.pdwi.org dipununduh tanggal 28 April 2011, jam 04.50 WIB
  2. a b RAGAM WAYANG DINUSANTARAdipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 23.09 WIB
  3. jenis wayang Indonesia dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.49 WIB
  4. a b SMK PEDALANGAN kls 10, hlm.52 dipununduh tanggal 11 April 2011 tabuh 21.32 WIB
  5. a b koran TEMPO dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.05 WIB


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wayang_Pancasila&oldid=508496"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti