Sundarbans

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Taman Nasional Sundarbans*
Situs Warisan Donya UNESCO

Sungai di Sundarbans
Negara India (Benggala Barat), Bangladesh
Tipe Natural
Kriteria ix, x
Referensi 798
Wilayah Asia
Sajarah prasasti
Prasasti resmi 1997  (Sèsi 21)
* Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya.
Miturut klasifikasi resmi UNESCO.

Taman Nasional (Shundorbôn Jatio Uddan) Sundarbans yaiku muara alas bako kang paling gedhe ing donya.[1] Saliyane kuwi, Taman Nasional Sundarbans uga minangka sawijining Taman Nasional kang dadi panggonan pelestarian [[macan] lan tanduran biosfer.[1] Taman Nasional iki dumunung ing delta Sundarbans ing negara bageyan India Benggala Wetan.[1] Wilayah iki minangka wilayah kang padhet amarga ditutupi dening alas mangrove, lan minangka salah siji cadangan kang paling gedhe tumrap macan Benggala.[1] Iki uga dadi omah tumrap pirang-pirang manuk, spesies reptil lan invertebrata, kalebu baya banyu uyah.[1]

Sekitar rong puluh jinis saka seket enem jinis mangrove kang ditemokake ing donya, urip apik ing Sundarbans [2] Vegetasi mangrove iki umume diidentifikasekake ing alas campuran, alas bako, alas pesisir, alas udan teles lan alas suket alluvial.[3] Dene kali ing Sundarbans yaiku panggonan panemone banyu asin lan banyu tawar. Mula wilayah mau minangka wilayah transisi antarane banyu tawar saka kali-kali kang asale saka Kali Gangga lan banyu tawar saka Teluk Benggala.[4]

Vegetasi mangrove mbantu pambentuke daratan anayr lan vegetasi iku mainake peran wigati ing morfologi rawa.[1] Kegiyatan tanduran mangrove iki bisa ngrembakake fitur mikromorfologi kanggo nyiptakake substrat bibit mangrove. Morfologi lan evolusi saka bukit eolian dikendalekake dening tanduran xerophytic lan halophytic.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g Pasha, Mostafa Kamal & Neaz Ahmad Siddiqui (2003), "Sundarbans", in Islam, Sirajul, Banglapedia: national encyclopedia of Bangladesh, Dhaka: Asiatic Society of Bangladesh, ISBN 9843205766
  2. www.bforest.gov.bd/highlights.php
  3. UNDP, 1998. Integrated resource development of the Sundarbans Reserved Forests, Bangladesh. Volume I Project BGD/84/056, United Nations Development Programme, Food and Agriculture Organization of the United Nations, Dhaka, The People's Republic of Bangladesh. 323 p.
  4. Hussain, Z. and G. Acharya, 1994. (Eds.) Mangroves of the Sundarbans. Volume two : Bangladesh. IUCN, Bangkok, Thailand. 257 p.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

[sunting] Pranala njaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Sundarbans ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sundarbans&oldid=670326"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès