Seolleongtang
| Seolleongtang | |
|---|---|
| Jeneng Koréa | |
| Hangeul | 설렁탕 |
| Hanja | 先農湯 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | Seolleongtang |
| McCune–Reischauer | Sŏllŏngt'ang |
Seolleongtang yaiku jinising masakan Korea kang digawe saka sup kaldu balung sapi kang wis digodhog.[1][2][3]
Sejarah [sunting]
Nalika mangsa Dinasti Joseon (1392-1910), yaiku ing upacara ritual Sangsin ing wulan kaping pindho kalender lunar, raja bakal nindakake penghormatan tumrap Shennong ing Seonnongdan supaya panene mundhak ing taun candhake.[1] Ing ritual iki raja gawa beras, jewawut lan kewan kurban kayata sapi lan babi.[1] Sawise bubar nindakake ritual rajabiyasane raja bakal lunga ing jeokjeon, yaiku kebun istana.[1] Ing jeokjeon raja akal mrintahake juru masak istana supaya mask-masak bahan-bahan mau, yaiku daging sapi kanggo gawe sup, lan daging babi kanggo gawe pyeonyuk.[1] Raja bakal ngundang petani-petani kang wis tuwa yaiku kang umure saduwure 60 taun supaya tek ing acara mangan bengi.[1] Sega lan daging sapi dideleh ing ttukbaegi sawise diwenehi bumbu arupa bawang merah lan uyah.[1] Tembung seolleongtang asale saka seonnongtang, amarga aktivitas raja sawise nindakake ritual ing kuil Seonnongdan.[1] Saya suwe pangucapane owah dadi seolleongtang.[1][2]
Nalika kuwi, seolleongtang biyasane dipangan ing restoran kusus kang nyajekake seolleongtang. Yen masak seolleongtang butuhake wektu kang suwe supaya entuk gizi saka balung sapi.[1] Yen disajekake ing restoran, masakan iki bisa digodhog kanthi wektu kang luwih suwe maneh saengga kandhungan gizine bakaldiasilake luwih maksimal.[1]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k Yoon Sook-ja (Spring 2005). "Serves Up Wellness and a Sense of Sharing" (in Inggris). Koreana 19 (1): 82-84. http://koreana.kf.or.kr/pdf_file/2005/2005_SPRING_E082.pdf. Retrieved 28 April 2010
- ^ a b (en)Seolleongtang, Ox-Bone Soup, prkorea. Diundhuh tanggal 5 Mei 2010.
- ^ (en)Seolleongtang, visitkorea. Diundhuh pada 10 Mei 2010.