Molière

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Jean-Baptiste Poquelin
Molière - Nicolas Mignard (1658).jpg
Lukisan Molière karya Nicolas Mignard
Jeneng samaran Molière
Lair 15 Januari 1622
Paris, Prancis
Séda 17 Februari 1673
Paris, Prancis
Pagawéan Dramawan
Kabangsan Prancis
Mangsa panulisan 1645-1673
Genres Komedi
Kulawarga Armande Béjart
Pasangan Madeleine Béjart
Pangaruh marang Commedia dell'arte

Jean-Baptiste Poquelin, ugi kawéntar minangka nama panggung Molière [1] ,(lair ing Paris, Prancis, 15 Januari 1622 – tilar donya ing Paris, Prancis, 17 Februari 1673 kanthi umur51 taun)[2][3] [4] inggih menika satunggaling dramawan lan aktor Perancis ingkang dipunwastani minangka salah satunggaling empu komèdi wonten ing kasusastraan Kulon [4].[5] Sapérangan saking karya Molière ingkang kondhang inggih menika Le Misanthrope, (The Misanthrope), L'Ecole des femmes (The School for Wives), Tartuffe ou l'Imposteur, (Tartuffe or the Hypocrite), L'Avare ou l'École du mensonge (The Miser), Le Malade imaginaire (The Imaginary Invalid), lan Le Bourgeois Gentilhomme (The Bourgeois Gentleman).

Molière menika asalipun saking kulawarga ingkang tansah cekap lan naté sekolah wonten ing Jesuit Clermont College (samenika Lycée Louis-le-Grand), Molière menika panci tiyang ingkang trep kanggé nggarap babagan teater. Pengalaman kanthi dangu tigawelas taun minangka aktor mubeng ndadosaken keprigelan anggènipun ing donyaning komedi nalika piyambakipun ugi wiwit nyerat, nggabungaken unsur-unsur Commedia dell'Arte kalihan komèdi Prancis ingkang langkung inggil.[6]

Lantaran pambiyantu sapérangan aristokrat kalebet adhi kandung Louis XIV, Molière medal wonten ing pagelaran ingkang dipuntanggap déning sang Raja ing Louvre [7]. Nglakonaken satunggaling drama klasik karya Pierre Corneille lan satunggaling ''farce'' karyanipun piyambak, Le Docteur amoureux (The Doctor in Love), Molière pikantuk ngginakaken ruang Salle du Petit-Bourbon ing Louvre, satunggaling aula kanggé manéka pagelaran teater. Lajeng, Molière pikantuk ngginakaken Palais-Royal. Ing kalih papan kasebut piyambakipun pikantuk sambutan saking para warga Paris kanthi drama-drama kadosta Les Précieuses ridicules [1] (The Affected Ladies), L'École des maris (The School for Husbands) lan L'École des femmes (The School for Wives). Saénipun pihak astana menika lajeng medalaken dana pensiun kanggé kelompokipun lan gelar "Troupe du Roi" (Kelompok Teater Raja). Molière lajeng nyambut damel minangka panyerat resmi kanggé adicara hiburan astana.[8]

Sanajan Molière menika dipunremeni déning pihak astana lan warga Paris, satir-satir karya Molière menika mancing kritik saking kaum moralis lan pihak Gereja. Tartuffe ou l'Imposteur (Tartuffe or the Hypocrite)[9] lan seranganipun marang kamunafikan religius tansah pikantuk kecaman saking pihak Gereja [10] déné Don Juan dipunpenging pentas. Upayanipun Molière ing manéka bab lan profesi ing donyaning teater wiwit nganggu kasarasanipun lan ing taun 1667, Molière kedah ngaso saking donyaning panggung. Ing taun 1673 nalika méntasaken karya pungkasanipun Le Malade imaginaire (The Imaginary Invalid), Molière, ingkang gerah TBC paru-paru, ujug-ujug watuk tanpa mandeg nalika meranaken dados Argan ingkang gerah hipokondria [11]. Piyambakipun ngrampungaken pagelaran kasebut ananging banjur semaput lan tilar donya [12]. Nalika gesangipun wonten ing Paris, Molière saestu damel reformasi Prancis.[13]

Pagesangan[sunting | sunting sumber]

Molière

Putra saking ahli dékorasi interior (tapissier) Jean Poquelin, keturunan satunggaling kulawarga ageng penyadé saking Beauvais lan Marie Cressé, putri saking satunggaling kulawarga borjuis, Jean Baptiste Poquelin kélangan ibunipun nalika umur 10 taun [14] lan katingalipun boten celak kalihan bapakipun. Bibar ibunipun séda, piyambakipun manggèn kalihan bapakipun wonten ing nginggilipun Pavillion de Singes di rue Saint-Honoré ing satunggaling wewengkon èlit Paris. Prakiraan paling ageng menika pendidikanipun kawiwitan ing sekolah omahan ing Paris; lajeng piyambakipun ketampi wonten ing Jesuit College de Clermont ingkang bergengsi. Wonten ing mriku piyambakipun ngrampungaken sekolahipun ing lingkungan akademis ingkang ketat lan kaku [15].

Nalika umur 18 taun Jean Poquelin sampun ngatur supados putranipun marisi gelaripun ("Tapissier ordinaire de la chambre du Roi") ingkang sampun piyambakipun tumbas saking asil saking nyambut damel wonten ing proyek pawiyaran ruang-ruang astana ingkang dipunprakarsai déning Richelieu. Gelar kasebut namung mbetahaken nyambut damel 3 wulan lan ongkos wiwitan 1200 livre; gelar kasebut kanthi gaji 300 livre setaun lan lan maringi sapérangan kontrak ingkang mbathèni. Poquelin enèm ugi naté ngangsu kawruh minangka pengacara propinsi nalika taun 1642[16], ing Orléans, ananging boten dipunsebataken menapa piyambakipun lulus menapa boten. Kala menika piyambakipun ndhèrèk menapa gegayuhan bapakipun. Piyambakipun naté srawung kalihan kalangan ningrat lan kadosipun pakaryan ingkang saé sampun samekta, masa ngajeng ingkang saé kanggé priyantun enèm kanthi umur 20 ing Prancis abad kaping 17. Lajeng Molière dados boten remen malih kalihan gegayuhan bapakipun. Nalika umur 21 taun piyambakipun langkung milih nyambut damel ing donyaning panggung. Ing wulan Juni 1643 piyambakipun nilaraken kedudukan sosial lan rencana kulawarga kanggé masa ngajengipun lajeng ing donyaning teater [16]. Bibar nilaraken bapakipun, piyambakipun gabung kalihan Madeleine Béjart ingkang ayu ingkang naté dipunkenal lajeng damel L'Illustre Théâtre mawi béaya 630 livre. Sedhèrèk-sedhèrèk boten dangu lajeng ugi gabung.

Kelompok teater ingkang nembé jumeneng kasebut bangkrut ing taun 1645[15] [16]. Molière sampun dados pimpinan kelompok kasebut, amargi sapérangan kesagedan akting lan pendidikan hukumipun. Ananging kelompok kasebut gadhah utang ingkang ageng [16], sapérangan ageng kanggé béaya nyéwa papan pagelaran (satunggaling lapangan tenis kanggé Jeu de Paume) saéngga gadhah utang 2000 livre. Para ahli sejarah kathah ingkang bènten pamanggihipun babagan sinten ingkang nglunasi utang kasebut, bapakipun utawi pacar saking salah satunggal anggota kelompok kasebut ; ingkang kedah dipuncathet menika bibar 24 mlebet penjara, Molière aktif malih wonten ing donyaning seni peran. Kala menika Molière wiwit ngginakaken pseudonim (nama samaran) Molière, menika saged ugi kainspirasi déning satunggaling désa alit kanthi nama sami ing wewengkon Prancis Kidul ingkang celak kalihan Le Vigan. Prakiraan piyambakipun ngewahi namanipun kanggé njagi namanipun sang bapak saking isin amargi gadhah satunggaling aktor ing kulawarganipun (profesi aktor, sanajan boten dipunanggep andhap déning negara ing masa pamaréntahan Louis XIV[16] , tasih kenging dipunkubur ing pamakaman umum).

Bibar sampun bebas saking penjara, Molière lan Madeleine ngawontenaken pagelaran teater mubengi propinsi. Pagesangan ingkang kados mekaten kelampahan kirang langkung 12 taun, wiwitanipun Molière namung dolanan Charles Dufresne lajeng damel kelompokipun piyambak ingkang sukses lan pikantuk dukungan saking rayi kandhung Raja, Philippe d'Orléans. Wonten sapérangan karya ingkang tasih wonten ing masa samenika ingkang dipundokumentasiaken déning La Grange. Ingkang paling patut menika L'Etourdi lan Le docteur amoureux. Kanthi kalih karya menika Molière lajeng nilaraken pengaruh Commedia dell'arte Italia kanthi gaya improvisasi ingkang sampun mlebet ing karyanipun ingkang wiwitan lan nedahaken kapinteran anggènipun ngolok-olok ingkang samangké dados andelanipun. Wonten ing lelampahan piyambakipun kepanggih kalihan Pangeran Conti, gubernur Languedoc ingkang dados panyokongipun lan maringi nama kelompokipun kanthi nama sang Pangeran. Kekancan menika lajeng kapungkasan, nalika Conti bibar kénging sifilis (kasil saking nelasaken dalu kalihan pelacur, sanès kalihan gundikipun) gadhah upaya nyelakaken piyambakipun kalihan agami supados énggal waras saking penyakitipun. Conti ngangkat satunggaling penasihat keagaaman, trep kalihan kebiasaan ing zaman kasebut ingkang menging piyambakipun srawung lan nyokong aktor kanggé gabung kalihan mungsuh-mungsuh Molière wonten ing Parti des Dévots lan Compagnie de Saint Sacrement [17].

Ing Lyon, Mademoiselle Duparc ingkang dipunmangertosi minangka Marquise gabung kalihan kelompok Molière. Kala menika Marquise terus dipuncelaki kanthi sia-sia déning Pierre Corneille lajeng dados pasangan Jean Racine. Racine nawekaken karya tragedinipun Théagène et Chariclée dhateng Molière (satunggal saking sapérangan karya wiwitan ingkang dipunserat Racine bibar nilaraken studi teologi), ananging Molière boten purun mentasaken, sanajan piyambakipun nguyak Racine supados tansah nguyak kariripun. Boten dangu bibar menika Molière dukha marang Racine nalika dipunmangertosi bilih Racine kanthi ndelik-ndelik sampun ngandharaken karya tragedinipun dhateng kelompok teater Hôtel de Bourgogne [18].

Dugi ing Paris[sunting | sunting sumber]

Molière kepeksa dugi ing Paris kanthi bertahap, manggèn wonten ing njawi pinten minggu kanggé ngakrabaken piyambakipun kalihan kaum ingkang terpandang lan nengga supados reputasinipun nyebar ing Paris. Molière dugi ing Paris nalika taun 1658 lan péntas wonten ing ngajengipun Raja ing Louvre (rumiyin dipunséwakaken minangka papan pagelaran) wonten ing karya tragèdi Corneille kanthi irah-irahan Nicomède lan wonten ing satunggaling farce kanthi irah-irahan Le docteur amoureux (The Doctor in Love) lajeng suksès. Piyambakipun pikantuk gelar Troupe de Monsieur (Monsieur ingkang dipunmaksud menika rayi kandhung Raja) lan kanthi pambiyantu saking Monsieur, kelompokipun gabung ing satunggaling kelompok Commedia dell'arte kondhang saking Italia. Piyambakipun dados kondhang sanget ing kelompokipun, Petit-Bourbon, lan ing tanggal 18 Nopember 1659, piyambakipun méntasaken pagelaran perdana Les Précieuses Ridicules (The Affected Young Ladies)[15] [17].

Les Précieuses Ridicules menika ingkang kapisan saking sapérangan karya Molière anggènipun damel satir ngèngingi tumindak lan éthok-éthok tartamtu wonten ing masarakat ingkang kathah kedadosan ing Prancis. Kalangan wiyar nampi panyaruwé bilih alur saking cariyos menika adhedhasar Le Cercle des Femmes karya Samuel Chappuzeau saking taun 1656. Molière intinipun nyindir Académie Française, satunggaling 'organisasi' ingkang dipundamel déning Richelieu kanggé ngorganisir lan damel klasifikasi paugeran-paugeran kanggé donyaning téater Prancis ingkang nembé mekar, lan dipunaturaken supados sedaya gadhah kaseragaman wekdal lan tumindak, gaya bersajak. Molière asring dipungayutaken kalihan andharan bilih komèdi menika castigat ridendo mores utawi "ngritik adat-istiadat ngginakaken humor" satunggaling pocapan ingkang sejatosipun dipundamel déning tiyang ingkang gesang setunggal masa kalihan Molière, Jean de Santeuil lan kadang kala dipunwastani minangka peribahasa Latin lawas.

Pucuking kamasyhuran[sunting | sunting sumber]

Patung the Hôtel de Ville of Paris

Sanajan remenipun menika marang tragedi ingkang sampun piyambakipun cobi majengaken lantaran Illustre Theatre, Molière dados kondhang amargi karya-karya farce-nipun, ingkang padatanipun kaperang dados setunggal babak lan dipunpentasaken bibar drama tragedi. Saperangan saking drama farce menika namung sebageyan ingkang sinerat lan dipunpentasaken ngginakaken gaya Commedia dell'arte mawi improvisasi ingkang dipunlampahi adhedhasar canovaccio (garis besar carita). Piyambakipun ugi nyerat kalih komedi mawi sajak, ananging karya-karya kasebut boten patia sukses lan dipunwastani boten patia penting. Ing salajengipun Molière konsentrasi nyerat komedi musikal, dene pageleran drama dipunbarengi kalihan tetembangan lan tarian utawi gabungan saking kalih kasebut.

Les Précieuses ridicules paring Molière kawigatosan lan panyaruwé saking kathah tiyang, ananging karya kasebut kirang kondhang. Piyambakpun lajeng nyuwun marang kanca saking Italia Tiberio Fiorelli ingkang kondhang amargi karyanipun Scaramouche, supados mulang tèknik-tèknik Commedia dell'arte. Karyanipun ing taun 1660 Sganarelle, ou le Cocu Imaginaire (The Imaginary Cuckold) kadosipun kalebet pakurmatan kanggé Commedia dell'arte lan kanggé gurunipun[16]. Tema hubungan perkawinan wonten ing naskah kasebut ndramatisir pamikiran Molière babagan kapalsunan ingkang dipunkandhut ingkang hubunganipun antar manungsa. Pamikiran menika katingal wonten ing karya-karya salajengipun lan dados sumber ilham kagem para panyerat bibaripun kalebet (saking bidang sanès lan kanthi akibat ingkang bènten) Luigi Pirandello[16]. Karya menika nggambaraken satunggaling kucing-kucingan kaih pasangan ingkang saben pasangan rumaos dipunkhianati déning pasangan ingkang setunggalipun lan kalebet ingkang kapisan wonten ing 'Jealousy series' (cariyos merinan) karya Molière ingkang kalebet wonten ing jeronipun Dom Garcie de Navarre (boten sukses), L'École de Maris lan L'École des femmes [16].

Ing tahun 1661 supados damel remenipun ingkang nyokong, Monsieur ingkang saèstu remen ing donyaning hiburan lan seni saéngga kasingkir saking masalah negara, Molière nyerat lan mentasaken Dom Garcie de Navarre, ou le Prince Jaloux (The Jealous Prince), satunggaling komedi heroik ingkang kailhami satunggaling karya Cicognini. Kalih koemdi sanèsipun ing taun ingkang sami menika L'École des Maris [16] (The School for Husbands) ingkang sukses sanget Les Fâcheux, mawi sub-judul Comédie faite pour les divertissements du Roi (komedi kanggé remenipun Raja) amargi dipunpéntasaken wonten ing pesta ingkang dipunwontenaken déning Nicolas Fouquet kanggé paring pakurmatan marang sang panguwaos [19]. Adicara hiburan menika damel Jean-Baptiste Colbert nuntut supados Fouquet dipuncekel amargi nelasaken artanipun masarakat lan piyambakipun kaumur seumur uripipun.

Nalika taun 1662 Molière pindhah dhateng Théâtre du Palais-Royal[16] tasih kalihan kanca-kancanipun saking Italia lajeng krama kalihan Armande, ingkang piyambakipun dipunanggep dados rayi kandungipun Madeleine. Ananging prakiraan Armande menika mbok menawa kputri haram Madeleine saking hubunganipun kalihan Duc of Modène. Wonten ing taun ingkang sami piyambakipun méntasaken L'École des Femmes (The School for Wives)[20] ingkang langsung dipunsebat minangka satunggaling adhikarya [20]. Drama menika nyindir babagan pendidikan minim ingkang dipunparingaken marang putri-putri saking kulawarga ingkang sugih lan nedahaken gesangipun Molière piyambak [20]. Karya kasebut lan pagesangan anggènipun omah-omah menika pikantuk kathah kecaman. Péntas kasebut medalaken protès ingkang dipunwastani "Quarrel of L'École des femmes." Saking sisih artistik Molière nanggepi kanthi kalih karya ingkang boten patos kondhang: La Critique de "l'École des Femmes", wonten ing mriku piyambakipun mbayangaken para pamirsa karya-karya sadèrèngipun rawuh ing mriku. Pérangan menika kadosipun mbetahaken andharan : karya menika nyindir tiyang ingkang sampun ngritik L'Ecole des Femmes kanthi cara nedahaken ing dalu bibar mirsani pagelaran kasebut; karya menika mangsuli sedaya kritik ingkang naté dipunandharaken babagan paméntasan kasebut kanthi cara nyajèkaken arguman para pangritik lajeng dipunwangsuli[20]. Menika ingkang dipunwastani Guerre Comique (Perang Komedi) déné pihak oposisi menika kaisi déning panyerat-panyerat kados Donneau de Visé, Edmé Boursault, lan Montfleury [20].

Ananging lawan ingkang langkung tememen menika nembé dipundhapuk, kanthi pusat marang pamikiran politik lan pagesangan pribadhi Molière. Satunggaling kelompok kanthi nama parti des Dévots medal ing kalangan inggil Prancis ingkang mrotes "realisme sastra" lan boten sopanipun Molière ingkang kebangeten amargi damel isin pihak tartamtu. Tiyang-tiyang kasebut nuduh krama kalihan putrinipun piyambak. Pangéran Conti, ingkang rumiyin menika kanca raketipun Molière, gabung ing kelompok menika. Molière ugi gadhah mungsuh sanès ing antawisipun para Jansenist lan sapérangan panyerat tradisional. Ananging Raja nedahaken kasetyanipun marang Molière, kanthi maringi dana pensiun lan ugi sarujuk dados bapak baptis putra kapisan Molière. Boileau ugi ndukung lantaran andharan-andharan ingkang piyambakipun lebetaken ing Art Poétique karyanipun.

Kekancanan antawisipun Molière kalihan Jean Baptiste Lully paring pengaruh kanggé nyerat Le Mariage Forcé lan La Princesse d'Élide kanthi sub-judul Comédie galante mêlée de musique et d'entrées de ballet (komedi mawi semangat campur musik lan sajian balet), kaserat minangka "divertissements" (hiburan) astana ing Versailles. Le Tartuffe, ou L'Imposteur ugi dipunpentasaken ing Versailles nalika taun 1664 lan damel skandal paling ageng wonten ing karier seni Molière [21]. Panggambaran wonten ing naskah kasebut babagan kamunafikan golongan ingkang gadhah kuwaos dipunwastani minangka penghinaan [22]lan dados debat. Naskah menika ugi ngemu dhukanipun kaum Jansenist lajeng drama kasebut dipunpenging péntas.

Moliére tansah ngatos-atos supados boten nyerang institusi monarki lan kuwaosing Gereja. Piyambakipun pikantuk kalenggahan minangka salah satunggal tiyang ingkang dipunremeni déning Raja. Konon, sang Raja paring pamrayogi supados mbatalaken pamentasan Tartuffe, lan sang dramawan kanthi cepet nyerat Don Juan, ou le Festin de Pierre minangka gantosipun. Naskah kasebut kalebet satunggaling karya ingkang anes, adhedhasar karya Tirso de Molina lan kailhambi cariyos gesangipun Giovanni Tenorio, kaserat ing prosa ingkang raosipun tasih modern dumugi samenika. Karya menika nyariyosaken satungalingateis ingkang dados munafik ing agami saengga dipunukum dening Gusti. Sang Raja, pisan malih njagi lan dados penyokong resmi kangge kelompok Molière. Kanthi musik karya Lully, Molière mentasaken L'Amour médecin (Love Doctor utawi Medical Love utawi Dokter Cinta). Sub-judul kagem paméntasan menika ngandharaken bilih karya menika dipundamel par ordre du Roi, awit saking dhawuhipun Raja, lan karya menika katampi kanthi saé tinimbang ingkang rumiyin.

Jean-Léon Gérôme nggambaraken anekdot Romantik boten mawi alesan wonten pundi Louis XIV nawekaken Molière kanggé mbagi dhaharan, wonten ing satunggaling lukisan damelan taun 1863

Nalika taun 1666, Le Misanthrope dipunpéntasaken. Karya menika dipunwastani minangka adikarya Molière ingkang radi sampurna, karya ingkang wonten kandhutan moral ananging poten patos dipunregani ing zaman kasebut. Karya menika ngewahi pandhangan Donneau de Visé, ingkang remen kalihan pagelaranaipun. Ananging kanthi komersial karya menika boten sukses, meksa Molière supados éngal-énggal nyerat Le Médecin malgré lui (The Doctor Despite Himself), satunggaling satir dhumateng ngelmu-ngelmu alam ingkang resmi. Karya menika sukses sanajan wonten pandangon moral déning Pangeran Conti, paring pandangon marang téater umumipun lan mliginipun Molière. Wonten ing sapérangan karyanipun, Molière nggambaraken dokter-dokter ing zamanipun minangka tiyang ingkang gumedhé ingkang boten pinter ngginakaken Basa Latin kanggé medalaken kesan terpelajarla namung mangertos clyster lan pendarahan minangka pangobatan ingkang boten èfèktif.

Bibar Mélicerte lan Pastorale Comique piyambakipun nyobi malih méntasaken Tartuffe nalika taun 1667 mawi irah-irahan Panulphe utawi L'imposteur. Nalika Raja nilaraken Paris kanggé lelampahan mubeng, Lamoignon lan Uskup Agung mbredel paméntasan kasebut. Raja lajeng maringi langkung kathah kalonggaran marang Tartuffe pirang taun salajengipun, bibar piyambakipun langkung gadhah kuwaos saking pihak Gereja. Molière lajeng gerah lan kirang produktivitasipun. Le Sicilien, ou l'Amour Peintre dipunserat kanggé perayaan ing Astana Saint-Germain kalajengaken ing taun 1668 dening Amphitryon ingkang elegan lan cetha kailhami dening versi Plautus ananging kanthi parumpamaan marang selingkuhing Raja. George Dandin, ou le Mari Confondu (The Confounded Husband) boten patos katampi ananging malah sukses lantaran L'Avare (The Miser) ingkang samenika kathah dipuntepangi. Sareng kalihan Lully piyambakipun ngginakaken malih musik kagem Monsieur de Pourceaugnac, kagem Les Amants Magnifiques, lan pungkasan kagem Le Bourgeois gentilhomme (The Middle Class Gentleman), satunggal malih adikaryanipun. Karya menika katujukaken kanthi langsung marang Colbert, menteri menjarakaken panyokong lawasipun, Fouquet. Kolaborasi kalihan Lully kapungkasan kanthi tragédie et ballet, Psyché dipunserat sareng kalihan Pierre Corneille lan Philippe Quinault. Ing taun 1672, Madeleine Béjart tilar donya lan sansaya nambah kasengsaran Molière amargi kélangan lan penyakitipun sansaya parah. Sanajan mekaten, piyambakipun nyerat karya sukses Les Fourberies de Scapin (Scapin's Schemings) satunggaling farce lan komedi ing 5 babak. Karya salajengipun, La Comtesse d'Escarbagnas dipunwastani minangka salah satunggal karyanipun ingkang boten patos sukses. Les Femmes savantes (The Learned Ladies) ing taun 1672 dados salah satunggaling adikarya Molière. Karya menika lair saking kabusakipun pangginaan legal unsur musik ingteater, amargi Lully sampun damel hak paten awit saking opera ing Prancis dados Molière kapeksa kondur dhateng genre tradisionalipun. Karya menika sukses lan kalajengaken ing karya pungkasanipun ingkang kathah dipunpuji déning tiyang sanès. Ing masa 14 taun manggenipun ing Paris, Molière piyambakan nyerat 31 saking 85 pagelaran ingkang dipunpéntasaken ing panggung sinambi ngatur kelompok téateripun.

Tilar donya[sunting | sunting sumber]

Makam Molière ing Le Père Lachaise Cemetery. Makam La Fontaine katingal ing wingking.

Molière gerah TBC paru-paru, prakiraan penyakit kenging penyakit kasebut nalika piyambakipun dipunpenjara amargi ngutang nalika tasih enèm. Salah satunggaling prastawa inkang paling masyur ing pagesanganipun Molière menika wekdal ingkang pungkasan ingkang lajeng dados legénda: piyambakipun boten séda ing panggung nalika méntasaken Le Malade Imaginaire (The Hypochondriac). Piyambakipun dhawah lajeng watuk lan pendarahan [11]. Raja Louis XIV nyuwun supados piyambakipun Molière ngaso ananging Molière tetep pengin ngrampungaken pagelaranipun, lajeng bibar menika Molière dhawah malih lan pendarahan saéngga séda pinten jam salajengipun ing griyanipun. Molière séda tanpa dipunparingi sakramen amargi kalih pendeta nampik dugi lan ingkang kaping 3 telat. Konon, kala menika Molière ngagem busana mawi werna ijo, lajeng medal mitos bilih werna ijo menika damel nasib ingkang awon kanggé aktor [17].

Minangka satunggaling aktor, déning ukum ing masa menika piyambakipun boten kénging dipunkubur ing pamakaman umum. Garwanipun Armande nyuwun marang Raja Louis XIV supados pikantuk ngawontenaken upacara panguburan kanthi limrah ing dalu. Raja sarujuk lan Molière dipunkubur ing wewengkon pamakaman ingkang samekta kanggé bayi-bayi ingkang dèrèng dipunbabtis. Ing sapérangan cariyos babagan sédanipun Molière, wonten langkung saking 800 tiyang ingkang dugi ing pamakaman "rahasia" Molière.[rujukan?] Ing taun 1792 jasadipun ingkang kantun dipunbeta ing muséum monumèn Prancis lan ing taun 1817 dipunpindhah dhateng Le Père Lachaise Cemetery, Paris ing celakipun makam La Fontaine.

Kritik[sunting | sunting sumber]

Sapérangan kritikus mastani Molière nyerat naskah dramanipun agé-agé lan boten njagi gaya ingkang konsistèn[23]. Para kritikus nedahaken tata basa lan parumpamaanipun ingkang asring klèntu lan pangginaan tetembungan kanggé njangkepi pacelathon.[24] [18]

Sanajan para pamikir konvensional, para pemimpin agama, lan para praktisi mèdis ing zaman Molière ngritik karyanipun, pamikiran kasebut boten saèstu nutupi kondhangipun ing kalangan umum. Dramawan lan kelompok sanès wiwit niru gaya dramatisasi ing Inggris lan ing Prancis. Karya-karya Molière tansah pikantuk tanggepan ingkang saé ing Inggris nalika abad kaping 18, ananging karya-karyanipun boten patos dipuntampi ing Pranscis. Ananging nalika masa Restorasi Prancis abad kaping 19, komèdi-komèdi Molière dados kondhang. Tiyang mawi aliran Romantik remen marang Molière lan karyanipun amargi individualisme boten umum ingkang wonten ing jeronipun. Cendekiawan abad kaping 20 tansah kearik marang pérangan kados mekaten dhateng Molière lan karyanipun sarta tansah nyinaoni bab-bab ingkang wonten gegayutan kalihan dramawan menika[25]. Kathah kritikus ingkang samenika mindhah kawigatosanipun saking dampak filosofis, religius, lan moral karya-karya komedi Molière dados studi ingkang langkung obyèktif marang teknik komedinipun.[26]

Pengaruhipun marang kabudayan Prancis[sunting | sunting sumber]

Molière dipunwastani minangka kréator komèdi modern Prancis. Kathah tembung utawi ukara ingkang dipunginakaken wonten ing karya-karya Molière tasih dipunginakaken wonten ing Basa Prancis samenika :

  • Satunggaling tartuffe menika tiyang ingkang munafik, mliginipun tiyang munafik ingkang éthok-éthok gadhah moral utawi religius.
  • Satunggaling harpagon, dipunparingi nama adhedhasar paraga utama saking The Miser, tiyang ingkang kikir sanget.
  • Patung sang Komandan (statue du Commandeur) saking Don Juan dipunginakaken minangka perumpamaan saking kategasan ingkang kaku (raide comme la statue du Commandeur).
  • Wonten ing Les Fourberies de Scapin, Babak II, Adegan 7, Géronte disuwuni arta kanggé nebus putranipun, ingkang nembé dipunsekap wonten ing kapal (galley). Piyambakipun matur, "Nembé menapa piyambakipun ing kapal menika?" ("Que diable allait-il faire dans cette galère?"). Tembung galère ("galley") dipunginakaken wonten ing Basa Prancis samenika ingkang ateges "urusan bertélé-télé lan nglarani".
  • Wonten ing Le Bourgeois Gentilhomme, paraga utaminipun M. Jourdain nggubah satunggaling layang katresnan kados mekaten: "Nyonya bangsawan ingkang ayu, matamu ingkang éndah gawé aku mati merga katresnan" ("Belle marquise, vos beaux yeux me font mourir d'amour"). Piyambakipun lajeng nyuwun guru filsafatipun kanggé nata malih ukaran kasebut ingkang dipunlampahi kanthi cara molak-malik sedaya tembung mawi manéka kombinasi ingkang wonten ("Nyonya bangsawan ingkang ayu, saking tresna," dsb.). M. Jourdain lajeng nyuwun pirsa pundi pendhapuking tembung ingkang paling saé lan gurunipun mangsuli bilih ingkang saé menika ingkang kapisan. Frase "Belle marquise..." samenika dipunginakaken kanggé nedahaken bilih kalih ukara ingkang béda gadhah teges ingkang sami.
  • Satunggaling film Prancis ingkang kanthi longgar adhedhasar pagesanganipun Molière mawi dipunbintangi déning Romain Duris, Fabrice Luchini lan Ludivine Sagnier, kanthi irah-irahanMolière [1], dipunputer ing taun 2007. Satunggaling film Prancis sanès mawi irah-irahan ingkang sami [2], sutradaranipun déning Ariane Mnouchkine lan langkung akurat anggènipun nyawijèkaken data kanthi jangkep lan menangaken Palme D'Or ing Festival Film Cannes taun 1978[27].

Dhaptar karya-karya ingkang ageng[sunting | sunting sumber]

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id) Les précieuses ridicules karya Molière, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  2. ^ a b c d (en) MOLIERE - French Dramatist, (dipunakses tanggal 11 April 2013)
  3. ^ (en) Moliere biography, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  4. ^ a b (en) Molière (Introduction), (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  5. ^ Hartnoll, p. 554. "Author of some of the finest comedies in the history of the theater." and Roy, p. 756. "...one of the theatre's greatest comic artists."
  6. ^ Roy, p. 756.
  7. ^ a b (en) Molière Biography - By Janice Paran, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  8. ^ Roy, p. 756-7.
  9. ^ (en) Last plays, (dipunakses tanggal 16 April 2013)
  10. ^ (id) Tartuffe, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  11. ^ a b (en) Molière (1622-1673) - pseudonym of JEAN BAPTISTE POQUELIN, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  12. ^ (en) Molière, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  13. ^ Roy, p. 756-7.
  14. ^ (en) Beginnings in theatre, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  15. ^ a b c (id) Moliere, (dipunakses tanggal 11 April 2013)
  16. ^ a b c d e f g h i j (en) MoliÈre Biography, (dipunakses tanggal 12 April 2013)
  17. ^ a b c d (en) Molière Facts, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  18. ^ a b c (en) MOLIÈRE AND THE CRITICS, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  19. ^ (en) Jean Baptiste Poquelin Moliere, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  20. ^ a b c d e (en) Scandals and successes, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  21. ^ (en) Harassment by the authorities, (dipunakses tanggal 16 April 2013)
  22. ^ (id) Tartuffe, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  23. ^ A Short History of the Drama. Martha Fletcher Bellinger. New York: Henry Holt & Company, 1927. pp. 178-81.http://www.theatredatabase.com/17th_century/moliere_001.html
  24. ^ A Short History of the Drama. Martha Fletcher Bellinger. New York: Henry Holt & Company, 1927. pp. 178-81.http://www.theatredatabase.com/17th_century/moliere_001.html
  25. ^ "Molière: Introduction." Drama Criticism. Ed. Linda Pavlovski, Editor. Vol. 13. Gale Group, Inc., 2001. eNotes.com. 2006. <http://www.enotes.com/drama-criticism/moliere>
  26. ^ "Molière: Introduction." Drama Criticism. Ed. Linda Pavlovski, Editor. Vol. 13. Gale Group, Inc., 2001. eNotes.com. 2006. <http://www.enotes.com/drama-criticism/moliere>
  27. ^ (en) About Moliere the Movie, (dipunakses tanggal 12 April 2013)

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Wikisource
Wikisource basa Inggris ndarbeni kaca perkawis
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Molière&oldid=884792"