Pamanasan global

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Temperatur rata-rata global 1850 nganti 2006 relatif marang taun 1961–1990
Anomali temperatur permukaan rata-rata jroning periode 1995 nganti 2004 dibandhingaké temperatur rata-rata wiwit 1940 nganti 1980

Pamanasan global kuwi anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, segara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis ningkat 0.74 ± 0.18 °C (1.33 ± 0.32 °F) jroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sebagéyan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping-20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsentrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, klebu kabèh akademi sains nasional saka negara-negara G8. Ananging, isih sisa sawetara èlmuwan sing ora setuju karo sawetara kesimpulan sing diandharaké déning IPCC kasebut. Modhèl iklim sing didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu permukaan global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim sing béda-béda. Senadyan sebagéyan gedhé panelitèn munjer marang periode nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu segara dikira-kira bakal terus lumaku sajroning luwih saka sèwu taun senadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka segara.

Mundhaké suhu global dikira-kira bakal nyebabaké owah-owahan liya kayadéné mundhaké lumahing banyu segara, mundhaké intensitas fenomena cuaca sing ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global sing liya yakuwi kapengaruhané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé werna-werna jinis kéwan. Sawetara bab-bab sing isih dadi ranguné para èlmuwan yakuwi ngenani gunggung pamanasan sing dikira-kira bakal kedadéyan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan sing dumadi kasebut bakal bervariasi saka siji dhaerah menyang dhaerah liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan sing kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adaptasi marang konsekwensi-konsekwensi sing ana. Sebagéyan gedhé pamarintahan negara-negara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, sing ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.

Panyebab pemanasan global[sunting | sunting sumber]

Èfèk omah kaca[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Èfèk omah kaca

Sakabèhé sumber energi sing sisa ing Bumi asalé saka srengéngé. Sebagéyan gedhé energi kasebut jroning wangun radiasi gelombang pèndhèk, klebu cahya sing kasat mata. Nalika energi iki ngenani lumahing bumi, banjur owah saka cahya dadi panas sing ngangetaké bumi. Lumahing bumi, bakal nyerep sebagéyan panas lan mantulaké sisané. Sebagéyan saka panas iki minangka radiasi infra merah gelombang panjang menyang angkasa. Nanging sebagéyan panas tetep kaperangkap ing atmosfer bumi akibat numpuké gas omah kaca antara liya uwap banyu, karbon dioksida, lan metana sing dadi perangkap gelombang radiasi iki. Gas-gas iki nyerep lan mantulaké manèh radiasi gelombang sing dipancaraké bumi lan akibaté panas kasebut bakal kasimpen ing lumahing bumi. Bab iki kadadéyan makaping kaping lan ngakibataké suhu rata-rata taunan bumi terus mundhak. Gas-gas kasebut duwé fungsi kayadéné fungsi kaca ing omah kaca. Kanthi tansaya mundhaké konsentrasi gas-gas iki ing atmosfer, saya akèh panas sing kaperangkap ing sangisoré. Sakbeneré, èfèk omah kaca iki dibutuhaké banget déning kabèh makhluk urip sing ana ing bumi, amarga tanpa kuwi, planet iki bakal dadi adhem banget. Kanthi suhu hawa rata-rata 15 °C (59 °F), bumi sakbeneré wis luwih panas 33 °C (59 °F) kanthi anané èfèk omah kaca[3] (tanpa èfèk mau suhu bumi mung -18 °C saéngga ès bakal nutupi kabèh lumahing bumi). Ananging suwaliké, akibat gunggungé gas-gas kasebut wis kaluwihan ing atmosfer, pamanasan global dadi akibaté.

Èfèk umpan balik[sunting | sunting sumber]

Èfèk-èfèk saka agen panyebab pamanasan global uga dipengaruhi déning werna-werna prosès umpan balik sing dikasilaké. Minangka conto yakuwi ing panguwapan banyu. Ing kasus pamanasan akibat tambahé gas-gas omah kaca kaya CO2, pamanasan sakawit bakal nyebabaké luwih akèhé banyu sing nguwap menyang atmosfer. Amarga uwap banyu dhéwé minangka gas omah kaca, pamanasan bakal terus lumaku lan nambah gunggungé uwap banyu ing udhara nganti kagayuh sawijining kasetimbangan konsentrasi uwap banyu. Èfèk omah kaca sing dikasilaké luwih akèh yèn dibandhingaké akibat gas CO2 dhéwé. (Senadyan umpan balik iki ningkataké kandhutan banyu absolut ing udhara, kelembaban relatif udhara amèh konstan utawa malah rada mudhun awit udhara dadi luwih anget).[4] Umpan balik ini hanya dapat dibalikkan secara perlahan-lahan karena CO2 memiliki usia yang panjang di atmosfer.

Èfèk-èfèk umpan balik saka pengaruh méga lagi dadi obyèk panelitèn wektu iki. Yèn dideleng saka ngisor, méga uatawa awan bakal mantulaké radiasi infra abang balik menyang bumi, saéngga bakal ngundhakaké èfèk pamanasan. Suwaliké yèn dideleng saka ndhuwur, awan kasebut bakal mantulaké sinar srengéngé lan radiasi infra abang menyang angkasa, saéngga ningkataké èfèk prosès dadi adhem. Apa èfèk netto-né pamanasan utawa saya adhem gumantung marang sawetara detail-detail tinamtu kaya tipe lan dhuwuré awan kasebut. Detail-detail iki angèl direpresentasèkaké jroning modhèl iklim, antara liya amarga awan cilik banget yèn dibandhingaké karo let antara wates-wates komputasional jroning modhèl iklim (watara 125 nganti 500 km kanggo modhèl sing digunakaké jroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat). Senadyan mangkono, umpan balik awan dumunung ana ing peringkat loro yèn dibandhingaké karo umpan balik uwap banyu lan dianggae positif (nambah pamanasan) jroning kabèh modhèl sing digunakaké jroning Laporan Pandhangan IPCC ka Papat.[4]

Umpan balik wigati liyané yakuwi ilangé kamampuan mantulaké cahya (albedo) déning ès.[5] Nalika suhu hawa global mundhak, ès sing ana ing cedhak kutub mencair kanthi kacepetan sing terus ningkat. Bebarengan karo melelehé ès kasebut, dharatan utawa banyu ing ngisoré bakal kabuka. Dharatan utawa banyu nduwèni kamampuan mantulaké cahya luwih sethithik yèn dibandhingaké karo ès, lan akibaté bakal nyerep luwih akèh radiasi srengéngé. Bab iki bakal nambah pamanasan lan nyebabaké luwih akèh manèh ès sing mencair, dadi sawijining siklus sing sambung-sinambung. Umpan balik positif akibat uculé CO2 lan CH4 saka prosès dadi empuké tanah beku (permafrost) kuwi mekanisme liyané sing mènèhi kontribusi marang pamanasan. Saliyané kuwi, ès sing melèlèh uga bakal nguculaké CH4 sing uga nimbulaké umpan balik positif. Kamampuan segara kanggo nyerep karbon uga bakal suda yèn banyuné tansaya anget, bab iki diakibataké déning mudhuné tingkat nutrien ing zona mesopelagic saéngga mbatesi tuwuhing diatom saka fitoplankton sing dadi penyerap karbon sing rendah .[6]

Variasi Srengéngé[sunting | sunting sumber]

Variasi Matahari jroning 30 taun pungkasan.
Artikel utama: Variasi Srengéngé

Ana hipotésa sing nyatakaké yèn variasi saka Srengéngé, dengan kamungkinan dikuwataké déning umpan balik saka awan, bisa mènèhi kontribusi dalam pamanasan wektu iki.[7] Béda antara mekanisme iki karo pamanasan akibat èfèk omah kaca yakuwi mundhaké aktivitas Srengéngé bakal manasaké stratosfer suwaliké èfèk omah kaca bakal ngadhemaké stratosfer. Pendinginan stratosfer bagéyan bawah saora-orané wis diamati wiwit taun 1960,[8] sing ora bakal kadadéyan yèn aktivitas Srengéngé dadi kontributor utama pamanasan wektu iki. (Panipisan lapisan ozon uga bisa mènèhi èfèk pendinginan kasebut ananging penipisan kasebut kadadéyan wiwit pungkasan taun 1970-an.) Fenomena variasi Srengéngé dikombinasèkaké karo aktivitas gunung geni manawa wis mènèhi èfèk pamanasan saka masa pra-industri nganti taun 1950, sarta èfèk pendinginan wiwit taun 1950.[9][10]

Ana sawetara kasil panelitèn sing nyatakaké yèn kontribusi Srengéngé manawa wis dilirwakaké jroning pamanasan global. Loro èlmuwan saka Duke University ngira-ira yèn Srengéngé manawa wis mènèhi kontribusi terhadap 45-50% paningkatan suhu hawa rata-rata global selama periode 1900-2000, lan sekitar 25-35% antara taun 1980 lan 2000.[11] Stott lan kancané ngandharaké yèn modhèl iklim sing didadèkaké pedoman wektu iki membuat estimasi berlebihan terhadap èfèk gas-gas omah kaca dibandhingaké karo pengaruh Srengéngé; dhèwèké uga mratélakaké yèn èfèk pendinginan saka debu vulkanik lan aerosol sulfat uga wis dipanlang remeh.[12] Senadyan mangkono, dhèwèké nyimpulaké yèn kanthi ningkataké sensitivitas iklim marang pengaruh Srengéngé, sebagéyan gedhé pamanasan sing kadadéyan ing dékadé-dékadé pungkasan iki disebabaké déning gas-gas omah kaca. Ing taun 2006, sawijining tim èlmuwan saka Amérika Sarékat, Jerman lan Swiss nyatakaké yèn ora nemokaké anané paningkatan tingkat "keterangan" saka Srengéngé ing sèwu taun pungkasan iki. Siklus Srengéngé mung mènèhi paningkatan cilik watara 0,07% jroning tingkat "keterangan"né jroning 30 taun pungkasan. Èfèk iki cilik banget kanggo mènèhi kontribusi marang pamanasan global.[13][14] Sawijining panelitèn déning Lockwood lan Fröhlich nemokaké yèn ora ana hubungan antara pamanasan global karo variasi Srengéngé wiwit taun 1985, liwat variasi saka output Srengéngé utawa variasi jroning sinar kosmis.[15]

Ngukur pamanasan global[sunting | sunting sumber]

Kasil pangukuran konsentrasi CO2 ing Mauna Loa

Ing wiwitan taun 1896, para èlmuwan nganggep yèn ngobong bahan bakar fosil bakal ngowahi komposisi atmosfer lan bisa ningkataké suhu hawa rata-rata global. Hipotesis iki dikonfirmasi taun 1957 nalika para paneliti sing bekerja ing program panelitèn global yaitu International Geophysical Year, njupuk sampel atmosfer saka puncak gunung Mauna Loa ing Hawai. Kasil pangukurané nuduhaké anané paningkatan konsentrasi karbon dioksida ing atmosfer. Sawisé kuwi, komposisi saka atmosfer terus diukur kanthi teliti. Data-data sing dikumpulaké nuduhaké yèn memang terjadi paningkatan konsentrasi saka gas-gas omah kaca di atmosfer. Para èlmuwan uga wis suwé nduga yèn iklim global tansaya tambah anget, nanging ora kuwawa mènèhi bukti-bukti sing premana. Suhu hawa terus bervariasi lan saka lokasi sing siji menyang lokasi liyané. Perlu mataun-taun pangamatan iklim kanggo ngéntukaké data-data sing nuduhaké anané kacendherungan (trend) sing jelas. Cathetan ing pungkasan taun 1980-an rada nuduhaké kacenderungan iki, ananging data statistik iki mung sethithik lan ora bisa dipercaya. Stasiun cuaca wiwitané, dumunung cedhak karo dhaérah kutha saéngga pangukuran suhu hawa bakal dipengaruhi déning panas sing dipancaraké déning bangunan lan kendharaan lan uga panas sing disimpen déning material bangunan lan dalan. Wiwit taun 1957, data-data dijupuk saka stasiun cuaca sing dipercaya (dumunung adoh saka kutha), sarta saka satelit. Data-data iki mènèhi pangukuran sing luwih akurat, utamané ing 70 persèn lumahing planèt sing katutup segara. Data-data sing luwih akurat iki nuduhaké yèn kacenderungan tambah angeté lumahing Bumi bener-bener kadadéyan. Yèn dideleng ing pungkasan abad ka-20, kacathet yèn sepuluh taun paling anget sajroning satus taun pungkasan kadadéyan sawisé taun 1980, lan telung taun paling panas kadadéyan sawisé taun 1990, kanthi taun 1998 minangka taun kang paling panas. Jroning laporan sing diwetokaké taun 2001, Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn suhu hawa udhara global wis ningkat 0,6 derajat Celsius (1 derajat Fahrenheit) wiwit 1861. Panel setuju yèn pamanasan kasebut utamané disebabaké déning aktifitas manungsa sing nambah gas-gas omah kaca menyang atmosfer. IPCC mrédhiksi paningkatan suhu hawa rata-rata global bakal ningkat 1.1 nganti 6.4 °C (2.0 nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100. IPCC panel uga mènèhi pepènget, yèn senadyan konsentrasi gas ing atmosfer ora nambah manèh wiwit taun 2100, iklim tetep terus nambah anget sajroning periode tinamtu akibat emisi sing wis diculaké sadurungé. Karbon dioksida bakal tetep ana ing atmosfer jroning satus taun utawa luwih sadurungé alam mampu nyerep manèh. Yèn emisi gas omah kaca terus ningkat, para ahli mrédhiksi, konsèntrasi karbondioksioda ing atmosfer bisa ningkat nganti tikel telu ing wiwitan abad ka-22 yèn dibandhingaké masa sadurungé era industri. Akibaté, bakal kadadéyan owah-owahan iklim sacara dramatis. Senadyan sakbeneré prastawa owah-owahan iklim iki wis dumadi bola-bali sadawaning sajarah Bumi, manungsa bakal ngadhepi masalah iki kanthi résiko populasi sing paling gedhé.

Modhèl iklim[sunting | sunting sumber]

Pètungan pamanasan global ing taun 2001 saka sawetara modhèl iklim adhedhasar skénario SRES A2, sing ngasumsèkaké ora ana tindhakan sing dilakoni kanggo ngurangi emisi.
Artikel utama: Modhèl iklim global

Para èlmuwan wis nyinaoni pamanasan global adhedhasar modhèl-modhèl komputer adhedhasar prinsip-prinsip dasar dinamikan fluida, transfer radiasi, lan proses-proses liyané, kanthi sawetara penyederhanaan disebabaké anané wates kamampuan komputer. Modhèl-modhèl iki mrédhiksi yèn panambahan gas-gas omah kaca nduwèni èfèk marang iklim sing luwih anget.[16] Senadyan digunakaké asumsi-asumsi sing padha marang konsentrasi gas omah kaca ing mangsa ngarep, sensitivitas iklimé isih bakal dumunung ana sawijining rentang tinamtu. Kanthi nglebokaké unsur-unsur ketidakpastian marang konsentrasi gas omah kaca lan pemodhèlan iklim, IPCC ngira-ira pamanasan watara 1.1 °C nganti 6.4 °C (2.0 °F nganti 11.5 °F) antara taun 1990 lan 2100.[1] Modhèl-modhèl iklim uga digunakaké kanggo nyelidhiki panyebab-panyebab owah-owahan iklim sing kadadéyan wektu iki kanthi mbandhingaké owah-owahan sing ka-amati karo kasil predhiksi modhèl saka werna-werna panyebab, alami utawa aktivitas manungsa. Modhèl iklim wektu iki ngasilaké kamèmperan sing cukup apik karo owah-owahan suhu hawa global kasil pangamatan jroning satus taun pungkasan, ananging ora mensimulasi kabèh aspek iklim.[17] Modhèl-modhèl iki ora sacara pasti nyatakaké yèn pamanasan sing dumadi antara taun 1910 nganti 1945 disebabaké déning proses alami utawa aktivitas manungsa; ananging; nuduhaké yèn pamanasan wiwit taun 1975 didominasi déning emisi gas-gas sing dikasilaké manungsa. Sebagéyan gedhé modhèl-modhèl iklim, nalika ngitung iklim ing mangsa ngarep, dilakukan berdasarkan skenario-skenario gas omah kaca, biasanya saka Laporan Khusus marang Skenario Emisi (Special Report on Emissions Scenarios / SRES) IPCC. Sing jarang dilakukan, modhèl ngitung dengan menambahkan simulasi marang siklus karbon; sing biasanya menghasilkan umpan balik sing positif, walaupun responnya isih belum pasti (kanggo skenario A2 SRES, respon bervariasi antara penambahan 20 lan 200 ppm CO2). Sawetara studi-studi uga nuduhaké sawetara umpan balik positif.[18][19][20]

Pengaruh awan uga merupakan salah satu sumber sing menimbulkan keorapastian marang modhèl-modhèl sing dihasilkan wektu iki, walaupun saiki wis ana kemajuan dalam menyelesaikan masalah iki. [21] Wektu iki uga terjadi diskusi-diskusi sing isih berlanjut ngenani apakah modhèl-modhèl iklim mengesampingkan èfèk-èfèk umpan balik lan tak langsung saka variasi Srengéngé.

Dampak pamanasan global[sunting | sunting sumber]

Para èlmuwan menggunakan modhèl komputer saka suhu hawa, pola presipitasi, lan sirkulasi atmosfer kanggo mempelajari pamanasan global. Berdasarkan modhèl kasebut, para èlmuwan wis membuat sawetara prakiraan ngenani dampak pamanasan global marang cuaca, tinggi permukaan air laut, pantai, pertanian, kehidupan hewan liar lan kesehatan manungsa.

Cuaca[sunting | sunting sumber]

Para èlmuwan memperkirakan yèn selama pamanasan global, daerah bagian Utara saka belahan Bumi Utara (Northern Hemisphere) bakal memanas luwih saka daerah-daerah lain di Bumi. Akibatnya, gunung-gunung ès bakal mencair lan daratan bakal mengecil. Bakal luwih sedikit ès sing ngambang ing tlatah Lor kasebut. Daerah-daerah sing sadurungé mengalami salju ringan, manawa ora bakal mengalaminya lagi. Ing pegunungan di daerah subtropis, bagian sing ditutupi salju bakal tansaya sedikit serta bakal luwih cepat mencair. Musim tanam bakal luwih panjang di sawetara area. Suhu hawa ing musim dingin lan malam hari bakal cenderung kanggo ningkat. Daerah anget bakal dadi luwih lembab amarga luwih akèh air sing nguwap saka lautan. Para èlmuwan belum begitu yakin apakah kelembaban kasebut malah bakal ningkataké atau menurunkan pamanasan sing luwih jauh lagi. Bab iki disebabkan amarga uap air merupakan gas omah kaca, saéngga keberadaannya bakal ningkataké èfèk insulasi ing atmosfer. Aananging, uap air sing luwih akèh uga bakal membentuk awan sing luwih akèh, saéngga bakal mantulaké cahaya srengéngé kembali ke angkasa luar, di mana bab iki bakal menurunkan proses pamanasan (lihat siklus air). Kelembaban sing dhuwur bakal ningkataké curah udan, sacara rata-rata, watara 1 persen kanggo saben derajat Fahrenheit pamanasan. (Curah udan ing saindhenging donya wis ningkat 1 persen jroning satus taun pungkasan iki)[22]. Badai bakal dadi luwih sering. Saliyané kuwi, air bakal luwih cepat nguwap saka tanah. Akibatnya sawetara daerah bakal dadi luwih kering saka sadurungé. Angin bakal bertiup luwih kencang lan manawa dengan pola sing berbeda. Topan badai (hurricane) sing memperdéning kekuatannya saka penguapan air, bakal dadi luwih besar. Berlawanan dengan pamanasan sing terjadi, sawetara periode sing sangat dingin manawa bakal terjadi. Pola cuaca dadi ora terprediksi lan luwih ekstrim.

Dhuwuré lumahing segara[sunting | sunting sumber]

Owah-owahan dhuwur rata-rata lumahing segara diukur saka dhaérah kanthi lingkungan kang stabil sacara geologi.

Nalika atmosfer menghangat, lapisan permukaan lautan uga bakal menghangat, saéngga volumenya bakal membesar lan menaikkan tinggi permukaan laut. Pamanasan uga bakal mencairkan akèh ès di kutub, utamané sekitar Greenland, sing luwih memperbanyak volume air di laut. Tinggi muka laut di seluruh dunia wis ningkat 10 - 25 cm (4 - 10 inchi) selama abad ke-20, lan para èlmuwan IPCC memprediksi paningkatan luwih lanjut 9 - 88 cm (4 - 35 inchi) ing abad ke-21. Owah-owahan dhuwuring banyu segara bakal mengaruhi banget kauripan ing dhaerah pantai. Mundhaking banyu 100 cm (40 inchi) bakal ngèremaké 6 persen dhaérah Walanda, 17,5 persen dhaérah Bangladesh, lan akèh pulo-pulo. Erosi saka tebing, pantai, lan bukit pasir bakal ningkat. Nalika dhuwuré segara ngancik lumahing sungapan kali, banjir akibat banyu pasang bakal ningkat ing dharatan. Negara-negara sugih bakal ngentèkaké dhuwit sing akèh banget kanggo nglindhungi dhaerah pantainé, déné negara-negara mlarat manawa mung bisa evakuasi saka dhaérah pantai. Bahkan mundhakingn banyu segara bakal mengaruhi ekosistem pantai. Mundhaking banyu 50 cm (20 inchi) bakal ngèremaké separo saka rawa-rawa pantai ing Amérika Sarékat. Rawa-rawa anyar uga bakal kawangun, ananging ora ing area kutha lan dhaérah sing wis dibangun. Mundhaké banyu segara iki bakal nutupi sebagéyan gedhé Florida Everglades.

Tetanèn[sunting | sunting sumber]

Wong-wong manawa nganggep yèn Bumi sing anget bakal ngasilaké luwih akèh pangan saka sadurungé, ananging bab iki sakbeneré ora padha ing sawetara panggonan. Bagéyan kidul Kanada, minangka conto, manawa bakal éntuk kauntungan saka luwih dhuwuré curah udan lan luwih suwéné mangsa tandur. Suwaliké, lahan tetanèn tropis sing rada cengkar ing sawetara bagéyan Afrika manawa ora bisa tuwuh. Daerah tetanèn gurun sing migunakaké banyu irigasi saka gunung-gunung sing adoh bisa mendherita yèn snowpack (kumpulan salju) musim adhem berfungsi minangka reservoir alami, bakal nyair sadurungé puncak mangsa tandur. Tanduran pangan lan alas bisa ngalami serangan ama lan penyakit sing luwih hébat.

Kéwan lan tetanduran[sunting | sunting sumber]

Kéwan lan tetanduran dadi makhluk urip sing angèl uwal saka èfèk pamanasan iki amarga sebagéyan gedhé lahan wis dikuwasani manungsa. Jroning pamanasan global, kéwan cenderung nglakoni migrasi menyang kutub utawa menyang dhuwur pagunungan. Tuwuhan bakal ngowahi arah patuwuhané, golèk dhaérah anyar amarga habitat lawasé dadi panas. Ananging, pembangunan manungsa bakal ngalang-alangi papindahan iki. Spesies-spesies sing migrasi ngalor utawa ngidul sing kalangan déning kutha-kutha utawa lahan-lahan tetanèn manawa bakal mati. Sawetara tipe spesies sing ora mampu sacara cepet pindah panggonan nuju kutub manawa uga bakal musna.

Kaséhatan manungsa[sunting | sunting sumber]

Ing donya sing anget, para èlmuwan mredhiksi yèn luwih akèh wong sing kena penyakit utawa mati amarga stress panas. Wabah penyakit sing biasa ditemokaké ing dhaérah tropis, kaya penyakit sing diakibataké lemut lan kéwan sing nggawa penyakit liyané, bakal tansaya ngambra-ambra amarga kéwan mau bisa rpindah menyang dhaérah sing sadurungé krasa adhem. Wektu iki, 45 persen pedunung donya manggon ing dhaérah sing akèh lemuté saéngga bisa dicakot lemut sing nggawa parasit malaria; persentase iku bakal ningkat dadi 60 persen yèn suhu hawa ningkat. Penyakit-penyakit tropis liyané uga bisa nyebar kaya malaria, demam dengue, demam kuning, lan encephalitis. Para èlmuwan uga mredhiksi mundhaké insiden alergi lan penyakit nafas amarga hawa sing luwih anget bakal nambah polutan, spora mold lan serbuk sari

Perdebatan tentang pemanasan global[sunting | sunting sumber]

Ora kabèh èlmuwan setuju bab keadaan lan akibat saka pamanasan global. Sawetara pengamat isih mempertanyakan apakah suhu hawa benar-benar ningkat. Sing liyané mengakui perubahan sing wis terjadi tetapi tetap membantah yèn isih terlalu diki kanggo membuat prediksi bab keadaan ing mangsa ngarep. Kritikan kaya iki uga bisa membantah bukti-bukti sing nuduhaké kontribusi manungsa marang pamanasan global dengan berargumen yèn siklus alami bisa uga ningkatkan suhu hawa. Mereka uga nuduhaké fakta-fakta yèn pamanasan berkelanjutan bisa menguntungkan di sawetara daerah. Para èlmuwan sing mempertanyakan pamanasan global cenderung nuduhaké tiga perbedaan sing isih dipertanyakan antara prediksi modhèl pamanasan global dengan perilaku sebenarnya sing terjadi marang iklim. Pertama, pamanasan cenderung berhenti selama tiga dekade ing pertengahan abad ke-20; bahkan ana masa pendinginan sebelum naik kembali ing taun 1970-an. Kedua, jumlah total pamanasan selama abad ke-20 mung separuh saka sing diprediksi déning modhèl. Ketiga, troposfer, lapisan atmosfer terendah, ora memanas secepat prediksi modhèl. Ananging, pendukung anané pamanasan global yakin bisa menjawab dua saka tiga pertanyaan kasebut. Kurangnya pamanasan ing pertengahan abad disebabkan déning besarnya polusi udara sing menyebarkan partikulat-partikulat, utamané sulfat, ke atmosfer. Partikulat iki, uga dikenal minangka aerosol, mantulaké sebagéyan sinar srengéngé kembali ke angkasa luar. Pamanasan berkelanjutan akhirnya ngatasi èfèk iki, sebagéyan lagi amarga anané kontrol marang polusi sing menyebabkan udara dadi luwih bersih. Keadaan pamanasan global wiwit 1900 sing ternyata ora kaya sing diprediksi disebabkan penyerapan panas secara besar déning lautan. Para èlmuwan wis lama memprediksi bab iki tetapi ora nduwèni cukup data kanggo membuktikannya. Ing taun 2000, U.S. National Oceanic and Atmospheric Admikistration (NOAA) mènèhi hasil analisa baru bab suhu hawa air sing diukur déning para pengamat di seluruh dunia selama 50 taun pungkasan. Hasil pengukuran kasebut memperlihatkan anané kecenderungan pamanasan: suhu hawa laut dunia ing taun 1998 luwih tinggi 0,2 derajat Celsius (0,3 derajat Fahrenheit) saka suhu hawa rata-rata 50 taun pungkasan, ana sedikit perubahan tetapi cukup berarti .[22]

Pitakonan katelu isih mbingungaké. Satelit ndetèksi luwih sethithik pamanasan ing troposfer dibandhingaké predhiksi modhèl. Miturut sawetara kritikus, data atmosfer kasebut bener, déné pangukuran atmosfer saka lumahing bumi ora bisa dipercaya. Ing sasi Januari 2000, sawijining panel sing ditunjuk déning National Academy of Sciences kanggo mbahas bab iki ngakoni yèn pamanasan lumahing bumi ora bisa diragukan manèh. Ananging, pangukuran troposfer sing luwih endhèk saka prediksi modhèl ora bisa dijelasaké sacara jelas.

Pengendalian pemanasan global[sunting | sunting sumber]

Konsumsi total bahan bakar fosil ing donya ningkat kanthi 1 persen per-taun. Langkah-langkah sing dilakokaké utawa sing lagi dadi diskusi wektu iki ora ana sing bisa nyegah pamanasan global ing mangsa ngarep. Tantangan sing ana wektu iki yakuwi ngatasi èfèk sing timbul sinambi nglkokaké langkah-langkah kanggo nyegah tansaya owahé iklim ing mangsa ngarep. Karusakan sing parah bisa diatasi kanthi werna-werna cara. Dhaérah pantai bisa dilindhungi nganggo tanggul kanggo nyegah mlebuné banyu segara. Cara liyané, pamerintah bisa mbantu populasi ing pantai kanggo pindah menyang dhaérah sing luwih dhuwur. Sawetara negara, kaya Amérika Sarékat, bisa nylametaké tuwuhan lan kéwan kanthi tetep njaga koridor (jalur) habitaté, ngosongaké tanah sing durung dibangun saka kidul mengalor. Spesies-spesies bisa sacara alon-alon pindah sadawaning koridor iki kanggo nuju menyang habitat sing luwih adhem. Ana loro pendekatan utama kanggo ngerèm tansaya tambahé gas omah kaca. Sepisan, nyegah karbon dioksida diculké menyang atmosfer kanthi nyimpen gas kasebut utawa komponen karbon-né ing panggonan liya. Cara iki disebut carbon sequestration (ngilangaké karbon). Kaloro, ngurangi prodhuksi gas omah kaca.

Ngilangaké karbon[sunting | sunting sumber]

Cara sing paling gampang kanggo ngilangaké karbon dioksida ing udhara yakuwi kanthi miara wit-witan lan nandur tuwuhan luwih akèh manèh. Wit-witan, utamané sing anom lan cepet tuwuh, nyerep karbon dioksida sing akèh banget, mecah liwat fotosintesis, lan nyimpen karbon jroning kayuné. Ing saindhenging donya, tingkat perambahan alas wis ngancik level sing mutawatiri. Ing sakèhing wilayah, tanduran sing tuwuh manêh sithik banget amarga lemah kèlangan kasuburané nalika diowahi kanggo kagunan sing liya, kaya kanggo lahan tetanèn utawa pembangunan omah. Langkah kanggo ngatasi bab iki yakuwi kanthi reboisasi sing duwé peran jroning ngurangi tansaya tambahé gas omah kaca. Gas karbon dioksida uga bisa diilangaké sacara langsung. Carané kanthi nyuntikaké (nginjèksi) gas kasebut menyang sumur-sumur lenga kanggo nyurung supaya lenga bumi metu saka jero lemah (delengen Enhanced Oil Recovery). Injeksi uga bisa dilakokaké kanggo ngisolasi gas iki ing jero lemah kaya jroning sumur lenga, lapisan batubara utawa aquifer. Bab iki wis dilakokaké ing salah siji anjungan pangeboran lepas pantai Norwegia, yakuwi karbon dioksida sing kagawa menyang permukaan bebarengan karo gas alam dicekel lan disuntikaké manèh menyang aquifer saéngga ora bisa bali menyang permukaan. Salah siji sumber panyumbang karbon dioksida yakuwi pembakaran bahan bakar fosil. Panggunaan bahan bakar fosil miwiti ningkat pesat wiwit revolusi industri ing abad ka-18. Ing wektu kuwi, batubara dadi sumber energi dominan kanggo sabanjuré diganti déning lenga patra ing tengah abad ka-19. Ing abad ka-20, energi gas wiwit biasa digunakaké ing donya minangka sumber energi. Owah-owahan trèn panggunaan bahan bakar fosil iki sakbeneré sacara ora langsung wis ngurangi jumlah karbon dioksida sing diculké menyang udhara, amarga gas nglepasaké karbon dioksida luwih sethithik tinimbang lenga, apamanèh yèn dibandhingaké karo batubara. Senadyan mangkono, panggunaan energi kang bisa dinyaraké lan energi nuklir luwih ngurangi palepasan karbon dioksida menyang udhara. Energi nuklir, senadyan kontroversial amarga alasan kaslametan lan limbahé sing mbebayani, malah ora ngeculké karbon dioksida babar pisan.

Pasetujon internasional[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Protokol Kyoto

Kerjasama internasional diperlokaké kanggo nyuksèsaké pangurangan gas-gas omah kaca. Ing taun 1992, jroning Earth Summit di Rio de Janeiro, Brasil, 150 negara ngucapaké ikrar kanggo ngadhepi masalah gas omah kaca lan setuju kanggo nerjemahaké ancas iki jroning sawijining prajanjèn sing ngiket. Ing taun 1997 ing Jepang, 160 negara ngrumusaké pasetujon sing luwih kuwat sing dikenal minangka Protokol Kyoto. Prajanjèn iki, sing durung diimplementasèkaké, nyeru marang 38 negara-negara indhustri sing duwé persentase paling gedhé jroning bab ngeculaké gas-gas omah kaca supaya ngurangi emisi nganti tekan tingkat 5 persen sangisoré emisi taun 1990. Pangurangan iki kudu bisa digayuh paling ora taun 2012. Wiwitané, Amérika Sarékat ngajokaké dhiri kanggo nglakoni pamotongan sing luwih ambisius, njanjèkaké pangurangan emisi nganti 7 persen sangisoré tingkat taun 1990; Uni Eropah, sing kepingin prajanjèn sing luwih keras, nduwé komitmen 8 persen; lan Jepang 6 persen. Sisa 122 negara liyané, sebagéyan gedhé negara berkembang, ora dijaluk kanggo mènèhi komitmen jroning pangurangan emisi gas. Ananging, ing taun 2001, Presidhèn Amérika Sarékat sing nyar, George W. Bush ngumumaké yèn prajanjèn kanggo pangurangan karbon dioksida kasebut perlu béa sing gedhé banget. Dhèwèké uga sélak yèn nyatakaké yèn negara-negara berkembang ora dibebani persyaratan pangurangan karbon dioksida iki. Kyoto Protokol ora ana pengaruhé apa-apa yèn negara-negara indhustri sing tanggung jawab nyumbang 55 persèn emisi gas omah kaca ing taun 1990 ora ngratifikasi. Persyaratan iku kasil dipenuhi nalika taun 2004, Presidhèn Rusia Vladimir Putin ngratifikasi prajanjèn iki, mènèhi dalan kanggo lumakuné prajanjèn iki wiwit 16 Februari 2005. Akèh wong sing ngritik Protokol Kyoto kurang kuwat. Malah yèn prajanjèn iki dilaksanakaké cepet-cepet lumaku, mung bakal ngurangi sethithik panambahan konsentrasi gas-gas omah kaca ing atmosfer. Sawijining tindhakan sing keras bakal diperlokaké mengkoné, utamané amarga negara-negara berkembang sing dikecualèkaké saka prajanjèn iki bakal ngasilaké separuh saka emisi gas omah kaca ing 2035. Penentang protokol iki nduwèni posisi sing kuwat banget. Penolakan marang prajanjèn iki ing Amérika Sarékat utamané diandharaké déning industri lenga, indhustri batubara lan perusahaan-perusahaan liyané sing produksinya tergantung marang bahan bakar fosil. Para penentang iki ngeklaim yèn biaya ekonomi sing diperlokaké kanggo melaksanakan Protokol Kyoto bisa ngancik 300 milyar dollar AS, utamané disebabkan déning biaya energi. Suwaliké pendhukung Protokol Kyoto percaya yèn biaya sing diperlokaké mung sebesar 88 milyar dollar AS lan bisa luwih kurang lagi serta dibalèkaké dalam bentuk penghematan uang sawisé ngowahi ke peralatan, kendaraan, lan proses industri sing luwih effisien. Ing sawijining negara kanthi kawicaksanan lingkungan sing ketat, ekonominé bisa terus tuwuh senadyan werna-werna polusi wis dikurangi. Ananging mbatesi emisi karbon dioksida kabukti angèl dilakoni. Minangka conto, Walanda, negara industrialis gedhé sing uga pelopor lingkungan, wis kasil ngatasi werna-werna polusi nanging gagal kanggo nggayuh target jroning ngurangi produksi karbon dioksida. Sawisé taun 1997, para perwakilan saka penandatangan Protokol Kyoto bertemu secara reguler kanggo negoisasii isu-isu sing durung rampung kaya paugeran, metode lan pinalti sing wajib diterapaké ing saben negara kanggo ngerèm emisi gas omah kaca. Para negoisator ngrancang sistem yèn sawijining negara sing nduwèni program ngresiki hawa sing sukses bisa njupuk kauntungan kanthi ngedol hak polusi sing ora digunakan menyang negara liya. Sistem iki diarani perdagangan karbon. Minangka conto, negara sing angèl ningkataké kasilé, kayadéné Walanda, bisa tuku krèdhit polusi ing pasar, sing bisa dituku kanthi béya sing luwih murah. Rusia, minangka negara sing éntuk kauntungan yèn sistem iki ditrapakaké. Ing taun 1990, ekonomi Rusia payah banget lan emisi gas omah kacané dhuwur banget. Amarga sabanjuré Rusia kasil motong emisiné luwih saka 5 persèn sangisoré tingkat 1990, Rusia ana ing posisi kanggo ngedol krèdhit emisi menyang negara-negara industri liyané, utamané sing ana ing Uni Eropah.

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c "Summary for Policymakers" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 05-02-2007. http://www.ipcc.ch/SPM2feb07.pdf. Retrieved 02-02-2007.
  2. ^ NASA: Global Warming to Cause More Severe Tornadoes, Storms, Fox News, August 31, 2007.
  3. ^ Intergovernmental Panel on Climate Change Fourth Assessment Report. Chapter 1: Historical overview of climate change science.
  4. ^ a b Soden, Brian J.; Held, Isacc M. (01-11-2005). "An Assessment of Climate Feedbacks in Coupled Ocean-Atmosphere Models" (PDF). Journal of Climate 19 (14): 3354-3360. http://www.gfdl.noaa.gov/reference/bibliography/2006/bjs0601.pdf. Retrieved 21-04-2007. "Interestingly, the true feedback is consistently weaker than the constant relative humidity value, implying a small but robust reduction in relative humidity in all models on average" "clouds appear to provide a positive feedback in all models"
  5. ^ Stocker, Thomas F.; et al. (20-01-2001). "7.5.2 Sea Ice". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. http://www.grida.no/climate/ipcc_tar/wg1/295.htm. Retrieved 11-02-2007.
  6. ^ Buesseler, K.O., C.H. Lamborg, P.W. Boyd, P.J. Lam, T.W. Trull, R.R. Bidigare, J.K.B. Bishop, K.L. Casciotti, F. Dehairs, M. Elskens, M. Honda, D.M. Karl, D.A. Siegel, M.W. Silver, D.K. Steinberg, J. Valdes, B. Van Mooy, S. Wilson. (2007) "Revisiting carbon flux through the ocean's twilight zone." Science 316: 567-570.
  7. ^ Marsh, Nigel; Henrik, Svensmark (November 2000). "Cosmic Rays, Clouds, and Climate" (PDF). Space Science Reviews 94 (1-2): 215-230. doi:10.1023/A:1026723423896. http://www.dsri.dk/~hsv/SSR_Paper.pdf. Retrieved 17-04-2007.
  8. ^ "Climate Change 2001:Working Group I: The Scientific Basis (Fig. 2.12)". 2001. http://www.grida.no/climate/ipcc_tar/wg1/fig2-12.htm. Retrieved 08-05-2007.
  9. ^ Hegerl, Gabriele C.; et al. (07-05-2007). "Understanding and Attributing Climate Change" (PDF). Climate Change 2007: The Physical Science Basis. Contribution of Working Group I to the Fourth Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. pp. 690. http://www.ipcc.ch/pdf/assessment-report/ar4/wg1/ar4-wg1-chapter9.pdf. Retrieved 20-05-2007. "Recent estimates (Figure 9.9) indicate a relatively small combined effect of natural forcings on the global mean temperature evolution of the seconds half of the 20th century, with a small net cooling from the combined effects of solar and volcanic forcings"
  10. ^ Ammann, Caspar; et al. (06-04-2007). "Solar influence on climate during the past millennium: Results from ransient simulations with the NCAR Climate Simulation Model". Proceedings of the National Academy of Sciences of the United States of America 104 (10): 3713-3718. http://www.pnas.org/cgi/reprint/104/10/3713. "However, because of a lack of interactive ozone, the model cannot fully simulate features discussed in (44)." "While the NH temperatures of the high-scaled experiment are often colder than the lower bound from proxy data, the modeled decadal-scale NH surface temperature for the medium-scaled case falls within the uncertainty range of the available temperature reconstructions. The medium-scaled simulation also broadly reproduces the main features seen in the proxy records." "Without anthropogenic forcing, the 20th century warming is small. The simulations with only natural forcing components included yield an early 20th century peak warming of ≈0.2 °C (≈1950 AD), which is reduced to about half by the end of the century because of increased volcanism."
  11. ^ Scafetta, Nicola; West, Bruce J. (09-03-2006). "Phenomenological solar contribution to the 1900-2000 global surface warming" (PDF). Geophysical Research Letters 33 (5). doi:10.1029/2005GL025539. L05708. http://www.fel.duke.edu/~scafetta/pdf/2005GL025539.pdf. Retrieved 08-05-2007.
  12. ^ Stott, Peter A.; et al. (03-12-2003). "Do Models Underestimate the Solar Contribution to Recent Climate Change?". Journal of Climate 16 (24): 4079-4093. doi:10.1175/1520-0442(2003)016%3C4079:DMUTSC%3E2.0.CO;2. http://climate.envsci.rutgers.edu/pdf/StottEtAl.pdf. Retrieved 16-04-2007.
  13. ^ Foukal, Peter; et al. (14-09-2006). "Variations in solar luminosity and their effect on the Earth's climate.". Nature. http://www.nature.com/nature/journal/v443/n7108/abs/nature05072.html. Retrieved 16-04-2007.
  14. ^ "Changes in Solar Brightness Too Weak to Explain Global Warming". National Center for Atmospheric Research. 14-09-2006. http://www.ucar.edu/news/releases/2006/brightness.shtml#. Retrieved 13-07-2007.
  15. ^ Lockwood, Mike; Claus Fröhlich. "Recent oppositely directed trends in solar climate forcings and the global mean surface air temperature". Proceedings of the Royal Society A. doi:10.1098/rspa.2007.1880. http://www.pubs.royalsoc.ac.uk/media/proceedings_a/rspa20071880.pdf. Retrieved 21-07-2007. "Our results show that the observed rapid rise in global mean temperatures seen after 1985 cannot be ascribed to solar variability, whichever of the mechanisms is invoked and no matter how much the solar variation is amplified."
  16. ^ Hansen, James (2000). "Climatic Change: Understanding Global Warming". One World: The Health & Survival of the Human Species in the 21st Century. Health Press. http://books.google.com/books?id=sx6DFr8rbpIC&dq=robert+lanza&printsec=frontcover&source=web&ots=S7MXYzoDqR&sig=jfUo33FtVZ3PSUS2fcc_EtawEnQ. Retrieved 2007-08-18.
  17. ^ "Summary for Policymakers". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. 20-01-2001]]. http://www.grida.no/climate/ipcc_tar/wg1/007.htm. Retrieved 28-04-2007.
  18. ^ Torn, Margaret; Harte, John (26-05-2006). "Missing feedbacks, asymmetric uncertainties, and the underestimation of future warming". Geophysical Research Letters 33 (10). L10703. http://www.agu.org/pubs/crossref/2006/2005GL025540.shtml. Retrieved 04-03-2007.
  19. ^ Harte, John; et al. (30-10-2006). "Shifts in plant dominance control carbon-cycle responses to experimental warming and widespread drought". Environmental Research Letters 1 (1). 014001. http://www.iop.org/EJ/article/1748-9326/1/1/014001/erl6_1_014001.html. Retrieved 02-05-2007.
  20. ^ Scheffer, Marten; et al. (26-05-2006]]). "Positive feedback between global warming and atmospheric CO2 concentration inferred from past climate change.". Geophysical Research Letters 33. doi:10.1029/2005gl025044. http://www.pik-potsdam.de/~victor/recent/scheffer_etal_T_CO2_GRL_in_press.pdf. Retrieved 04-05-2007.
  21. ^ Stocker, Thomas F.; et al. (20-01-2001). "7.2.2 Cloud Processes and Feedbacks". Climate Change 2001: The Scientific Basis. Contribution of Working Group I to the Third Assessment Report of the Intergovernmental Panel on Climate Change. Intergovernmental Panel on Climate Change. http://www.grida.no/climate/ipcc_tar/wg1/271.htm. Retrieved 04-03-2007.
  22. ^ a b Hart, John. "Global Warming." Microsoft® Encarta® 2006 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation, 2005.

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pamanasan_global&oldid=820606"