Kali Amur
| Kali Amur | |||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Kreteg Khabarovsk. (Note: Kreteg dirékonstruksi ing 1999.) |
|||||||
| Chinese name | |||||||
| Traditional Chinese: | 黑龍江 | ||||||
| Simplified Chinese: | 黑龙江 | ||||||
| Literal meaning: | "Kali Naga Ireng" | ||||||
|
|||||||
| Jeneng Manchu | |||||||
| Manchu: | (Sahaliyan Ula) |
||||||
| Jeneng Mongolia | |||||||
| Mongolian: | Хар Мөрөн (Khar Mörön) |
||||||
| Jeneng Rusia | |||||||
| Russian: | Амур (Amur) |
||||||
| Amur | |
|---|---|
| Dhaérah ilèn Amur | |
| Origin | Gunung-gunung ing Cina lor-wétan |
| Mouth | Samudra Pasifik, liwat Selat Tartar |
| Basin countries | Cina, Rusia, Mongolia |
| Length | 4,444 km (2,761 mi) |
| Basin area | 1,855,000 km² (716,200 mi²) |
.
Kali Amur utawa Heilong Jiang (Basa Rusia: река Аму́р) kuwi kali kang nomer 9 paling dawa ing donya, dadi tapel wates antara Rusia wétan lan Cina lor-wétan.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Ing referensi sajarah loro entitas geopolitik iki dikenal minangka Manchuria Njaba (Manchuria Rusia) lan Manchuria Njero. Provinsi Heilongjiang ing Cina dumunung ana ing sisih kidul kali lan dijenengké miturut jenengé kali iki, mangkono uga Amur Oblast, Rusia ing pereng sisih lor.
Kali Amur kuwi minangka simbol wigati banget tumrap — lan faktor geopolitik wigati ing — hubungan Cina-Rusia. Kali Amur utamané wigati jroning mangsa sawisé pamisahan politis Sino-Soviet ing taun 1960-an.
Jeneng Kali Ireng utawa Black River dipigunakaké déning wong Manchu lan Dinasti Qing kang tansah nganggep yèn kali iki panggonan kang suci.
Distrik Amuri ing Tampere uga éntuk jeneng sawisé pertempuran ing kali iki jroning perang Rusia-Jepang.
Sumber ekonomi ing dhaerah ilèn Kali Amur yakuwi: pabrik, metalurgi, tambang wesi, non-ferrous metals, emas, batubara, listrik tenaga banyu, gandum, biji wesi, kedhelé, iwak, kayu lan perdhagangan Cina-Rusia. Tambang lenga Daqing, nomer 4 ing donya, dumunung ana ing cedhak kutha Daqing ing Heilongjiang, atusan kilometer saka Kali Amur.
Anak kali [sunting]
Anak kali kang wigati yakuwi:
Kutha kang diliwati [sunting]
- Huma (Cina, pèrèng kidul)
- Blagoveshchensk (Rusia, pèrèng lor)
- Heihe (Cina, pèrèng kidul)
- Jiayin (Cina, pèrèng kidul)
- Tongjiang (Cina, pèrèng kidul)
- Fuyuan (Cina, pèrèng kidul)
- Khabarovsk (Rusia, pèrèng kidul)
- Komsomolsk-na-Amure (Rusia, pèrèng lor)
- Amursk (Rusia, pèrèng lor)
- Nikolayevsk-na-Amure (Rusia, pèrèng lor)
Delengen uga [sunting]
Pranala njaba [sunting]