Sistem skeletal
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sistem skeletal utawa Sistem rangka iku sawijining sistem organ sing mènèhi dhukungan fisik marang makhluk urip. Sistem rangka umume dipeang dadi telung tipe: eksternal, internal, lan basis cairan (rangka hidrostatik), senadyan sistem rangka hidrostatik bisa uga diklompokake sacara kapisah saka rong jinis liyane amarga ora anane struktur panunjang.
Rangka manungsa diwangun saka tulang tunggal utawa gabungan (kayadene tengkorak) sing ditunjang dening struktur liya kaya ligamen, tendon, otot, lan organ liyane. Rata-rata manungsa diwasa nduwèni 206 balung, senadyan gunggung iki bisa variasi saben individu.