Gunung Vesuvius
| Vesuvius | |
|---|---|
| 300px Vesuvius dilihat dari kota Pompeii |
|
| Ketinggian: | 1.281 m |
| Koordinat: | 40°49′ LU 14°26′ BT |
| Lokasi: | Italia |
| Jenis: | Stratovolkano |
| Letusan terakhir: | 1944 |
Gunung Vesuvius (basa Italia: Monte Vesuvio) yaiku siji-sijine gunung berapi aktif ing Eropa Daratan kang dumunung ing sisih wetan Napoli, Italia.[1] Ing taun 79, bledhosan gunung iki ngremukake kutha Pompeii.[1]
Pompeii yaiku sawijining kutha jaman Romawi kuno kang wis dadi remukan ing cedhake kutha Napoli lan saiki ana ing wilayah Campania, Italia. Pompeii remuk dening bledhosan gunung Vesuvius nalika 79 M.[1] Awu saka bledhosane gunung Vesuvius nyebabake kutha Pompeii iki ilang nanti suwene 1.600 taun sadurunge ditemokake maneh kanthi ora sengaja.[1] Kawit kuwi kutha iki ana maneh lan menehi pemandngan kang luar biyasa ngenani panguripan sawijining kutha ing puncak kejayaan Kekaisaran Romawi.[1] Saiki kutha Pompeii minangka salah siji saka Situs Warisan Donya UNESCO.[1]
Gunung Vesuvius misuwur samarga bledhosan ing AD 79 kang nyebabake remuké Roma kutha Pompeii lan Herculaneum lan matine pendhudhuk kanthi cacah 10.000 nganthi 25.000.[2] Kedadeyan iki wis kalaksanan kaping pirang-pirang mula kawit kuwi lan nganti saiki dianggep minangka salah siji gunung berapi kang paling bebayani ing donya amarga ana pendhudhuk kang cacahe 3.000.000 kang manggon ana ing cedhake lan rata-rata manggone ana ing arah mbledhose gunung iki.[2].
Cathetan suku [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Vesuvius Observatory
- (en) Laporan ledakan 1785
- (en) Stromboli Online - Vesuvius & Campi Flegrei
- (en) ERUPT Project - Vesuvius
- (en) Herculaneum: Destruction and Re-discovery
- (en) Webcam Vesuvius: dari Casalnuovo, dari Sorrento