Tapak dara
| Tapak dara | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Gentianales |
| kulawarga: | Apocynaceae |
| Genus: | Catharanthus |
| Species: | C. roseus |
| Jeneng binomial | |
| Catharanthus roseus (L.) G.Don |
|
Tapak dara yaiku perdu taunan kang asale saka Madagaskar, nanging wit iki wis nyebar ana ing daerah-daerah tropika liyane.[1][2] Jeneng ilmiah saka wit iki yaiku Catharanthus roseus (L.) Don.[2] Ana ing Indonesia wit pekarangan dadi petetan lan duwe jeneng liya kaya sindapor (Sulawesi), kembang tembaga (basa Sunda), lan kembang tapak dårå (basa Jawa).[2] Wong-wong saka Malaysia njenengi wit iki kemunting cina, pokok rumput jalang, pokok kembang sari cina, utawa pokok ros pantai.[2] Ana ing Negara Filipina wit iki dikenal karo jeneng tsitsirika, ana ing Vietnam hoa hai dang, ing Cina chang chun hua, ing Inggris rose periwinkle, lan ana ing Walanda duwe jeneng soldaten bloem.[2]
[sunting] Deskripsi
Wit iki asale saka wilayah wetan tengah.[2] Wit jenis iki bisa urip ana ing dataran cendhek nganti tekan dataran kang dhuwure 800 meter ana ing sandhuwure permukaan segara, nanging wit jenis iki luwih bisa urip ana ing panggon terbuka, lan uga ora nutup kemungkinan bisa uga urip ana ing panggon liyane.[1][2] Wit iki uripe nyamping lan bisa dhuwur nganti tekan 0,2-1 meter.[1] Godhong saka wit iki mbentuk bunder endhog, wernane ijo kang kasusun nyirip selingan.[1] Dawane godhong sekitar 2-6 cm, ambane 1-3 cm, lan pang lan godhonge duwe kandungan lateks kang wernane putih.[2] Kembange aksial (metu saka ketiak daun).[2] Kelopak saka kembange cilik, mbentuk paku.[2] Mahkota kembange duwe bentuk kang kaya trompet, pucuke amba, wernane putih, biru, jambon utawane wungu gumantung saka kultivare.[2] Woh saka wiy iki bentuke silinder, pucuke lancip, ana rambute, dawane sekitar 1,5 - 2,5 cm, lan wijine ana akeh.[2]