Black River

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Kali Ireng utawa Black River kuwi sawijining distrik ing Mauritius bagéan kulon. Papan panggonan wigati klebu Grojogan Tamarin lan Chamarel coloured Earth. Ibukuthané yakuwi Bambous. Ibukutha sakdurungé yaiku Tamarin. Distrik Black River iki minangka distrik kang nomer telu paling gedhé ing tlatah Mauritius, nanging paling sithik pedunungé. Ing tlatah iki ndarbèni akèh alas tropis kang unik, klebu kang ditemokaké ing Black River Gorge. Sajroning mangsa anyep, wong-wong kéné padha ajag menjangan ing alas.

Jeneng Black River dijupuk saka kanyatan yèn tlatah mau distrik kang paling garing ing Pulo Mauritius, amarga udané kang arang banget yèn dibandhingaké karo tlatah liyané.

Bab iki malah didadèkaké kauntungan : Sawetara désa nelayan diowahi dadi panggonan turis. Umpamané, Flic en Flac, Tamarin lan Le Morne.

Tamarin kuwi panggonan siji-sijiné kang nduwé peluang kanggo olahraga surfing jroning sasi Juli lan Agustus.

Flic-en-Flac kuwi arupa panté paling dawa ing pulo kuwi lan uga kang paling éndah, utamané pemandangan rikala srengéngé angslup. Le Morne dadi misuwur merga anané gunung kang wektu jaman kolonial didadèkaké panggonan ndhelik para budhak, lan uga panggonan nglalu yèn arep kacekel. Lagi diupayakaké déning panguwasa lokal supaya Le Morne bisa mlebu daftar warisan cagar budhaya donya, kaya kang wis kasil yakuwi tlatah Aapravasi Ghat.

Angin kang sumilir sacara konstan ndadèkaké Le Morne misuwur dadi panggonan kanggo manjer layangan lan olahraga surfing angin.

[sunting] Pranala jaba



Lor: Samudra Hindia Lor-wétan: Port Louis
Kulon: Samudra Hindia Black River Wétan: Plaines Wilhems
Kidul: Samudra Hindia Kidul-wétan: Savanne


 
Distrik lan dependensi ing Mauritius
Flag of Mauritius
Distrik
Black River | Flacq | Grand Port | Moka | Pamplemousses | Plaines Wilhems | Port Louis | Rivière du Rempart | Savanne
Dependensi
Agalega Islands | Cargados Carajos Shoals | Rodrigues
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Black_River&oldid=600288"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès