Priyang dhénggé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Demam berdarah dengue)
Priyang dhénggé
Classification and external resources
Photograph of a person's back with the skin exhibiting the characteristic rash of dengue fever
Ciri kulit wong kang kena lelara priyang dhénggé.
ICD-10ICD-10 Chapter A|A90
ICD-9061
DiseasesDB3564
MedlinePlus001374
eMedicinemed/528
MeSHC02.782.417.214

Priyang dhénggé (dengue fever) ya iku infeksi kang disebabaké déning virus dhénggé. Lemud utawa warna-warna jinis lemud nularake (utawa nyebaraké) virus dhénggé. Priyang dhénggé uga mau "priyang balung tugel", amarga priyang mau bisa njalari nyeri pengpengan kaya-kaya balung panandhang. Tandha-tandha saka priyang dhénggé ya iku mriyang; nyeri sirah, kulit rada abang kang katon kaya campak; lan nyeri otot lan pasendhèn. Ing pira panandang, priyang dhénggé bisa owah dadi salah siji kang ngancem jiwa. Kang kapisan ya iku demam berdarah, kang njalari gumetihan, kabocoran pambuluh getih (pipa kang ngilèni getih), lan getih cendhèk trombosit (kang njalari getih beku). Kang kaping pindho ya iku sindrom renjat dhénggé, kang nyebabaké tekanan getih cendhèk kang mbebayani.

Ana patang jinis virus dhénggé. Manawa wong kang kainfèksi siji jinis virus, lumrahé dhèwèké kalindung saka jinis mau saumur-umuré. Nanging, dhèwèké mung bakal kalindung saka telung jinis virus ing wektu singkat. Yèn bar iku dhèwèké kena siji saka telung jinis virus mau, bakal éntuk prakara kang tumemen.

Durung ana vaksin kang bisa nyegah pawongan kena virus dhénggé mau. Ana pirang-pirang tumindak pancegahan priyang dhénggé. Wong-wong bisa nglindungi wong saka lemud lan ngurangi saka cokotan lemud. Para ilmuwan uga nganjuraké kanggo ngurangi habitat lemud lan ngurangi cacahé lemud kang ana. Manawa pawongan kena priyang dhénggé, lumrahé dhèwèké bisa pulih amung kanthi ngombé cukup cuwèran, sasuwéné lelarané isih ènthèng utawa ora tatu mbebayani. Manawa pawongan nandang kasus luwih mbebayani, dhèwèké mbutuhakaké cuwèran infus (cuwèran kang dilebokaké saka vena, migunakaké dom lan pipa infus), utawa transfusi getih (diwènèhi getih saka wong liya).

Wiwit 1960-an, saya akèh wong kang kena priyang dhénggé. Lelara mau kawitan dadi prakara ing sakabehe dunya kawitan Prang Donya Kapindho. Lelara iki umum anané ing punjul 110 nagara. Saben taun, sekira 50-100 yuta wong kena priyang dhénggé.

Para ahli lagi ngembangaké usada kanggo nangani virus kanthi langsung. Masarakat nindakaké akèh prakara kanggo nyoba mbasmi lemut.

Deskripsi kapisan saka demam dengue ditulis ing 1779. Ing wiwit abad kaping 20, para ilmuwan mangertos lelara mau disebabake déning virus dengue,lan manawa virus mau ditularake (utawa disebarakae) déning lemut.

Tandha lan tandha-tandha[besut | besut sumber]

Outline of a human torso with arrows indicating the organs affected in the various stages of dengue fever
Schematic depiction of the symptoms of dengue fever

Kira-kira 80% saka panandhang (utawa 8 saka 10 panandhang) kang kainfeksi virus dengue ora nunjukake tandha-tandha, utawa mung ngatoke tandha-tandha entheng (kaya ta demam biyasa).[1][2]

Kira-kira 5% saka wong kang kainfeksi (utawa 5 saka100) bakal ngalami infeksi berat. Lelara mau uga ngancam jiwo wong. Ing sak cuil saka wong-wong kang kena dengue, lelara iku ngancam jiwo.[1][2] Tandha-tandha bakal muncul antara 3 lan 14 dina sawisé pawongan terpajan virus dengue. Seringkali tandha-tandha muncul sawisé 4 sampe 7 dina.[3] Amarga iku, manawa pawongan bar saka wewengkon kang nduwé akèh kasus dengue, sak wis e pasien nandhang demam utawa tandha-tandha – tandha-tandha liyané sawisé punjul 14 dina dek’e balik saka wewengkon mau, bisa waé lelara mau dudu dengue.

Seringe, manawa bocah-bocah kang kena dengue, tandha-tandha kang muncul kaya ta tandha-tandha pilek utawagastroenteritis utawa flu weteng; kaya, muntah-muntah lan diare).[4] Nanging, bocah-bocah manawa ngalami prakara kang parah, bocah-bocah luwih cenderung kena prakara demam dengue kang luwih abot.

Tahapan klinis[besut | besut sumber]

Tandha-tandha klasik saka demam dengue ya iku kang kadadéan ndadak, lara sirah (biyasa ing mburi mata); ruam; lan nyeri sendi. Lelara iki uga mau, "demam sendi" nggambaraké manawa lelara iki bisa dadi lara banget[1][5] Kedadean demam dengue ana ing telung tahap: febrile, kritis, lan pemulihan.[6]

Ing fase febrile, pawongam lumrahé ngalami demam dhuwur. ("Febrile" tegesé manawa pawongan ngalami ndrogdog). Seringe panas awak nganti 40 drajat Celsius (104 drajat Fahrenheit). Panandhang uga lumrahé nandhang lara kang umum utawa lara sirah. Fase febrile lumrahé kanthi sasuwéné 2 sampe 7 dina.[5][6] Ing fase iki, kira-kira 50 % kanthi 80 % panandhang tandha-tandha ngalami ruam.[5][7] Ing dina kaping siji utawa kaping pindho, ruam bisa ketok dadi kulit abang.sak langkunge (ing dina kaping 4 kanthi dina kaping 7), ruam bakal ketok kaya campak.[7][8] Bintik abang cilik (petechiae) bisa muncul ing kulit. Bintik-bintik iki ora ilang manawa kulit dipencet. Bintik-bintik iki disebabake saka pembuluh kapiler kang pecah. [6] Panandhang uga manawa bisa ngalami pendarahan entheng saka membran mukus cangkem lan irung.[5] Demam iku dewek cenderung bakal (pulih) bar iku kadadéan manèh sak suwéné siji utawa rong dina. Nanging, pola iki béda-béda ing dhéwé-dhéwé panandhang.[8][9]

Ing sapérangan panandhang, lelara kumat manèh marang fase kritis sawisé demam dhuwur rada mendhing. Fase kritis mau lumrahé saksuwene 2 kanthi 3 dina. [6] Sak suwéné fase iki, cuwèran bisa numpuk ing dhadha lan abdomen. Perkara iki kadadéan amarga pembuluh getih kecil bocor. Cairan mau bakal sangsaya akèh, bar iku cuwèran mandhek bersirkulasi ing njero awak. Iki tegesé manawa organ-organ vital (paling wigati) ora enthuk suplai getih seakeh lumrahé.[6] Amarga iku, organ-organ mau ora makarya kanthi normal. Panadhang mau uga bisa ngalami pendarahan parah (lumrahé saka saluran gastrointestinal.)[6] Kurang saka 5% saka wong kang ngalami dengue syok sirkuler, sindrom syok dengue lan demam berdarah. Manawa pawongan tau ngidap jinis dengue kang liya (“infeksi sékundhèr”), manawa dek’ne ngalami prakara serius.[10]

Ing fase penyembuhan, cuwèran kang metu saka pembuluh getih balik manèh ning ilen getih..[6] Fase penyembuhan lumrahé kadadéan sak suwéné 2 kanthi 3 dina. Panandhang lumrahé sayata mendhing ing tahap iki. Nanging, panandhang manawa nandhang gatel-gatel kang parah lan detak jantung kang lemah.[6]

Sak suwéné fase iki, panandhang bisa ngalami kaanan keluwihan cuwèran (kakehen cuwèran kang dijupuk). Manawa kena utek, cuwèran mau bisa njalari kejang utawa owah e drajat kesadaran (ya iku pawongan kang pikirane, kesadarane ,lan perilakune ora kaya lumrahé).

Perkara kang ana kaitane[besut | besut sumber]

Kerep, dengue bisa ngaruh sistim liya ing njero awak manungsa [6] Pawongan kang kena dengue bisa nanadhang mung gejalane, utawa dibarengi tandha-tandha dengue klasik uga.[4] Tingkat kesadaran mudhun kadadéan ing 0,5-6 % saka prakara mbahayani. Iki bisa kaanan manawa virus dengue \bnjalari\b infeksi ing utek. Iki uga bisa kadadéan manawa organ vital, kaya ta ati, ora berfungsi apik..[4][9]

Kelainan neurologis liyané (kelainan kang ngaruh ing utek lan saraf) dilapuraké kadadéan ing pandandhang kang ngalami demam dengue. Kaya, dengue bisa \bnjalari\b mielitis melintang lan sindrom Guillain-Barré.[4] Mesti hal iki meh ora pernah kadadéan, dengue uga ngakibatke infeksi jantung lan gagal ginjel akut.[6]

Sebab-sebabe[besut | besut sumber]

Gambar pengiriman electron mikroskopi ngetoke virus dengue.
Poto kang jelas sanget ngetokke virus dengue (sekelompok titik-titik ireng cendhak tengah

Demam dengue disebabaké virus dengue. Ing sistim ilmiah kang ngarani lan nglasifikasike virus-virus dengue mau ya iku péranganing famili Flaviviridae lan gènus Flavivirus. Virus liyané uga péranganing famili kang padha lan njalari lelara ing manungsa. Contohe, virus demam kuning, virus West Nile, virus St. Louis encephalitis, virus encephalitis Jepang, virus encephalitis yang ditularkan melalui sengkenit, Kyasanur forest disease virus, lan Omsk hemorrhagic demam virus sakabehe kalebu ing njero kulawarga Flaviviridae..[9] Meh sakebehe virus-virus mau disebarake déning lemut utawa ticks.[9]

Penularan[besut | besut sumber]

Lemut"Aedes aegypti" nyokot kulit manungsa difoto saka cedhak

Dengue virus ditularke (utawa disebarke) meh kabèh saka lemut Aedes, kususe lemut Aedes aegyptitype.[11] Lemut iki lumrahé urip antara garis lintang 35° arah lor lan 35° arah ngidul, sak ngingsore kedhuwuran 1000 m.[11]. Meh kabèh lemut nyokot ing wayah awan. [12]

Kadang-kadang, lemut-lemut uga bisa kena dengue saka manungsa. Manawa lemut wadon kang nyokot wong kang kainfeksi, lemut iku bisa waé kena virus dengue. Kaping siji, virus urip ing saluran pencernaan lemut. Kira-kira 8 kanthi 10 dina sawisé, virus nyebar marang klanjer liur, kang nggawésaliva (utawa “spit”). Iku tegesé idu kang dihasilake lemut kainfeksi déning dengue virus. Lan manawa lemut nyokot manungsa, idu kang kainfesi lumebu marang manungsa kan nginfeksi wong iku. Virus ora njalari masalah /prakara kanggo lemut kang kainfeksi, kang bakal tahan terus sampe akir uripé lemut-lemut iku. LemutAedes aegypti ya iku lemut kang paling seneng nyebarake dengue. Iki amarga lemut iku seneng urip cedhak wong-wong lan mangan getihe manungsa ketimbang kéwan-kéwan.[13].Lemut iku uga seneng nyelehke endhog ing bak-bak banyu gawénan manungsa.

Dengue uga bisa disebarake déning warna-warna getih kang wis kainfeksi lan kanthi donasi organ[14][15] Manawi wong kang nandhang dengue danar darah utawa organ, lan bakal diwènèhi kanggo wong liya, wong iku bisa kena dengue saka getih utawa organ kang didonasike. Ing pirang-pirang nagara, kaya ta singapura, dengue iku wis umum. Ing nagara-nagara iku, antara 1,6 sampe 6 kadadéan transfusi getih, saben 10,000 nyeabarake dengue.[16] Virus dengue uga bisa disebarake saka ibu marang anak sak suwéné [[kehamilan) utawa manawa bayi lair.[17] Dengue iku lumrahé ora disebarake nganggo cara-cara liyané.[5]

Resiko[besut | besut sumber]

Dibanding karo wong diwasa, bayi lan bocah cilik kang nandhang dengue luwih akèh resikone ngalami infeksi kang serius. Bocah-bocah cenderung akèh resiko ngalami lara kang mbahayani manawa bocah-bocah iku kagolong kang gizine cukup.(manawa bocah-bocah séhat lan mangan panganan kang due gizi akèh).[18] (iki béda saka infeksi liyané, kang lumrahé luwih mbahayani manawa kadadéan ing bocah-bocah kang temasuk golongan malagizi, ora séhat, utawa ora mangan panganan kang bergizi.) Wong wadon luwih cenderung keserang lelara kang luwih parah ketimbang wong lanang.[19] Dengue bisa ngancam nyawa ing pasien kang nduwé lelara kronis (jangka dawa) kaya ta diabetes lan asma.[19]

Mekanisme[besut | besut sumber]

Manawa lemut nyokot wong, banyu iler lemut mau lumebu marang kulit wong mau. Manawa lemut mau ngandung dengue, virus kegawa ing njero banyu ilere. Nganti mbok manawa lemut mau nyokot wong viruse lumebu ing njero kulit wong mau bareng karo banyu ilere. Virus mau lumebu (sèl darah putih) wong mau. (Sel getih putihe seharusnya mbantu pertahanan awak kanggo merangi ancaman, kaya infeksi).Manawa sèl getih outih mau move around ing njero awak, virus mroduksi manèh (utawa memperbanyak diri). Sel getih putih bereaksi nganggo cara nggawé akèh signalling (protéin) (apa kang mau kaliyan Cytokines), kaya ta interleukins,interferons lan tumor necrosis factors. Protein-protéin iku njalari ndrogdog,kaya tandha-tandha flu, lan warna-warna lara kang kedadeean manawa kena dengue.

Manawa pawongan nduwé warna-warna (serius) infeksi, virus bakal ngasilaké luwih akèh lan rikat ing njero awak. Amarga ing kana wis akèh virus, iku bisa ngaruh kanggo akèh organ-organ (kaya ta liver lan sungsum balung). Cairan saka ilen getih bocor nglewati témbok saka urat nadi cilik marang gronggongan-gronggongan awak. Amarga iku, sirkulasi darah kurang (utama muter ing awak) ing pembuluh getih. Tekanan getih panandhang dadi cendhèk sanget amarga jantung ora bisa nyediaake getih marang organ-organ vital (organ kang paling wigati). Uga, balung sungsum ora kesedia kanggo nggawé cukup platelet, kang dibutuhake getih kanggo mbekuake sak mestiné. Tanpa jumlah platelet kang cekap, panandhang luwih cenderung kena masalah pendarahan. Pendarahan ya iku komplikasi utami saka dengue (salah siji masalah kang paling serius kang bisa disebabake saka lelara). .[20]

Diagnosis[besut | besut sumber]

Lumrahé, pelayanan keséhatan propesional ndeteksi dengue saka pemeriksaan wong kang kainfeksi lan memprediksi tandha-tandha cocog karo dengue. Para pelayan keséhatan propesional mirunggan manawa bisa ndiagnosa dengue nganggo cara iki ing laladan ing endi iku wis umum kahanane kadadéan iku.[1] Nanging, dengue ing tahap awal angèl dibedaake karo lelara lan infeksi virus liyané (infeksi kang disebabake déning virus).[18] Wong kang kena dengue uga ngalami demam lan tandha-tandha-tandha-tandha kaya: sirah mumet lan mutah; ruam; nyeri umum (pegel-pegel saawak); jumlah sèl darah putih kang cendhèk; utawa hasil tes tourniquet positif. Tandha-tandha kang kudu diwaspadai, sak liyané ndogdog, lumrahé tandha wong kang kena dengue manggon ning wewengkon kang wis umun ana lelara iki.[21].

Tandha-tandha peringatan lumrahé katon sedurunge dadi saya parah.[6] Tes tourniquet iku kanggo manawa ora ana tes laboratorium kang bisa ditindakake. Kanggo nindakaké tes tourniquet, pelayan keséhatan propesional bakal mbungkus tekanan getih digubetke ing lengen tangane wong saksuwene 5 menit. Pelayan keséhatan propesional bakal ngetung titik-titik abang cilik kang ana ing kulit. Saya dhuwur cacahé titik-titik tegesé kecenderungane kena demam dengue luwih dhuwur.[6]

Bedhaake antarané demam dengue lan chikungunya iku bisa dadi luwih angèl. Chikungunya ya iku infeksi virus kang duwé tandha-tandha-tandha-tandha padha kaya ta dengue, lan kahanane ana ing pirang-pirang pérangan ing dunya. Dengue uga bisa duwé tandha-tandha-tandha-tandha kang padha karo lelara liya kaya ta malaria, leptospirosis, demam tipus, lan lelara meningococcal. Kerep, sedurunge wong didiagnosis kena dengue, pelayan keséhatan propesional bakal ngecek kanggo nemtoake pasien ora duwé siji déning tandha-tandha kaya ngono.[18]

Manawa wong kena dengue, owahan kang paling wiwit kang bisa ketok ing laboratorium tes ya iku rendahe cacahé getih putih.Cacah rendahe platelet lan metabolic acidosis uga tandha-tandha saka dengue.[18] Manawa wong nduwé dengue berat,ana uga owahan kang bisa ketok manawa getih panandhang disinau. Dengue berat njalari kebocoran cuwèran saka ilen getih.Iki njalari hemoconcentration (ing ndi kaanan kurange plasma-pérangan cair saka getih-lan luwih sèl getih abang ing jero getih). Iki uga njalari rendahe tingkat albumin ing getih.[18]

Kadang-kadang,dengue kang wis berat nyebabkake large pleural effusions (where leaked fluid builds up around thelungs) or ascites (where fluid builds up in the abdomen). Manawa iku wis cukup gedhé, pelayan keséhatan propesional manawa bakal mènèhi peringatan marang panandhang yèn mriksa panadhang.[18] Pelayan keséhatan propesional bisa deteksi sindrom syok dengue luwih rikat manawa punggawa iku bisa gunakake ultrasound medis kanggo nemu cuwèran sak jerone awak.[1][18] Nanging ing akèh wewengkon kang kahanane dengue wis umum, meh kabèh pelayanan keséhatan propesional lan klinik-klinik ora nduwé mesin ultrasound.[1]

Kadang-kadang,dengue kang wis berat nyebabkake large pleural effusions (where leaked fluid builds up around thelungs) or ascites (where fluid builds up in the abdomen). Manawa iku wis cukup gedhé, pelayan keséhatan propesional manawa bakal mènèhi peringatan marang panandhang yèn mriksa panadhang.[18] Pelayan keséhatan propesional bisa deteksi sindrom syok dengue luwih rikat manawa punggawa iku bisa gunakake ultrasound medis kanggo nemu cuwèran sak jerone awak.[1][18] Nanging ing akèh wewengkon kang kahanane dengue wis umum, meh kabèh pelayanan keséhatan propesional lan klinik-klinik ora nduwé mesin ultrasound.[1]

Klasifikasi[besut | besut sumber]

Ing 2009, World Health Organization (WHO) nglasifikasi, utawa mbagi, demam dengue marang rong rong jinis; ringan lan berat.[1][21]. Sedurunge iki, ing 1997, WHO wis mbagi lelara kaya ta demam kang ora bisa dibedake, demam dengue, lan demam berdarah. WHO mutusaké manawa cara lawas kanggo mbagi dengue mbutuhake cara kang luwih gampang. Iki uga nemtoake manawa cara lawas iku kebatas banget, ora kalebu kabèh cara-cara dengue bisa ketok.Sanajan klasifikasi dengue kanthi resmi wis owah, klasifikasi kang paling lawas isih sok digunake.[18][21][22]

Ing sistem klasifikasi lawas WHO, demam berdarah dibagi ing jero tahap, mau kelas I–IV:

  • Ing kelas I, wong kang duwé demam, dek’ne uga gampang memar utawa positip tes turniket.
  • Ing kelas II, panadhang luka ing njero kulit lan pérangan liya saka awak
  • Ing kelas III, panandhang ngetoke tandha-tandha syok sirkulasi.[22] Grades III and IV are called "dengue shock syndrome."[21][22]

Tes laboratorium[besut | besut sumber]

Demam dangue bisa didiagnosis saka microbiologis tes laboratorium.[21] Werno-warna tes kang béda bisa ditindake. Tes siji (isolasi virus) diisolasi (utawa dipisah-pisakake)virus dengue saka perkembangbiakan (utawa contoh) saka sèl-sèl. Tes liya (deteksi asem nucleus) goleki asem nukleus nganggo tèhnik kang mau reaksi rantai polimerase (PCR). Tes ketelu (deteksi antigen) goleki antigen saka virus. Tes liya ingh njero getih kanggo golèk antibodi kang di gawé awak kanggo nglawan virus dengue.[19][23] Isolasi virus lan deteksi tes asem nucleus luwih apik ketimbang deteksi antigen.Nanging tes larang biyayane, amarga iku tes ora kesedia ing akèh panggonan.[23] Manawa dengue ana ing tahap awal, kabèh tes iku bisa waé negetip (tegesé ora ketok manawa wong kena lelara dengue).[18][19]


Saliyané kanggo tes antibody, tes laboratorium mung bisa kanggo mbantu diagnosis demam dengue akut (awal) tahap saka sakite. Nanging, tes antibody bisa kanggo nemtoake manawa wong kena dengue ing tahap lanjutsaka infeksi.Awak nggawé antibodi kang mirunggan kanggo nglawan virus dengue sawisé 5 kanthi 7 dina..[5][19][24]

Pencegahan[besut | besut sumber]

Ora ana paksin kang wis kebukti kanggo nyegah wong saka virus dengue.[1] Kanggo nyegah infeksi To prevent infection, World Health Organization (WHO) mènèhi saran kanggo ngontrol populasi lemut kang nglindungi wong saka cokotan lemut..[12][25]

WHO menahi saran program kanggo nyegah dengue (diarani program "Integrated Vector Control") kang kalebu lima pérangan-bagen kang béda:

  • Advocacy, mobilisasi sosial, lan legislasi (laws) kudu digunaake kanggo nggawékeséhatan masarakat organisasi lan komunitas luwih kuwat.
  • All kabèh bagena masarakat kudu makarya bareng-bareng. Iki kalebu sèktor umum (kaya ta pemerentah), the private sector (kaya bisnis lan perusahaan), lan babagan keséhatan.
  • Kabèh cara ngontrol lelara kudu dadi siji (utwa digotong bareng-bareng), dadi sumber kang kesedia bisa duwé efek kang paling mungkin.
  • Dudutan kudu di gawé nggango dhasar bukti. Iki bakal mbantu mastiakae manawa campur tangan (prakara kang ditindake kanggo dengue) bisa migunani.
  • Wewengkon kang due masalah dengue kudu di wenehi bantuan, uga iku masarakat bisa yasa kemampuan kang apik kanggo ngrespon lelara dengue nanggo carané dewek.[12]

WHO uga nyaranake kanggo nindakaké pirang-pirang prakara spesipik kanggo ngontrol lemut-lemut lan nyegah saka cokotane. Cara paling apik kanggo ngontrol lemut “Aedes aegepthi” ya iku lunga saka habitat-habitate.[12]).Wong kudu ngosongake bak-bak kebuka saka banyu (amarga lemut-lemut ora bisa ngendog ing jeroné). Insektisidas utawa kontrol biologi uga bisa dadi perantara kang digunake kanggo ngontrol lemut ing wialyah iku.[12]. Para ahli ngrasa manawa nyemprot nganggo organofosfat lan insektisida piretroid ora bisa mbantu.[2]. Banyu kang mandheg (kang ora bisa dipindah) kudu di resiki, amarga iku narik lemut-lemut, lan uga amarga wong bisa kena masalah keséhatan manawa insektisida njalari banyu ngecembeng.[12] Kanggo nyegah cokotan lemut, wong bisa nganggo klambi kang nutupi kabèh kulite. Masarakat bisa nganggo penolak gegremet (kaya semprotan hama), kang mbantu nyegah lemut-lemut nyedaki (DEET ampuh). Masarakat uga bisa nganggo raket lemut manawa mereka lagi istirahat.[26]

Ora ana perawatan mirunggan kanggo demam berdarah.[1] Wong uga mbutuhake perawatan kang béda, bergantung déning tandha-tandha panandhang. Sapérangan dari mereka bisa membaik mung déning ngombé cuwèran kang akèh ing omah, kemudian layanan keséhatan professional bakal nemtoake kadadéan keséhatan panandhang wis membaik. Sedangkan sapérangan wong mbutuhake cuwèran infus lan transfusi getih.[27] Pelayanan keséhatan profésional bisa nemtokake kanggo merujuk panandhang marang rumah sakit nalika pasien ngrasaake tandha-tandha peringatan serius, khususé nalika panandhang mau wis ngalami kondisi keséhatan kronis.[18]

Manawa wong-wong kang kainfeksi mbutuhake cuwèran saka infus, panandhang lumrahé mbutuhake infuse mung sadina utawa rong dina.[27] Propesional pelayanan keséhatan bakal ningkatake jumlah cuwèran kang diwènèhi.Sehingga panandhang mau mènèhi volume tertentu urin (0,5–1 ml/kg/jam). Cairan infus uga ditambah hingga hematokrit (jumlah iron ing jero getih) panandhang lan tandha-tandha vital panandhang kanthi normal.[18] Amarga resiko pendarahan, propesional pelayanan keséhatan nyoba ora nganggo prosedur medis invasive kaya intubasi nasogastrik (ngleboke tube saka irung pasien marang jero weteng), injeksi intramuskular (nyuntike obat marang jero otot), lan suntikan arteri(ngleboke jarum marang jero arteri).[18] Asetaminofen (Tylenol) bisa di wenehi kanggo demam lan nyeri. Jinis obat anti-peradangan kang mauNSAID (kaya ibuprofen lan aspirin) ora enthuk digunake amarga obat mau bisa gawé resiko pendarahan luwih gedhé.[27] Transfusi getih kudu di wiwiti luwih énggal nalika tandha-tandha vital pasien owah utawa ora normal, lan nalika jumlah sèl getih abang tansaya mudhun..[28] Nalika transfusi dibutuhake, pasien kudu diwènèhi getih wutuh (getih kang durung dipisah-pisahake) utawa dibungkus ing kantong getih kang béntuke sèl getih abang. Platelet (dipisahke saka getih wutuh) lan plasma seger kang dibekuake lumrahé ora dianjurke.[28] Manawa pasien sak jeroné pemulihan saka dengue, dek’ne lumrahé ora bakal diwènèhi cuwèran inpus manèh amarga pasien ora ngalami keluwihen cuwèran.[18] Manawa kadadéan keluwihen cuwèran, nanging tandha-tandha vitale isih stabil (ora owah), iki bisa dadi cekap alasan kanggo mandeke mènèhi cuwèran.[28] Manawa pasien ora ing mangsa kritis, pasien bisa diwènèhi diuretic furosemide (Lasix). Lasix bisa mbiyantu ngetokaké keluwihen cuwèran saka sirkulasi getih pasien..[28]

Kemungkinan[besut | besut sumber]

Sebagean gedhé wong kang kena dengue mari lan apik-apik waé.[21] Ora nganggo usada, 1 sampe 5 % saka wong kang kainfeksi (1 sampe 5 saka 100 wong) mati amarga dengue.[18] Nganggo perawatan kang apik, kurang saka 1% mati.[21] Nanging, ing wong kang nandhang dengue parah 26% mati (26 saka 100)[18] Kedadean dengue akèh punjul 110 nagara.[18] Saben taun, 50 sampe 100 juta wong kainfeksi dengue ning dunya. Lelara iki uga njalari setengah juta perawatan ing umah sakit [1] lan sekira 12500 sampe 25.0000 kematian ing seluruh donya saben taune..[4][29]

Dengue ya iku lelara kang disebabake déning virus lan paling akèh kadadéan kang disebarake déning arthropod.[10] Dengue diprakirake wis dadi beban lelara déning sawatara 1600 taun urip tuna upaya (DALYS) per juta populasi. Iki berarti ing saben sejuta wong, dengue njalari ilange panguripan sewatara 1600 taun. Iki kira-kira padha déné beban lelara bocah-bocah lan lelara tropis. Iki padha déné kang disebabake saka lelara ing bocah-bocah lan lealara tropis liyané.[19] Dengue diaggap kaya ta lelara paling wigati kaping pindho, sawisémalaria.[18] World Health Organization uga ngerteni dengue salah sijining lelara tropis kang ora diperhatiake(tegesé bahwa dengue ora ditangani kanthi serius lan semestine.[30]

Dengue tansaya merajalela ing donya. Ing taun 2010, dengue 30 kali luwih umum ketimbang ing taun 1960.[31] Sapérangan hal kang dianggap penyebab mudhake dengue,Luwih akèh panandhang kang nandhang tinggal ing kutha gedhé. Populasi donya (jumlah manungsa ing donya) tansaya gedhé. Luwih akèh wong kang lelungan berpergian kanthi internasional (saka siji nagara menyang nagara liyané). Pemanasan global uga dianggap sebab mundhake dengue mau. .[1]

Dengue luwih asring kadadéan ing kiwa-tengené ekuator. 2,5 milyar penduduk kaanan ing wewengkon ing ndi kadadéan dengue 70% saka populasi kang manggon ing Asia lan wewengkon Pasifik, déné mereka mengalami dregdheg, kainfeksi nalika lagi melancong. Ing golongan iki, dengue merupakan infeksi kaping pindho kang paling akèh terdiagnosis, sawisé malaria.

Dengue luwih asring kadadéan ing kiwa-tengené ekuator. 2,5 milyar penduduk kaanan ing wewengkon ing ndi kadadéan dengue 70% saka populasi kang manggon ing Asia lan wewengkon Pasifik.[31] Ing Amérikah Sarékat, 2,9% sampe 8% saka penduduk kang nembé balik saka wewengkon kang ana dengue, lajeng dek’ne dregdheg, kainfeksi nalika lagi melancong.[26] Ing golongan iki, dengue uga kagolong infeksi kaping pindho kang paling akèh terdiagnosis, sawisé malaria.[5]

Sajarah[besut | besut sumber]

Dengue pertaman kali ditulis taun-taun kang wis lumantar. Ensiklopedia medis china saka Dinasti Jin (kang berjaya saka 265 kanthi 420 AD) nyritaake tentang wong kang kaya ta kena dengue. Buku mau nyritaake tentang “racun banyu” kang ana hubungane karo gegremet kang mabur.[32][33] Uga ana cathetan katulis saka abad ke-17 (1600an) tentang apa kang mungkin dadi epidemik dengue (ya iku nalika lelara nyebar kanthi rikat ing waktu kang singkat). Lapuran-lapuran kang paling énggal tentang kemungkinan epidemic dengue ya iku saka taun 1779 lan 1780. Lapuran iki nyritaake tentang epidemic kang nyapu Asia, Afrika dan Amérika Utara.[33] Sejak wektu iku kanthi 1940, ora akèh manèh epidemic.[33]

Ing 1906, para ilmuwan mbuktiake manawa manungsa kainfeksi saka lemud “Aedes”. Ing taun 1907, para ilmuwan nemuake manawa virus kang njalari dengue. Dengue ya iku lelara kaping pindho kang ketok manawa lelara iki disababake déning virus. (Sadurungé para ilmuwan wis mbuktiake manawa virus uga kang njalari lelara kuning) [34] John Burton Cleland lan Joseph Franklin Siler terus neliti virus dengue, lan ngerti cara dhasar virus nyebar.[34]

Dengue wiwit nyebar dengan luwih rikat selama lan sawisé Perang Dunia kaping pindho. Iki diperkiraake amarga perang mau ngubah lingkungan nganggo cara kang béda.. Jinis dengue berbeda uga nyebar menyang kaanan anyar. Kanggo kapisan kaline, manungsa wiwit ngrasa demam berdarah. Wujud lelara kang parah iki kaping pisan di lapurakake ing Filipina ing taun 1953. Ing 1970an, demam berdarah wis dadi penyebab utama kematian ing kalangan bocah-bocah cilik. Lelara mau uga wiwit kadadéan ing wewengkon Pasifik lan Amérika. Demam berdarah dengue lan sindrom renjat dengue kaping pisan dilapurakake ing Amérika[33] Demam berdarah lan sindrom renjat dengue kaping pisan dilapurakake ing Amérika Tengah lan Kidul ing 1981. Waktu iku, profésional pelayanan keséhatan mengetahui bahwa wong kang nandhang virus dengue jinis 1 nandhang jinis 2 sawisé pirang-pirang taun.[9]

Ora ana kejelasan saka basa apa asalé tembung “dengue”. Sapérangan wong due penemu tembung mau saka frasa “angka dinga pepo” (basa Swahili, Swahili)> Frasa iki nyritaake lelara mau disebabaké déning arwah ala.Te,bung Swahili “dinga” diperkiraake asalé saka tembung”dengue”(basa spanyol, spanyol)> Tembung iki due arti “kang ati-ati”. Tembung iku mungkin sadurungé di nggunakaké kanggo nggambaraké wong kang nandhang nyeri balung amarga demam mriyang dengue, nyeri iku bakal njalari penandhang lumaku ati-ati. Nanging, kemungkinan uga saka tembung basa spanyol mau saka tembung basa Swahili, lan dudu sawalike.

Sajarah ing Dunya[besut | besut sumber]

Ora ana kejelasan saka basa apa asalé tembung “dengue”. Sapérangan wong due penemu tembung mau saka frasa Ka-dinga pepo Swahili. Frasa iki nyritaake lelara mau disebabaké déning arwah ala.[32] Tembung Swahili dinga diprakirake saka tembung dengue Spanyol. Tembung iki due arti "kang ati-ati". Tembung iku mungkin sadurungé di nggunakaké kanggo nggambaraké wong kang nandhang nyeri balung amarga demam mriyang dengue, nyeri iku bakal njalari penandhang lumaku ati-ati [35] Nanging, kemungkinan uga saka tembung basa Spanyol mau saka tembung basa Swahili, lan dudu sawalike.[32]

Wong-wong liya due penemu jeneng ”dengue” asalé saka West Indies. Ing West Indies, budak kang nandhang dengue diarani manawa dek’ne ngadeg lan lumaku sakaya wong kang “flamboyan”. Amarga iku, lelara iku uga mau “demam flamboyan”.[36][37]

Istilah “breakbone fever” kaping pisan digunakaké déning Benyamin Rush, dhokter lan merupakan Bapak pendiri Amérikah Sarékat (Bapak Pendiri Amérika sarékat). Ing 1789, Rush migunakaké istilah “breakbone fever” ing lapuran mengenai kadadéan luar biyasa dengue 1780 ing Philadelphia. Ing lapuran mau, Rush luwih akèh migunakaké istilah kang luwih formal “bilious remitting fever”

Istilah “demam dengue” durung akèh kang migunakaké jeneng kang béda kanggo lelara iki. Saumpama, dengue uga mau “breakheart fever” lan “la dengue”. Jeneng liya uga kanggo dengue parah, kaya ta “"infectious thrombocytopenic purpura", "Philippine," "Thai," dan "Singapore hemorrhagic fever."

Istilah "breakbone fever" kaping pisan digunakaké déning Benyamin Rush, dhokter lan"Bapak Pendiri". Ing 1789, Rush migunakaké istilah "breakbone fever" ing lapuran mengenai kadadéan luar biyasa dengue 1780 ing Philadelphia. Ing lapuran mau, Rush luwih akèh migunakaké istilah kang luwih formal"bilious remitting fever".[38][39] Istilah "demam dengue" during akèh kang nggunake sampe sawisé taun 1828.[37] Sak derunge, wong-wong nggunake jeneng béda-béda kanggo lelara iki. Kaya ta, dengue uga mau "breakheart fever" lan "la dengue."[37] Jeneng liya uga kanggo dengue parah: kaya ta "infectious thrombocytopenic purpura", "Philippine," "Thai," lan"Singapore hemorrhagic fever."[37]

Para imuwan terus ngusahake kanggo nyiptake vaksin kanggo nglindungi manungsa saka kepapat jinis dengue. Beberapa il;muwan ngawatirake bahwa vaksin bisa ningkatake resiko keparahan lelara lumantar antibody-dependent enhancement (ADE)

Vaksin kang paling apik kang bisa digunaake lumrahé duwé beberapa kwalitas béda.Kaping pisan, Vaksin aman, kaping pindho, vaksin bakal bekerja sawisé siji utawa pindho injeksi (utawa suntikan). Kaping telu, vaksin bakal ngelawan sakabehe jinis virus dengue.Kaping papat, vaksin ora bakal njalari ADE. Kaping lima, vaksin bakal gampang pindhah (bergerak) lan kesimpen (kesimpen kanthi diperluake). Kaping nem, vaksin berbiaya cendhèk lan efektif (sesuai biayane). Beberapa vaksin wis kauji ing 2009.

Para ilmuwan terus ngusahake kanggo nyiptaake vaksin kanggo nglindungi manungsa saka kepapat jinis dengue.[25] Sapérangan khawatir manawa vaksin bisa ningkatke resiko keparahan lelara lumantar antibody-dependent enhancement (ADE).[40] Vaksin kang paling apik kang bisa digunake lumrahé duwé kwalitas béda. Kaping pisan, vaksin aman. Kaping pindho, vaksin bakal bekerja sawisé siji utawa pindho injeksi (utawa suntikan). Kaping telu, vaksin bakal ngelawan sakabehe jinis virus dengue.Kaping papat, vaksin ora bakal njalari ADE. Kaping lima, vaksin bakal gampang pindhah (bergerak) lan kesimpen (kesimpen kanthi diperluake). Kaping nem, vaksin berbiaya cendhèk lan efektif (sesuai biayane).[40] Sapérangan vaksin wis kauji ing 2009.[19][38][40] Para ilmuwan ngarepake awadene vaksin kapisan (utawa beberapa vaksin)bakal tersedia kanthi komersial (bisa ketuku) ing 2015.[25]

Para ilmuwan uga terus makarya kanggo nggawé obat antivirus kango nambani serangan demam dengue lan nyegah awadene manungsa ora kena komplikasi parah. .[41][42] Para ilmuwan uga ngusahaake kanggo mengetahui anggoné protéin virus mau kesusun. Iki mungkin bisa mbantu mereka kanggo nggawé usada kang bekerja efektif nambani dengue.[42]

Catatan[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m Whitehorn J, Farrar J (2010). "Dengue". Br. Med. Bull. 95: 161–73. doi:10.1093/bmb/ldq019. PMID 20616106.
  2. a b c Reiter P (2010-03-11). "Yellow fever and dengue: a threat to Europe?". Euro Surveil. 15 (10): 19509. PMID 20403310.
  3. Gubler (2010), p. 379.
  4. a b c d e Varatharaj A (2010). "Encephalitis in the clinical spectrum of dengue infection". Neurol. India. 58 (4): 585–91. doi:10.4103/0028-3886.68655. PMID 20739797.
  5. a b c d e f g Chen LH, Wilson ME (October 2010). "Dengue and chikungunya infections in travelers". Curr. Opin. Infect. Dis. 23 (5): 438–44. doi:10.1097/QCO.0b013e32833c1d16. PMID 20581669.
  6. a b c d e f g h i j k l WHO (2009), pp. 25–27.
  7. a b Wolff K, Johnson RA (2009). "Viral Infections of Skin and Mucosa". Fitzpatrick's Color Atlas and Synopsis of Clinical Dermatology (édhisi ka-6th). New York: McGraw-Hill Medical. kc. 810–2. ISBN 9780071599757.
  8. a b Knoop KJ, Stack LB, Storrow A, Thurman RJ (2010). "Tropical Medicine". Atlas of Emergency Medicine (édhisi ka-3rd). New York: McGraw-Hill Professional. kc. 658–9. ISBN 0071496181.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  9. a b c d e Gould EA, Solomon T (February 2008). "Pathogenic flaviviruses". The Lancet. 371 (9611): 500–9. doi:10.1016/S0140-6736(08)60238-X. PMID 18262042.
  10. a b Rodenhuis-Zybert IA, Wilschut J, Smit JM (August 2010). "Dengue virus life cycle: viral and host factors modulating infectivity". Cell. Mol. Life Sci. 67 (16): 2773–86. doi:10.1007/s00018-010-0357-z. PMID 20372965.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  11. a b WHO (2009), pp. 14–16.
  12. a b c d e f Center for Disease Control and Prevention. "Chapter 5 – Dengue Fever (DF) and Dengue Hemorrhagic Fever (DHF)". 2010 Yellow Book. Dibukak ing 2010-12-23. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "WHOp59" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  13. Gubler (2010), pp. 377–78.
  14. Wilder-Smith A, Chen LH, Massad E, Wilson ME (January 2009). "Threat of Dengue to Blood Safety in Dengue-Endemic Countries". Emerg. Infect. Dis. 15 (1): 8–11. doi:10.3201/eid1501.071097. PMC 2660677. PMID 19116042.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  15. Stramer SL, Hollinger FB, Katz LM; et al. (August 2009). "Emerging infectious disease agents and their potential threat to transfusion safety". Transfusion. 49 Suppl 2: 1S–29S. doi:10.1111/j.1537-2995.2009.02279.x. PMID 19686562.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  16. Teo D, Ng LC, Lam S (April 2009). "Is dengue a threat to the blood supply?". Transfus Med. 19 (2): 66–77. doi:10.1111/j.1365-3148.2009.00916.x. PMC 2713854. PMID 19392949.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  17. Wiwanitkit V (January 2010). "Unusual mode of transmission of dengue". Journal of Infection in Developing Countries. 4 (1): 51–4. PMID 20130380.
  18. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s Ranjit S, Kissoon N (July 2010). "Dengue hemorrhagic fever and shock syndromes". Pediatr. Crit. Care Med. 12 (1): 90–100. doi:10.1097/PCC.0b013e3181e911a7. PMID 20639791.
  19. a b c d e f g Guzman MG, Halstead SB, Artsob H; et al. (December 2010). "Dengue: a continuing global threat". Nat. Rev. Microbiol. 8 (12 Suppl): S7–S16. doi:10.1038/nrmicro2460. PMID 21079655.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  20. Martina BE, Koraka P, Osterhaus AD (October 2009). "Dengue Virus Pathogenesis: an Integrated View". Clin. Microbiol. Rev. 22 (4): 564–81. doi:10.1128/CMR.00035-09. PMC 2772360. PMID 19822889.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  21. a b c d e f g WHO (2009), pp. 10–11.
  22. a b c
  23. a b WHO (2009), pp. 90–95.
  24. Gubler (2010), p. 380.
  25. a b c WHO (2009), p. 137.
  26. a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Yellow10
  27. a b c WHO (2009), pp. 32–37.
  28. a b c d WHO (2009), pp. 40–43.
  29. WHO médhia centre (March 2009). "Dengue and dengue haemorrhagic fever". World Health Organization. Dibukak ing 2010-12-27.
  30. Neglected Tropical Diseases. "Diseases covered by NTD Department". World Health Organization. Dibukak ing 2010-12-27.
  31. a b WHO (2009), p. 3.
  32. a b c Anonymous (2006). "Etymologia: dengue" (PDF). Emerg. Infec.Dis. 12 (6): 893.
  33. a b c d Gubler DJ (July 1998). "Dengue and Dengue Hemorrhagic Fever". Clin. Microbiol. Rev. 11 (3): 480–96. PMC 88892. PMID 9665979.
  34. a b Henchal EA, Putnak JR (October 1990). "The dengue viruses". Clin. Microbiol. Rev. 3 (4): 376–96. doi:10.1128/CMR.3.4.376. PMC 358169. PMID 2224837.
  35. Harper D (2001). "Etymology: dengue". Online Etymology Dictionary. Dibukak ing 2008-10-05.
  36. Anonymous (1998-06-15). "Definition of Dandy fever". MedicineNet.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-06-05. Dibukak ing 2010-12-25.
  37. a b c d Halstead SB (2008). Dengue (Tropical Medicine: Science and Practice). River Edge, N.J: Imperial College Press. kc. 1–10. ISBN 1-84816-228-6.
  38. a b Barrett AD, Stanberry LR (2009). Vaccines for biodefense and emerging and neglected diseases. San Diego: Academic. kc. 287–323. ISBN 0-12-369408-6.
  39. Rush AB (1789). "An account of the bilious remitting fever, as it appeared in Philadelphia in the summer and autumn of the year 1780". Medical enquiries and observations. Philadelphia: Prichard and Hall. kc. 104–117.
  40. a b c Webster DP, Farrar J, Rowland-Jones S (November 2009). "Progress towards a dengue vaccine". Lancet Infect Dis. 9 (11): 678–87. doi:10.1016/S1473-3099(09)70254-3. PMID 19850226.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  41. Sampath A, Padmanabhan R (January 2009). "Molecular targets for flavivirus drug discovery". Antiviral Res. 81 (1): 6–15. doi:10.1016/j.antiviral.2008.08.004. PMC 2647018. PMID 18796313.
  42. a b Noble CG, Chen YL, Dong H; et al. (March 2010). "Strategies for development of Dengue virus inhibitors". Antiviral Res. 85 (3): 450–62. doi:10.1016/j.antiviral.2009.12.011. PMID 20060421.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)

Réferènsi[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]


Pranala njaba[besut | besut sumber]