Elang Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Elang Jawa
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Aves
ordo: Falconiformes
kulawarga: Accipitridae
Genus: Spizaetus
Species: S. bartelsi
Jeneng binomial
Spizaetus bartelsi
Stresemann, 1924
Sinonim

Spizaetus bartelsi

Elang Jawa utawa basa latine Spizaetus bartelsi yaiku jenis elang sing angel ditemokake amarga kewan kuwi sensitip banget.[2] Gunggunge ing alam iki sansaya sithik.[2] Nganti seprene ing Gunung Salak isih ditemokake ibere manuk kuwi nanging pancen arang banget.[2] Salah sawijining site sing dadi rujukan para pengamat manuk yaiku Suaka Elang Raptor Sacntuary. [2] Ing wulan Mei 2009 kecathet ana 1 pasang Elang Jawa sing ana ing kawasan Suaka Elang, nanging wiwit wulan Mei 2009 wis ora katon maneh.[2] Elang nduweni prawakan sedheng nganti gedhe, langsing, kanthi dawa awak watara 60-70 cm (saka pucuk paruh nganti pucuk buntut).[3] Kepala wernane coklat abang (kadru), jambul dhuwur menonjol (2-4 wulu, dawane nganti 12 cm) lan tengkuk sing coklat kekuningan (padatan kaya wernane emas yen kena sinar srengenge).[3] Jambul ireng lan pucuke putih; mahkota lan kumis wernane ireng, dene geger lan lar e coklat peteng.[3] Kerongkongan putih nggaris ireng ing satengahe.[3] Mengisor, ing dada, coret-coret ireng sumebar ing ndhuwur werna kuning rada coklat pucet, ing sangisore maneh ana pola garis (coret-coret) rapet ubenge abang sawomateng nganti rada coklatan ing ndhuwur putih pucet ing wulu weteng lan sikil.[3] Wulu ing sikil nutupi tungkak saengga cedhak ing pangkal sikil.[3] buntut awerna coklat lan garis peteng cacahe 4 lan mubeng amba ing sisih ngisor, pucuk buntut e ana garis putih tipis.[3]


Pranala njaba [sunting]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ BirdLife International (2004). Spizaetus bartelsi. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 3 December 2006. Database entry includes justification for why this species is endangered
  2. ^ a b c d e (id)hawk eagle(dipunundhuh tanggal 9 Maret 2011)
  3. ^ a b c d e f g (id)jawa Elang Jawa(dipunundhuh tanggal 9 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Elang_Jawa&oldid=829656"