Aburage

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Aburage

Aburage (油揚げ abura-age?) yaiku bahan pangan Jepang arupa lembaran tahu tipis kang digorèng nganggo lenga gorèng nganti wernané kuning kaya emas.

Aburage gampang nyerep kaldu, mula dikanggokake ing akeh masakan sup utawa kanggo ngungkus bahan panganan liyaène. Aburage uga dikenal kanthi jeneng Usu-age utawa Inari-age.

aburage akeh digawe ing pabrik tahu utawa tukang tahu. Tahu dirajang tipis-tipis amba banjur digoreng ping pindho. Pisan, nganggo lenga kang suhune 110℃-120℃ banjur dipindahake ing minyak kang suhune radha dhuwur yaiku 180℃-200℃.

[sunting] Panganan Jepang kang nganggo aburage

Panganan Jepang kang nganggo aburage yaiku:


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aburage&oldid=672763"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès