Geguritan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan Walmiki pinuju nggurit epik Ramayana.

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné geguritan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:

  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".

Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèren, amarga ora kaiket ing aturan kaya déné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan minangka karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajeroning pikirané pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basané katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané. Geguritan iku duwèni aji- aji utawa amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas. Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan énak kawaca.

  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
  • Éndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tembungane pilihan

Wujud kasusastran[besut | besut sumber]

Minurut wujudé, kasusastran iku jinisé ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakaké kateluné yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan iku awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).

Tuladha wujud geguritan[besut | besut sumber]

Yèn Rembulane Moblong, Paman[besut | besut sumber]

Déning: I. Kunpriyatno


yèn rembulané moblong, paman

aku kangen sanja menyang plataranmu

nggelar klasa sangisore wit gayam

jejadhuman karo ngematké swarané

bocah – bocah sing padha dolanan

yèn rembulané moblong, paman

aku kangen ngrungokake gumelegeré guyumu

sanadyan sawah lan tegal siji mbaka

siji ilang. Sanadyan anak lanang

milih ngumbara ing paran

suthik ngopèni lemah warisan

yèn rembulané moblong, paman

aku kangen nyeksèni marang keteguhanmu

nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi

owah – owahané jaman. Kaya watu karang

sing ora naté gigrig nantang jumlegurè

alun ing satengahé wahudayan


Penjebar Semangat, Nomor 50. 12 Dhésèmber 2009

Palaran Tegalrejo[besut | besut sumber]

Déning: Indra Tranggono


Nalika ngambah jobin pendhapa Tegalreja

Mripatku weruh jubah putih kumlebet kebak wibawa

Sang Pangeran jumeneng tanpa kedheping netra

Sereng, mencereng gawe getering nala

Bangsa penjajah wus salin rupa

Sang Pangeran tansah siyaga

Ngupaya tetep ngregem ajining dhiri

Tan lena ditlikung raseksa nggegirisi

Gamelan ing pendhapa talu

Ngregem piyandeling Sang Pangeran

Tembang palaran keprungu

Ngiring brantayuda netepi sedya

Sang Pangeran nyekar

Kumandhang kanthi swara gandhang

Netra tansah sumunar

Adeg-adeg dhiri dadi cagaking tumandang

"Perang ora mung rebutan bandha donya

Nanging uga sirah lan atining bangsa

Bokor emas kebak kidung kaslametan

Kudu dijaga saka amuking asu ajak manca negara"

Sang Pangeran ora wedi pralaya

Ora gigrig dipegat nikmat bandha donya

Tansah nyawiji, greget sengguh ora mingkuh

Nundhung angkara murka kang wengkis lan angkuh

Tembang palaran tansah kumandhang

Njebol wuwungan pendhapa, nyebar pepadhang

Langit geter!

Rasa wedi lan mindher dadi lumer


(Ngayogyakarta, Februari 2020)

Carita Wayang[besut | besut sumber]

Déning: Eko Wahyu Nugroho


Sapa kandha wayang kuwi kuna?

Yen durung ngerti lakuning crita

Wiwit jejer tekaning paripurna

Dudu amung rikala gara-gara

Rentep-rentep piwulang kagambarna

Tindak-tanduk uga tata krama

Kang bisa tansah ngrembaka

Saka isining carita kang kababar

Kababar pitutur suci tumrap dhiri

Dhiri kang tansah nguri-uri

Nguri-uri kabudayan Jawa suci

Miguna mring nagari

(Ngayogyakarta, Februari 2020)

Ngejaman[besut | besut sumber]

Déning: Purwadmadi


Jam

gumingsiré kala

dhedhongkèl mangsa lumuh cidra

sengkala tidha ngresepi dina

Jam

panjiret lena

wanciné lingsir sakèhing langsir

pasang brahala rakit walat cintraka

gèsèh gesahing lampah Sang Murwakala

Ngejaman seksi jaman

Yogya kang gumléwang ngetus ampas panandhang

kangslupan watak sabrang

awak-awak adus tirta sumuk sumeng angleng rata

nitik laku lampah cidra


(Ngayogyakarta, Februari 2020)

Wewayangan[besut | besut sumber]

Déning: Supriyadi


Panguripanmu wus ginurit

Ing gelare kelir jagad gumelar

Surya pinangka blenconge

Bumi pinangka deboge

Lelakonmu dadi gancare carita

Kang sinanggit Kang Murba Kawasa

Binabar ing pangucap lan polah tingkah

Tangis lan guyu gegen hingane

Banjur kapan babare lelakon

Sawangen polahe kayon

Jejeg miring mirong ngetan mangulon

Sabdane Hyang Manon humiring gen hing sabda kun

Ginarebeg pra widadara widadari

Mungkasi lakon sawengi iki


(Dlingo, 13 Februari 2020)

Uga delengen[besut | besut sumber]