Soba

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Mori soba

Soba (蕎麦 atau そば?) yaiku sawijining mi Jepang kang digawe saka glepung buckwheat (gandum buk). Ing basa Jepang, tanduran sereal buckwheat uga diarani soba. Saliyane iku, istilah soba uga bisa ditegesi minangka mi endhog kang asalé saka Tiongkok kang dimasak dadi yakisoba utawa ramèn.

Wong Jepang nduwe tradhisi mangan soba nalika malem taun anyar. Soba kang dipangan ing wengi sadurunge taun anyar diarani Toshikoshi-soba (soba nglewatake taun). Saliyane kuwi, uga ana tradhisi mangan soba nalika pindhahan ing omah anyar. Soba kang dipangan iki diarani Hikkoshi-soba (soba pindahan).

[sunting] Jinis-jinis soba

  • Soba seger
Sawise dirajang-rajang, soba diwuri glepung supaya ora kelèt lan dilebokake ing kanthong plastik.
  • Soba kering
Soba seger kang digaringake nganggo hawa panas lan didol kanthi cara diwadhahi plastik.
  • Soba godhog
Soba ing wadhah siap saji, dadi siji karo saos, unclang, lan uga ana tempurané utawa aburage.
  • Soba instan
Soba digaringake nganggo hawa panas utawa digoreng, sadurunge dipangan kudu dijarangi dhisik.
  • Soba beku
Soba seger kang dibekokake lan didol minangka panganan beku ing pasar swalayan gedhe.


Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Soba&oldid=674571"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès