Kolosus ing Rodos
36°27′04″N 28°13′40″E / 36.45111°N 28.22778°E
Kolosus menika patung saking Helios, ingnkang wonten ing pulau Rodos, Yunani, dipundamel dening Chares saking Lindos watara taun 292 kanthi 280 SM. Patung kasebat dipunanggep kaajaiban kuna ingkang wonten ing dunya. Saderengipun rusak, patung kasebut anggadhahi kainggilan luwih saking 30 meter,patung paling inggil nalika jaman samana. Kolosus ingkang wonten Rodos punika Rodos anggadahi kainggilan ingkang sami kaliyan Patung Liberty.[1] Patung kasebut saking kasil sisa perang Demetrios Poliorketes, panerus Alexander Agung nalika taun 305 SM.[2] Patung ingkang sampun misuwur punika dipundamel dening Chares saking Lindos, ingkang dipuntepang dados kesatria ingkang jaga kutha Rodhes.[3] Piyambakipun murid saking Lysippus[4] [5], saderengipun sampun nate damel patung ingkang ageng.[3] Ananging dipunlajengaken kaliyan Colosus saking Rhodes,Colosus saking Rodhes menika dipunutus dening Chares saking Lindos (dipunmilai sasampunipun 304 SM ngantos 12 taun kangge ndandosi Patung).[6] Patung ingkang awujud dewa Helios menika dipunbangun amargi ngenang kamenangan ingkang dipunrebut saking Demetrus.[3] [1] [2] Dewa Helios dewa surya saking mitologi Yunani, putranipun Titan Hyperrion kaliyan Theia, kakang saking dewa Eos (pajar) kaliyan Selene (rembulan).[7]
Bab lan Paragraf |
Pesisir Rhodos [sunting]
Pesisir Rodos ana uga ingkang nyebat pesisir punika Rhodes.[3] Kinten-kinten 11 mil sebelah kulon Turki, watara Yunani kaliyan pulau Cyprus .[7] Pesisir kasebut kadosta pusat ekonami ingkang utama wonten jaman semana.[3] Wonten tlatah Mediterania ingkang dipunembongi Laut Aegea, ibu kuthanipun inggih namanipun Rhodes ( wonten sumber sanes ingkang nyebat gerbang menika gerbang pelabuan Mandraki[8]), dibangun nalika taun 408 saderengipun masehi.[3] Nalika taun 357 sm pesisir kasebut dipunkuasani dening Mausolus saking Halicarnassus (ingkang mbangun makam kangem garwanipun), ananging dipunrebut dening Persia nalika taun 340 saderengipun masehi, ing tembe dipuntangkap dening Alexander Agung nalika taun 332 SM.[3] [1]
Deskripsi Patung Colosus [sunting]
Patung ingkang anggadhahi inggil satunggalatus sedasa meter punika jumeneng wonten tatakan ingkang inggilipun ngantos 50 kaki wonten pelabuan[6], dados gerbang kangge mlebet pelabuan Rhodos.[3] Patung kuning dewa Helios (dewa Matahari)[5] menika anggadhi maksut ( menawi dipunartosakem ngange abasa Yunani ):[3]
- boten ngagem rasukan
- ngangge mahkota ingkang kados Surya
- mbekta obor ingkang dipunbekta wonten asta tengen
- ingkang tangan kiwe nyepeng jubah wonten pundak
Menawi menapa ingkang dados tatakan saking patung punika tasih dipundebat dening para sejarawan, wonten sejarawan ingkang njlentrehaken menawi patung kasebat dipunbangun wonten inggilipun lemah ananging wonten ugi ingkang ngendika patung kasebat dipunbangun wonten inggilipun segara.[5] Wonten ugi sejarawan ingkang ngendikan, patung kasebat dipunbangun wonten inggilipun candi saking dewa Helios.[5]
Patung Colosus [sunting]
Patung menika rusak margi gempa bumi nalika taun 226 Saderengipun masehi[4] [2] [8], ambrukan saking patung punika pating kasebar wonten wewengkon Pesisir Rodos kanthi abad-abad laminipun.[3] Wonten salah satunggaling raja Mesir ingkang nawari biaya kangge rekonstruksi patung kasebut, ananging Rhodians boten ngangsali, saestunipun tiyang Mesir menika boten wantun menawi dewa Helios kasinggung bab patung menika.[3] Nalika abad kaping 7, tiyang-tiyang saking Arab ingkang dipundawuh Muawiyah [4] naklukaken Rhodes ugi mecahaken patung sisa saking Colosus kasebut dados tugelan cilik nuli dipunsade kados wesi tuwa.[3] Miturut legenda ingkang wonten, dipunbetahaken unta kangge ngangkut ngantos 900.[3] [2] Dipunbekta Syria[6], wonten sumber sanes ingkang nyebataken menawi dipunsade dhateng tiyang Yahudi wonten Edessa supados dipunginakaken kangge kaperluan liyan.[5]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (en)Kaajaiban kuna ing dunya dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b c d (en)[ Colossus Rhodes] dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b c d e f g h i j k l m (en)pitu kajaiban kuna ing dunya dipunnunduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b c (en)Patung Colosus dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b c d e (en)salah satunggaling pesona dunya dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b c (en)Colosus Rodos dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b (en)Colossus of Rhodes dipununduh tanggal 30 Mei 2011
- ^ a b (en)Patung Colossus dipununduh tanggal 30 Mei 2011
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|
