Yupiter
Yupiter iku planet nomer lima saking srengéngé. Jarak rata-rata planet iki karo srengéngé ± 778,3 yuta km. Jupiter iku planet paling gede lan abot, diametere 14.980 km lan duwe massa 318 ping massa bumi. Periode rotasi planet iki ± 9,8 jam, lan periode evolusi planet iki 11,86 taun.
Ing permukaan planet iki ana bintik abang raksasa. Atmosfer Jupiter ketata saking unsur-unsur hidrogen (H), helium (He), metana (CH4), lan amonia (NH3). Suhu ing permukaan planet iki antara -140oC nganti 21oC. Pada kaliyan planet liyane, Jupiter ketata saking unsur-unsur wesi lan unsur abot liyane. Jupiter duwe 63 satelit, antarané Io, Europa, Ganymede, Callisto (Galilean moons).
Jupiter biasané dadi objek paling cetha lan cerah ping papat ing langit (bar srengéngé, wulan lan Venus).
| Tata Surya |
|---|
| Planet: Merkurius | Venus | Bumi | Mars | Yupiter | Saturnus | Uranus | Neptunus |
| Planet cilik: Ceres | Pluto | Eris |
| Liyane: Srengéngé | Satelit | Asteroid | Komet | Sabuk kuiper | Awan oort |
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.