Planèt
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Planet)
Bab lan Paragraf |
[sunting] Prakata
Planèt iku barang ing njaban angkasa sing ngubengi lintang. Ing sistem Tata surya dhewe, lintangé srengéngé.
Tembung planet asalé saka basa Yunani, planetes artine "nyasar". Istilah iki timbul amarga konsèp planèt durung dikenal jaman mbiyèn.
Planet-Planet anggota Tata surya:
Titikane utawa cirine planet:
- Ngubengi lintang utawa sisa-sisane;
- Nduwe bobot kang cukup kanggo nduwèni gravitasi dhéwé;
- Ora pati gedhe;
- "Ngresiki lingkungan" (clearing the neighborhood, ngosongi ruang kang dilewati planet saengga ora dienggo marang barang angkasa liyane);
- Garis tengah punjul saka 800 km.
[sunting] Planet Cilik
Tanggal 24 Agustus 2006, ing patemon IAU, 3.000 ilmuwan astronomi mutusake ngowahi status Pluto dadi planet cilik. Planet cilik liya: Ceres (asteroid) lan Eris.
[sunting] Planet Anyar
Planet anyar sing akeh nang sabuk kuiper umume kegolong planet cilik (basa Inggris: dwarf planet (kasil keputusan International Astronomical Union - IAU tanggal 24 Agustus 2006.)
[sunting] Uga Pirsani
- Planet ing tata surya liya (basa Inggris: extra solar planet)
| Tata Surya |
|---|
| Planet: Merkurius | Venus | Bumi | Mars | Yupiter | Saturnus | Uranus | Neptunus |
| Planet cilik: Ceres | Pluto | Eris |
| Liyane: Srengéngé | Satelit | Asteroid | Komet | Sabuk kuiper | Awan oort |
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.