Jaran segara
| Hippocampus | |
|---|---|
| Jaran segara, Hippocampus sp. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Syngnathiformes |
| kulawarga: | Syngnathidae |
| Genus: | Hippocampus Cuvier (1816)[1] |
| Spesies | |
|
Lihat teks |
|
Jaran segara nduwèni jeneng Latin Cavalluccio Marino lan kalebu genus Hippocampus lan kulawarga Syngnathidae. [2]Kaya iwak-iwak liyané, Jaran segara ambegan nganggo insang.[2] Jaran segara nduwéni ukuran awak kurang luwih 7 nganti 25 cm. [2]Kéwan iki urip karo prédhator-prédhator, saéngga Jaran segara nduwéni kulit kang atos kaya cangkang.[2] Kulit iki gunané kanggo njaga awaké saka prédhator.[2] Jaran segara akèh tinemu ing perairan kang cethèk apadéné kang jero.[2] Jaran segara mlakuné alon banget mulané akéh Jaran segara kang ndhelik ing karang, koral apadéné tanduran segara liyané, iki tujuwané kanggo njaga awaké yèn ana bebaya.[2] Kanggo obah tumuju lumahing segara, Jaran segara nggunakaké kantung udara kang ana ing awaké.[2] Kanthong iki bisa amba lan cupet miturut kabutuhan.[2] Cara kerjané kantung udara iki meh mirip kaya kapal selam.[2] Jaran segara kalebu spesies kang unik awit Jaran segara kang meteng yaiku Jaran segara kang lanang.[2] Jaran segara nglangi kanthi awak kang jejeg lan bisa manthukaké sirahé mendhuwur lan mengisor.[2]
Jaran segara nduwèni mata kang bisa ndeleng barang kang manggon ing panggonan kang béda kanthi bareng. [2]Iki disebabaké amarga sistem syaraf mata kang kapisah.[2] Mata Jaran segara uga bisa mubeng saéngga bisa ngawasi kahanan sanajan ora nolèh.[2] Jaran segara nduwèni werna kang béda.[2] Ana kang ijo, kuning lan ireng.[2] Werna-werna iki amarga gen lan intensitas cahya srengenge kang mlebu ing banyu.[2] Jaran segara uga ana kang wernané rada transparan.[2]
Ana uga spesies anyar kang jenengé Hippocampus paradoxus. [3]Spesies iki ukurané luwih cilik tinimbang Jaran segara liyané lan ora nduwé strukutur sirip ing bagéyan dorsal utawa geger.[3]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.