Rasyid Ridha
Rasyid Ridha yaiku murid Muhammad Abdullah kang paling cedhak.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Lair
Rasyid Ridha lair taun 1865 ing Al-Qalamun, sawijining dhusun ing Libanon,ora adoh saka Tripoli (Suriah). Dheweke saka keturunan Al-Husan, yaiku Husain bin Ali Abi Thalib mula amarga iku dheweke nganggo gelar “Al-Sayyid” ing ngarep jenenge. Dheweke lair ing lan gedhe ing lingkungan beragama lan terhormat.[2]
[sunting] Pendhidhikan
Nalika cilik, dheweke mlebu ing Madrasah Tradisional ing Al-Qalaman kanggo sinau nulis, ngitung, lan maca Al-Qur’an. Taun 1882, dheweke mlebu ing al-Madrasah al-Watinah al-Islamiah (sekolah nasional Islam) ing Tripoli. Ing Madrasah iki, sakliyane basa Arab, uga diwulangake basa Turki lan Perancis lan sakliyane pengetahuan-pengetahuan agama uga pengetahuan-pengetahuan modern. Sekolah iki didhegake dening al-Syaikh Husain al-Jisr, sawijining ulama Islam kang dipengaruhi dening ide-ide modern. Ing jaman iku, sekolah-sekolah missi Kristen wis mulai ana ing Suriah lan akeh narik kawigaten wong tuwo kanggo nglebokake anak-anake.[1]
Rasyid Ridha neruske sekolahe ing sawijining satu sekolah agama ing Tripoli, tapi nalika iku hubungan karo al-Syaikh Husain al-Jisr isih mlaku terus lan guru iki kang dadi pembimbing kanggo dheweke. Banjur dheweke akeh dipengaruhi ide-ide Jamaluddin al-Afghani lan Muhammad Abdullah saka majalah al-Urwah al-Mustqa, dheweke niat melu al-Afghani ing Istambul tapi niat iku ora kaleksanan, nalika Muhammad Abduh ana ing pembuangan ing Beirut, dheweke entuk kesempatan ketemu lan omong-omongan karo murid-murid al-Afghani kang paling cedhak iki sahingga ninggalake kesan apik. Jiwane wis kepengaruh dening pemikiran-pemikiran saka al-Syekh Husain al-Jisr lan kang banjur dikembangake dening ide-ide al-Afghani lan Muhammad Abduh.[1]
[sunting] Al-Manar
Sakliyane nyinauni pengetahuan lan ide modern, Rasyid Ridha uga usul marang gurune supaya nerbitake majalah kang bakal nyiarke ide-ide lan pemikirane dheweke. Banjur guru lan murid iki nerbitake majalah kang banget terkenal, yaiku majalah Al-Manar. Penerbitan majalah iki kanggo nglanjutake misi majalah sakdurunge, Al-Urwah Al-Wusqa.[3]
Antara liya, nyebarake ide-ide pembaharuan ing bidhang agama, sosial, lan ekonomi; majokake umat Islam lan jernihke ajaran Islam saka paham kang nyimpang; sarta nggugah semangat persatuan umat Islam sajroning ngadhepi intervensi saka jaba. [4]
Sakwise nerbitke majalah Al-Manar, Rasyid Ridha uga aktif nulis lan ngarang buku lan kitab. Saka kuliah tafsir ing Universitas Al-Azhar, Rasyid Ridha kerep nyathet ide-ide anyar kang muncul sajroning kuliah saka Muhammad Abduh. Banjur cathetan iku disusun kanthi sistematis lan diserahke marang grune kanggo detliti maneh kanggo banjur diterbitke majalah Al-Manar. Kumpulan tulisan ngenani kang ana ing majalah Al-Manar iki banjur didadekake buku, yaiku Tafsir Al-Manar.[4]
[sunting] Pembaruan Bidang Pendidikan lan Politik
Ide-ide pembaharuan penting saka Rasyid Ridha, antara liya, ing bidang agama, pendhidhikan, lan politik.[5](id)[4]
Ing bidang agama, Rasyid Ridha ngomong menawaa umat Islam lemah amarga ora padha ngamalke ajaran-ajaran Islam kang murni kaya kang dipraktekake ing jaman Rasulullah SAW lan para sahabat. Tapi ajaran-ajaran kang nyimpang lan luwih akeh campur karo bid'ah lan khurafat. Dheweke negesake menawa umat Islam pengin maju, mula kudu nyekel tenanan marang Alquran lan Sunah. [4]
Ing bidang pendhidhikan, pendhapate Rasyid Ridha umatIslam bakal maju menawa ngwasai bidang iki. Mula dheweke ngimbau lan ndorong umat Islam kanggo nggunakake bandhane kanggo pembangunan lembaga-lembaga pendhidhikan. Dheweke uga ngedegake sekolah ing Kairo taun 1912 kang diwenehi jeneng Madrasah Ad-Da’wah wa Al-Irsyad.[2]
Ing bidang politik, Rasyid Ridha ketarik dekaro ide Ukhuwah Islamiyah (paseduluran Islam). Amarga dheweke ndeleng akeh kang nyebabake kemunduran Islam, antara liya amarga perpecahan ing kalangane dhewe. Mula dheweke ngongkon umat Islam supaya ing ngisore siji keyakinan, siji sistem moral, siji sistem pendhidhikan, lan tunduk ing siji sistem hukum ing siji kekuasaan kang bentuke negara. Negara kang dikarepake yaiku khilafah (kekhalifahan) kaya jamane Al-khulafa ar-Rasyidin. Dheweke nganjurake pembentukan organisasi Al-jami’ah al-Islamiyah (Persatuan Umat Islam) ing sangisore khalifah.[2]
[sunting] Karya-Karya
- Tarikh Al-Ustadz Al-Imama Asy-Syaikh 'Abduh
- Nida' Li Al-Jins Al-Latif
- Al-Wahyu Muhammad
- Yusr Al-Islam wa Usul At-Tasyri' Al-'Am
- Al-Khilafah wa Al-Imamah Al-Uzma
- Muhawarah Al-Muslih wa Al-Muqallid
- Zikra Al-Maulid An-Nabawiy
- Haquq Al-Mar'ah As-Salihah.[5]
[sunting] Wafat
Pengaruh pemikiran Rasyid Ridha lan pemikir liyane berkembang ing donya-donya Islam, kalebu Indonesia. Akeh ulama kang kapincut kanggo maca majalah Al-Manar lan ngembangake ide saka Rasyid Ridha. Dheweke wafat ing Agustus 1935.[6] [5]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c (id)[1] Rasyi Ridha (diaksés tanggal 1 Agustus 2011)
- ↑ a b c (id)[2] Rasyi Ridha (diaksés tanggal 3 Agustus 2011)
- ↑ (id)[3] Rasyi Ridha (diaksés tanggal 2 Agustus 2011)
- ↑ a b c d (id)[4] Rasyi Ridha (diaksés tanggal 2 Agustus 2011)
- ↑ a b c (id)[5] Rasyi Ridha (diaksés tanggal 3 Agustus 2011)
- ↑ (id) (id)Rasyi Ridha (diaksés tanggal 2 Agustus 2011)