Hidra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambaran Hidra déning ilustrator Walanda, Matthius Merian (1660).

Hidra (Grikenlan: Ὕδρα) punika satunggaling Drakon wonten ing mitologi Yunani. Monster punika awujud ula utawi naga ingkang gadhah sangang sirah. Saben satunggal sirahipun tugel banjur tuwuh malih sirah ingkang énggal. Hidra ugi gadhah napas lan getih ingkang ngandhut wisa (racun) [1]. Hidra mapan wonten ing tlaga Lerna ing Argolid. Awit saking punika makluk punika ugi dipunwastani Hidra Lerna (Yunani: Ngenani wuni iki Λερναία Ὕδρα ). Papan mau ugi kalabet salah satunggaling jalur kanggé mlebet ing donya bawah[2] Hidra punika keturunan saking Tifon lan Ekhidna.[3] Hidra dipunkalahaken déning Herakles.

Wonten ing mitologi[besut | besut sumber]

Bibar matèni Singa Nemea, tugas kaping kalih ingkang dipunparingaken marang Herakles déning Euristheus inggih punika matèni Hidra. Hidra medal saking susuhipun namung kanggé neror pamukiman penduduk wonten ing kiwa-tengené mriku.[4] Sasampunipun dugi ing susuhipun Hidra, inggih punika rawa caket kaliyan tlaga Lerna, Herakles nutup tutuk lan irung ngginakaken kain supados nglindungi saking beluk ingkang ngandhut racun. Herakles manah sarang Hidra kanthi ngginakaken panah geni. Herakles lajeng ngadhepi Hidra ngginakaken sabit (miturut lukisan vas purwa), pedang utawi satunggaling pemukul. Nanging saben Herakles nugel satunggaling sirahipun Hidra banjur tuwuh malih.[5] Lajeng Herakles rumaos bilih Hidra gadhah satunggal sirah ingkang abadi.

Herakles matèni Hidra, lukisan karya Sebald Beham (1545).

Lajeng Hidra nyuwun pitulungan saking sedhèrèkipun Iolaos. Iolaos pikantuk gagasan (saged ugi saking dewi Athena) bilih kedah ngginakaken obot kanggé ngobong gulunipun Hidra ingkang nembé tugel. Kanthi cara mau sirahipun Hidra boten saged tuwuh malih.[6] Wonten ing versi sanèsipun, saben nugeli satunggal sirah, Herakles ngeclupaken pedangipun dhateng getih lan kaginakaken kanggé ngobong saben gulu saéngga boten saged tuwuh malih. Mirsani kawontenan kados makaten, Hera ngirim yuyu raksesa kanggé ngalihaken kawigatosanipun Herakles. Pungkasan yuyu mau mati amargi dipunpidak déning Herakles. Sasampunipun sadaya sirah Hidra ingkang boten abadi tugel, Herakles nugel kepala abadi Hidra lan dipunkubur wonten ing watu ageng ing margi antawisipun Lerna lan Elaios.[7]

Saderengipun kesah, Herakles ngeclup sadaya anak panahipun wonten ing getihipun Hidra saéngga sapunika sadaya panahipun ngandhut racun. Hera lajeng mapanaken Hidra lan yuyu raksesa punika minangka rasi bintang Hydra lan Cancer. Bibar nglampahi tugasipun, Herakles kondur marang Euristheus, nanging Euristheus nampik amargi Herakles dipunbiyantu kaliyan Iolaos saéngga tugas mau boten sah lan cacahing tugas Herakles tetep sanga.

Ing samangké, Herakles ngginakaken panah mau kanggé matèni Nessos, satunggaling Kentaur ingkang badhé merkosa Deianeira, garwanipun Herakles. Getih mau nginfeksi getihipun Nessos ingkang lajeng ugi ngracuni busana ingkang samangké dipunagem déning Herakles saéngga matèni pahlawan mau.

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Hyginus, 30
  2. Kerenyi (1959), 143.
  3. Hesiodos, Theogonia, 313
  4. Kerenyi, The Heroes of the Greeks 1959:144.
  5. Ruck dan Staples (1994: 170)
  6. Apollodoros, 2,5,2
  7. Kerenyi 1959:144

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Harrison, Jane Ellen (1903). Prolegomena to the Study of Greek Religion.
  • Graves, Robert (1955). The Greek Myths.
  • Kerenyi, Carl (1959). The Heroes of the Greeks.
  • Burkert, Walter (1985). Greek Religion. Harvard University Press.
  • Ruck, Carl and Staples, Danny (1994). The World of Classical Myth.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  • Grimal, Pierre (1986). The Dictionary of Classical Mythology. E.P. Dutton & Co., Inc.

Pranala njawi[besut | besut sumber]