Namaksin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Namaksin

Namaksin (나막신) yaiku jinis sepatu tradisional kas Koréa kang digawé saka kayu, kanggo njaga sikil saka banyu udan lan lumpur.[1][2] Namaksin wis dipigunakaké kawit jaman tengahan Dinasti Joseon (abad 16-17) adhedhasar bukti-bukti kang wis ditemokaké, senajan sabeneré isih suwé manèh.[1] Sepatu iki dipigunakaké déning masarakat Koréa ing mangsa mau lan biyasané dipigunakaké ing mangsa rendheng.[1]

Wiwitané, namaksin mung digawé saka kethokan kayu kang ditali, nanging suwéning suwé dadi sepatu kang dipadhakaké karo ukuran sikil.[1] Bagéan dhasaré kadhang-kadhang dilapisi wesi supaya awèt.[1] Ing bagéan ngisor ana sawijining hak kang langsung diukir nyawiji karo sepatu.[1] Jinis namaksin saka Pulo Jeju dianggep paling apik amarga digawé saka bahan ayu paulonia.[1] Uga ana namaksin kang dilapisi lilin tawon kanggo nyegah mlethèk.[1]

Delengen uga [sunting]

Referensi [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. pp. 138-139. ISBN 89-8546-98-1.
  2. ^ (en)Traditional Korean clothes, epik.go.kr. Diaksès tanggal 12 Juni 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Namaksin&oldid=831865"