Iwak Toman
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 70 dinten 539 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Iwak toman | |
|---|---|
| Ikan toman | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Actinopterygii |
| ordo: | Perciformes |
| kulawarga: | Channidae |
| Genus: | Channa |
| Species: | C. micropeltes |
| Jeneng binomial | |
| Channa micropeltes (Cuvier, 1831) |
|
Toman kanthi nama ilmiah Channa micropeltes menika nama jinis iwak saking suku iwak gabus ( Channidae ) [1]. Ulam toman menika kagungan bentuk awak ingkang mirip kaliyan iwak gabus. Ulam menika saged tuwuh ageng dumugi langkung saking satungga; meter lan dados spesies ingkang paling ageng sing sukunipun.
Ulam toman menawi wonten Basa Inggris kawéntar kanthi nama red snakehead adhedhasar warni awakipun nalika tasih enèm. Utawi Malabar snakehead. Nama snakehead adhedhasar bentuk kepalanipun ingkang mirip kaliyan ula. Nama ilmiah kangge ulam menika Channa micropeltes [1].
Ulam menika kagungan kepala lan tutuk ingkang ageng lan waja ingkang landhep. Awak lan buntutipun bunder. Ulam ingkang sampun déwasa kagungan warni ireng radi biru, wetengipun radi putih. Anak ulam toman kagungan warni abang kanthi garis ireng wonten ing awakipun. Ulam toman saged tuwuh dumugi 1,5 meter dawanipun. Ulam menika kagolong ulam ingkang buas, inggih menika prédator ingkang mangsa sedaya jinis ulam sanèsipun saha insekta lan kodok [1].
Panyebaran [sunting]
Ulam toman menika nyebar kanthi wiyar wonten ing Indonesia, bagéyan kulon ( Sumatra, Jawa, Kalimantan, lan Pulau sanèsipun ), Malaysia, Thailand, Laos, Vietnam, India lan Myanmar. Kawontenanipun ing India sisih barat daya ( Tamilnau lan Kerala ) radi janggal amargi kapisah kirang langkung 2500 km saking wilayah sebaran sanèsipun ing Asia Tenggara. Kinten-kinten ulam menika dipunbeta mlebet ing India déning peradaban manungsa sadèrèngipun abad kaping 19. Habitat ulam menika wonten ing lepen, tasik , lan jeram [2].
Pemanfaatan [sunting]
Ulam toman menika kalebet salah satunggaling jinis ulam kanthi jinis toya tawar ingkang katahh dipunremeni. Daging ulam menika lembut ndadosaken ulam toman salah satunggaling favorit kanggé iwak bakar, dipungulé, utawi dipunmasak sup. Ulam menika ugi asring dipunasinaken lajeng dipunsadé dhateng Jawa minangka ulam gabus asin. Wonten ing Singapura, ulam toman dipunpiara ing kolam-kolam lan saluran kanggé rekreasi. Ulam menika dipunremeni déning para pemancing amargi tarikaninpun ingkang kuat nalika nyamber umpan. Ulam toman ingkang tasih enèm kagungan warni ingkang éndah lan dipunremeni dados ulam ing akuairum. Awit saking menika, ulam menika asring dipun-ekspor dados ulam hias dhateng mancanegara, ugi dhateng Amerika Serikat [1].