Shennong
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Ilustrasi Shénnóng lagi macul lemah. Ilustrasi iki digawe ing jaman Dinasti Han
Shénnóng(神农) utawa sinebut Yandi yaiku salah sawijining saka Telu Maharaja lan Lima Kaisar'' ing legenda sejarah kuno Cina.[1] Jeneng Shénnóng ateges Petani Suci lan dheweke yaiku Dewa Pertanian.[2]
Sumbangsihe yaiku nemokake piranti pertanian lan marahi carane nandur pari.[1] Dheweke uga beda-bedakake tanduran lan gawe bahan tembikar.[1]
Saliyane ing bidhang pertanian, dheweke uga berjasa ing bidhang pengobatan sahingga diarani Dewa Obat.[3] Miturut legenda dheweke nyoba kabeh jinis gegodhongan.[3] Amarga percobaan mau, dheweke nganti njajal luwih saka 70 macem gegodhongan beracun saben dinane.[3] Nanging amarga percobaan iki, rakyat bisa ngerti fungsi gegodhongan.[3]