Maastricht
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
|||||
| Katrangan cekak | |||||
|---|---|---|---|---|---|
| Provinsi: | Limburg | ||||
| Jembar: | 60,06 km² | ||||
| Pedunung: | 121.050 (31 December 2011) | ||||
| Situs wèb resmi: | http://www.maastricht.nl | ||||
| Pulitik | |||||
| Burgemeester (Walikutha): | Onno Hoes | ||||
Maastricht iku sawijining gemeente lan uga ibu kutha provinsi Limburg ing Walanda. Kutha iki pedunungé ana 121.050 jiwa (1 Janurai 2012) lan ambané ana 60,06 km².
Sajarah kutha Maastricht iki wis lawas banget. Kutha iki diadegaké déning bangsa Romawi ing pinggir Kali Maas in sakiwa-tengené taun 1 lan diwèhi jeneng Mosa Traiectum. Jeneng ing basa Latin iki tegesé: "papan panyabrangan kali Maas". Jeneng iki pungkasané dicekak ing basa Walanda dadi Maastricht lan dienggo nganti sepréné. Maastricht uga nduwé sawijining univèrsitas negeri sing diarani Universiteit Maastricht.
|
|||||||