Tortilla
Tortilla [1][2]iku roti tipis tanpa ragi kang digawé saka jagung kang digiling utawa gandum. Tortilla padatan ditemokake ing Meksiko, Amerika Tengah, Amerika Serikat lan Kanada. Kang digawe saka jagung giling iku tortilla ala Amerika Lor lan akeh kang nganggep yen tortilla iku minangka tortilla kang 'asli'. Faktane pancen tipe tortilla iki wis ana sadurunge bangsa Eropa teka menyang benua Amerika, lan ngentukake jeneng 'tortilla' saka wong-wong Spanyol amarga arep padha karo kue lan endhog dadar tradisional Spanyol. Miturut ilmu asaling tembung (etymology), tembung tortilla asale saka tembung torta kang duweni teges kue kang wujude bunder.[3]
Tortilla kang kagawe saka gandum iku asiling inovasi sawise terigu digawa marang donya kang anyar saka Spanyol nalika dhaerah iku isih dadi dhaerah jajahan Spanyol. Roti iki agawe saka adonan kang ana banyune tanpa ragi, lan banjur digawe tipis lan dimasak kayadene tortilla jagung. Tortilla gandum iki arep padha benget karo roti tanpa ragi kang wis misuwur ing Arab, negara-negara ing Mediterania Lor lan Asia Kidul, sanajan luwih tipis lan luwih cilik ukurane. Ing Tiongkok dikenal kanthi sesebutan laobing (烙餅), kue kandel wujude bunder kaya pizza, dene ing India ana roti kang kagawe saka gandum. Kekarone iku tuladhane kue daka negara liya kang arep padha karo tortilla.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ (Basa Inggris)aibonline.com Tortilla Statistics and Trends (kaundhuh tanggal 24 Agustus 2011)
- ^ (Basa Spanyol)elsalvador.com Cultivarán el maicillo para producir miel (kaundhuh tanggal 24 Agustus 2011)
- ^ (Basa Inggris)bbc.co.uk Tortilla (Spanish omelette) (kaundhuh tanggal 24 Agustus 2011)