Keris

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Keris
Keris ing Barabudhur
Tata cara nganggo keris ing budaya Jawa.

Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal gaman utawi sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanèsipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla negari.[1]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Dèrèng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa miwiti mangertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling saé utaminipun menawi hadiyah keris saking raja.[2]

Manpangat[sunting | sunting sumber]

Jaman sapunika fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kanggé tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados lambang paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kanggé lelembut.

Ricikan[sunting | sunting sumber]

Keris anggadhahi 49 bageyan. [3] Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran. [4] Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. [5]. 49 ricikan keris inggih punika:[6][7]

  1. Pesi
  2. Metuk
  3. Gonjo
  4. Greneng
  5. Rondo Nunut
  6. Buntut Cecak
  7. Punukan
  8. Dho
  9. Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
  10. Tingil
  11. Sraweyan
  12. Bungkul
  13. Janur
  14. Sogokan
  15. Poyuhan
  16. Pejetan/Blumbangan
  17. Gandik
  18. Tikel Alis
  19. Jenggot
  20. Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
  21. Jalen
  22. Lambe Gajah
  23. Pundak utawi Sumping
  24. Pudak Sa'tegal Depan
  25. Pudak Sa'tegal Belakang
  26. Adha-adha utawi Geger Sapi
  27. Lis-lisan
  28. Gusen
  29. Kruwingan utawi Gulo Milir
  30. Kruwingan Cucuk Manuk
  31. Pucukan Mbuntut Tumo
  32. Pucukan Anggabah Kopong
  33. Sogokan Sampir utawi Sinebo
  34. Bawang Sebungkul
  35. Sekar Kacang Pogok
  36. Lambe Gajah Rangkep
  37. Gonjo Wuwung
  38. Gonjo Kelap Lintah
  39. Gonjo Wilut
  40. Kanyut
  41. Wetengan Gonjo
  42. Sirah Cecak
  43. Buntut Cecak Sebit Lontar
  44. Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
  45. Buntut Cecak Nguceng Mati
  46. Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
  47. Mendhak
  48. Ukir utawi Deder
  49. Kinatah emas


Wilah[sunting | sunting sumber]

Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipunpanasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood. [8]

Warangka[sunting | sunting sumber]

Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking pérangan-pérangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kapérang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.

Hulu[sunting | sunting sumber]

Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel nganggé asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Déné peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kanggé panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking manéka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kapérang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.[9][10]

Pamor[sunting | sunting sumber]

Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu. Jinising pamor inggih punika:

Ricikan Keris [11]
No. Pamor Katrangan
01. Wos Wutah Pamor jinis punika paling kathah dipuntemokaken, wujudipun boten teratur lan umumipun kasebar ing permukaan wilah. Wonten ingkang anggadhahi pamikiran pamor punika pamor gagal, nalika empu kepengin ndamel pamor, nanging gagal. Pamikiran punika dipunbantah lan pirang-pirang empu, pamor punika estu dipunsengaja dipundamel. Pamor punika ugi dipunwastani pamor tiban. Pamor wos wutah nggadhahi tuwah ingkang sae kangge katentreman lan kaselamatan ingkang gadhah pamor punika, cukup wibawa, lan disayang tiyang ingkang wonten ing sakupengipun. Pamor punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.[11]
02. Udan Mas Pamor punika kathah dipunpadosi tiyang, utaminipun para bakul lan pangusaha. Wujudipun kados puseran utawi gelang-gelang ingkang nggadhahi lapis, paling sekedhik tigang lapis. Panggenanipun boten aturan lan wonten ingkang nyebar. Pamor punika asring berkombinasi kaliyan pamor wos wutah utawi tunggak semi. Tuwahipun pamor punika inggih punika kangge madosi rejeki. Pamor udan mas kalebet pamor ingkang boten pamilih.[11]
03. Tambal Wujude kaya goresan kuwas kang gedhé ing bidhang lukisan. Tuwahé biyasané bisa nambah kawibawaan lan bisa munggahaké kariré sing nduwé. Miturut kapitayan wong Jawa, pamor iki bisa mungghaké drajadé kang nduwé. Pamor iki kalebu pamor kang pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduwèni pamor iki.[11]
04. Kulit Semangka Wujudé arep kaya kulit semangka, tuahé kaya Sumsum Buron. Pamor jinis iki manpangaté kanggo nggampangaké dalan golèk rejeki sarta nggampangaké dhedhapukan karo sapa waé. Pamor jinis iki kalebu pamor kang ora pamilih lan cocok dianggo sapa waé.[11]
05. Gumbolo Geni Pamor jinis iki asring sinebut pamor Gumbolo Agni utawa Gumbolo Gromo. Panggonan pamor iki ana ing tengah sor-soran lan gambaré kaya kewan kala kanthi buntut kang kaya bisa ngentup. Tuwahé apik, yaiku bisa ngunggahaké wibawané kang nduwé, lan uga bisa kanggo singkir baya. Pamor Gumbolo Geni apik diduwèni dening pimpinan sipil utawa militer. Pamor jinis iki kalebu jinis pamor kang pamilih, mula ora sembarang wong bisa nduwèni pamor iki. [11]
06. Tunggak Semi Pamor tunggak semi manggon ing tengahé sor-soran. Wujudé kaya digambar saka pinggir. Pamor iki biyasané berkombinasi karo pamor wos wutah. Tuwahé pamor iki yaiku bisa nggampangaké entuk rejeki, sanajan iku sithik. Pamor jinis iki kalebu pamor pamilih, mula ora kabèh wong bisa nduweni pamor iki.[11]
07. Sekar Kopi Ing tengah wilah ana pamor kang kaya garis kandel saka sor-soran nganti pucuk wilah. Ing kiwa tengen garis kandel iki ana bunderan-bunderan kang nggrombol utawa kelompok. Sakelompoke kaperang saka loro utawa telung bunderan lan nèmpèl ing garis kandel kaya-kaya wiji kopi kang nèmpèl ing gagangé. Tuwah pamor iki bisa nglancaraké rejeki. Pamor iki kalebu jinis pamor kang ora pamilih, ananging pamor iki kalebu pamor kang langka, mula angèl ditemokaké jinis pamor iki.[11]
08. Pulo Tirto Pamor jinis punika kados pamor wos wutah, nanging namung gumpalan gambaripun kapisah radi adoh, kados wujud pulo wonten peta.Tuwahipun ugi sami kaliyan pamor wos wutah.
09. Sumsum Buron Pamor jinis punika inggih sami kaliyan pamor wos wutah, gumapalanipun ugi kapisah radi ados kadosta pamor pulo tirto nanging radi langkung ageng kaliyan langkung dados satunggal. Tuwahipun sae, inggih punika tahan gudha kaliyan gampil rejekinipun. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
10. Mlati Rinonce Wujudipun pamor puniki mirip pamor rante, ananging umumipun bunderanipun langkung alit kaliyan boten boten bolonganipun. Bunderan punika awujud puseran-puseran ingkang sami kaliyan pamor udan mas, ananging langkung ageng. Tuwahipun kangge pados rejeki kaliyan numpuk kasugihan. Kangge pargaulan ugi sae. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih lan saged dipunagem kangge sinten kemawon.[12]
11. Rante Wujudipun pamor rante kados pamor mlati rinonce, nanging bentenipun ing bunderan alit ingkang wonten kados gambar bolongan. Tuwah pamor punika kangge nampung lan ngembangaken rejeki ingkang sampun dipunangsal. Pamor punika saged ngirangi sipat boros, anging boten pelit. Pamor jinis punika cocog kangge sinten kemawon kangge sadeyan utawi usaha.
12. Adeg Pamor adeg kathak dipuntemokake. Pamor jinis punika kalebet pamor pamilih, nanging langkung kathah ingkang cocog timbang boten. Tuwahipun kangge tolak balak, kadosta guna-guna, wabah, angin ribut, banjir, lan sapanunggalane. WOnten ingkang nolak satunggal sipat, wonten saperangan sipat panolakan.
13. Mrambut Pamor punika kados pamor adeg, malahan wonten ugi ingkang nggadhahi pamikiran pamor punika dipunwastani pamor adeg-mrambut. Padhahal samesthine benten. Pamor mrambut aluripun pedhot-pedhot. Tuwahipun badhe sami kaliyan pamor adeg. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih, pramila boten sembarang tiyang saged gadhah pamor jinis punika.
14. Sekar Lampes Tuwahipun pamor sekar lampes punika mirip kaliyan pamor tumpal keli. ananging namung pamor sekar lampes umumipun ugi ngandhut tuwah ingkang saged nambah kawibawaan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih.
15. Ilining Warih Rejeki ingkang lumintu, sanadyan sekedhik nanging sekedhik mbaka sekedhik wonten terus. Tuwah sanesipun inggih punika sae kangge pargaulan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang boten pamilih, pramila cocog kangge sinten kemawon.
16. Blarak Ngirid Pamor jinis punika ugi dipunwastani pamor Blarak Sinered, ananging ugi wonten ingkang mastani pamor blarak ngirid benten kaliyan pamor blarak sinered. Tuwahipun kangge nambah kawibawaan lan sae kangge pargaulan amargi dipunsayangi kaliyan tiyang ingkang wonten ing sakupenge. Pamor blarak ngririd kalebet pamor pamilih.
17. Ron Pakis Pamor ron pakis mirip kaliyan pamor blarak ngirid, namung wonten ing bageyan pinggiripun kados sowekan. Pamor jinis punika kalebet pamor ingkang pamilih. Tuwahipun kangge kawibawaan sarta keberanian. Pamor jinis punika cocog dipuncekel dening tiyang ingkang ngasta ing militer utawi prajurit.
18. Korowelang Pamor punika ugi badhe sami kaliyan pamor blarak ngrid utawi ron pakis, ananging ronipun langkung ageng lan langkung dados satunggal. Tuwahipun ugi badhe sami kaliyan tuwah blarak ngirid, ananging manpangat pargaulanipun langkung ageng tinimbang manpangan wibawanipun. Keris kanthi pamor punika (boten sedaya) sae kangge pados rejeki. Pamor korowelang kalebet pamor ingkang pamilih.
19. Ron Genduru Wonten ingkang nyingkat rongenduru utawi mastani ron kenduru. Radi sami kaliyan ganggeng kanyut ananging susunanipun relatif langkung teratur lan rapi. Tuwahipun kangge kawibawaan lan rejeki. Sae kangge para pangusaha ingkang anggadhahi kathah anak buwah. Pamor Ron Genduru kalebet pamor ingkang pamilih.
20. Mayang Mekar Wujudipun kados ron sledri. Tuwahipun kangge nglancaraken pargaulan kaliyan dimisakakeni dening tiyang ingkang wonten ing sakipenge, Wonten ingkang anggadhahi tuwah pangasihan. Pamor Mayang mekar kalebet pamor ingkang pamilih.
21. Wiji Timun Wujudipun kados wiji timun. Pamor wiji timun badhe sami kaliyan pamor uler lulut ananging langkung alit lan lonjong. Tuwahipun kangge pados rejeki. Ugi wonten ingkang kangge kawibawaan. Pamor jinis wiji timun sae kangge bakul kaliyan pangusaha. Pamor wiji timun kalebet pamor ingkang pamilih.
22. Kenanga Ginubah Tuwahipun kangge narik prehatenipun tiyang. Tuwahipun ugi kangge pargaulan. Pamor Kenanga Ginubah kalebet pamor ingkang pamilih.
23. Walang Sinunduk Wujudipun mirip kaliyan pamor satai belalang. posisi walangipun saged miring mangiwa, kaliyan manengen. Tuwahipun kangge mengaruhi tiyang sanes. Wibawane ageng, pramila sae kangge para pamuka masyarakat, guru, pamimpin politik. Pamor Walang Sinunduk kalebet pamor pamilih.
22. Tumpal Keli Tuwahipun sae kangge pargaulan. Ugi saged nunjang karir amargi ingkang gadhah bakal disayang dhuwuranipun. Pmor Tumpal Keli kalebet jinis pamor ingkang boten pamilih.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (en)[Draeger & Smith (1969). Comprehensive Asian Fighting Arts. ISBN 978-0-87011-436-6.]
  2. ^ (en)eastjava.com Crita Majapahit
  3. ^ (id)javakeris.com Ricikan Keris
  4. ^ (id)geocities.com Ricikan Keris (2)
  5. ^ (id)goedangjadoel.com DHAPUR & RICIKAN KERIS
  6. ^ (id)sungaikuantan.com Bagian Struktur Keris Melayu
  7. ^ (id)books.google.co.id Tosan Aji Pesona Jejak Prestasi Budaya
  8. ^ (en)UNESCO Proclamation 2005: "The Indonesian Kris"
  9. ^ (id)indospiritual.com Selayang Pandang Keris
  10. ^ (id)facebook.com Bagian-Bagian Keris
  11. ^ a b c d e f g h (id)heritageofjava.com kadeleng tanggal 17 Mei 2011
  12. ^ (id)scribd.com Ensiklopedia Keris
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Keris&oldid=812195"