Universitas Uppsala
|
Latin: Universitas Regia Upsaliensis atau Academia Regia Upsaliensis
|
|
| Motto | Gratiae veritas naturae (Truth through God's mercy and nature) |
|---|---|
| Diadegaké | 1477 |
| Jinis | Negeri |
| Rector magnificus | Prof. Anders Hallberg |
| Staf | 6.000 (3.800 dosen) |
| Sarjana | 40.000 |
| Doktoral | 2.400 |
| Lokasi | Uppsala, Swedia |
| Situs wèb | http://www.uu.se/ |
Universitas Uppsala (basa Swedia: Uppsala universitet) iku sawijining universitas ing Uppsala, Swedia, 64 kilometer sisih lor-kuloné kutha Stockholm. Universitas iki diadegaké taun 1477 lan minangka universitas paling tuwa ing Skandinavia.
Universitas iki wis maabad-abad dadi papan wigati tumrap ilmu pengetahuan lan pasinaonan, diwakili déning jeneng-jeneng kaya Linnaeus, Celsius, lan Ångström, lan sabanjuré déning sawetara peraih Bebungah Nobel jroning babagan ilmu alam - kayadéné Svante August Arrhenius. Saliyané kuwi, Uppsala nduwèni pengaruh gedhé tumrap idhèntitas nasional lan budaya Swedia liwat tokoh kayadéné August Strindberg.
Ana sangang fakultas ing Universitas Uppsala. Ana watara 40.000 mahasiswa sing pinuju nempuh studi sarjana utawa program profesional, lan watara 2.400 mahasiswa program doktor. Ana 3.800 tenaga pengajar saka gunggung 6.000 pegawai.
Organisasi [sunting]
Universitas Uppsala nduwèni sangang fakultas sing diklompokaké jroning telung babagan ilmu sing saben babagan dipimpin déning siji wakil rektor. Babagan èlmu sing ana ing Uppsala yakuwi:
- Bidang ilmu humaniora lan ilmu sosial
- Fakultas teologi
- Fakultas hukum
- Fakultas sejarah lan filsafat
- Fakultas ilmu basa
- Fakultas ilmu sosial
- Bidang ilmu kedokteran lan farmasi
- Fakultas kedhokteran
- Fakultas farmasi
- Bidang ilmu teknik lan pengetahuan alam
- Fakultas teknik dan ilmu pengetahuan alam
Saliyané kuwi, ana uga fakultas ilmu pendidikan sing ora dilebokaké jroning katelu babagan èlmu kasebut.
Saben fakultas dumadi saka institusi utawa departemen kanthi gunggung sing béda-béda. Fakultas teologi lan fakultas hukum mung nduwèni siji institusi, déné fakultas teknik lan ilmu pengetahuan alam nduwèni akèh institusi sing diklompokaké jroning sawetara bagéyan utawa seksi.
Pranala jaba [sunting]
- Situs resmi
- Situs web mahasiswa Universitas Uppsala
- Study Abroad Uppsala - Petunjuk bagi mahasiswa internasional di Universitas Uppsala
|
|||||