Khalil Gibran
| Khalil Gibran | |
|---|---|
| Lair | {{{birth_date}}} |
| Pagawéan | Penyair Pelukis Pemahat Penulis Filsuf Pakar teologi Seniman seni rupa |
| Kabangsan | Lebanon Amérika |
| Genres | puisi Parabel Criyos cekak |
| Literary movement | Mahjar New York Pen League |
Khalil Gibran (miyos kanthi asma Gibran Khalil Gibran, basa Arab: جبران خليل جبران, lair ing Lebanon, 6 Januari 1883 – tilar donya ing New York City, Amérika Sarékat, 10 April 1931 kanthi yuswa 48 taun) inggih menika satunggalipun seniman, penyair, lan panyerat Lebanon Amérika.[1] Panjenenganipun miyos ing Lebanon (nalika wekdal semanten mlebet wewengkon Provinsi Suriah ing Khilafah Turki Utsmani) lan dangu gesang ing negari Amérika Sarékat.[1]
Wekdal alitipun [sunting]
Khalil Gibran miyos ing Basyari, Lebanon saking kulawarga katulik-maronit.[2] Basyari piyambak kalebet wewengkon ingkang asring wonten lindhu, bledhèg, lan badhè.[2] Boten gumun menawi sampun wiwit alitipun, paningalipun Gibran sampun kulinten ningali fénoména-fénoména alam kasebat.[2] Babagan menika ingkang ing wekdal salajengipun kathah "ngisi" seratan-seratanipun.[2]
Nalika yuswanipun nembé 10 taun, kaliyan ibu lan kalih sadhèrèkipun, Gibran boyongan (pindhah) dhateng Boston, Massachusetts, Amérika Sarékat.[2] Nembé tigang taun ing Amérika Sarékat, Gibran kondur malih dhateng Beirut. Ing Beirut, Gibran sinau ing College de la Sagasse sekolah inggil Katulik-Maronit wiwit taun 1899 ngantos dumugi taun 1902.[2] Gibran tindak malih dhateng Boston nalika yuswa 19 taun.[2]