Nacho
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Nacho [1][2]iku salah siji panganan kang asale saka Meksiko. Ing wujud kang paling sedherhana, nacho iku dimadi saka criping tortilla kang diwenehi keju cair. Pisanan karipta ing taun 1943 dening Ignacio "Nacho" Anaya, nachos pisanan dumadi saka criping tortilla goreng kang diwenehi karo keju cair lan ditawuri karo lombok jalapeño (lombok ijo gedhe saka Meksiko).
Saiki nacho duweni akeh macem-maceme kanthi tetep nganggo criping tortilla minangka bahan dhasare. Akeh banget jinise masakan, janganan, buah utawa saos kang dicampurake nalika dhahar nacho. Pirang-pirang bahan kang padatan dadi bahan campuran ing Nacho yaiku:
- daging sapi/pitik kang dicincang
- potongan lombok jalapeño
- macem-macem lombok utawa mrica Meksiko
- bawang bombay
- salsa (saos saka potongan tomat, bawang bombay, lombok, bawang, lan godhong cilantro)
- guacamole (saos saka alpukat)
- kacang abang kang dimasak kaping pindho (ala Meksiko)
- sour cream (krim awarna putih kang rasane kecut)
- potongan tomat lan/utawa godhong selada.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ (Basa Inggris)online.wjs.com The Search for the Perfect Nacho (kaundhuh tanggal 14 Agustus 2011)
- ^ (Basa Inggris)tacobell.com Nacho (kaundhuh tanggal 24 Agustus 2011)