Deddy Mizwar

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Deddy Mizwar
Lair Deddy Mizwar
5 Maret 1955 (umur 58)
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonesia
Pagawéyan aktor, sutradara, produser Citra Sinema
Taun aktif 1976-sekarang
Garwa R. Giselawati Wiranegara
Anak Senandung Nacita
Zulfikar Rakita Dewa
Wong tuwa Adrian Andres - Sun'ah

Deddy Mizwar (lair ing Jakarta, 5 Maret 1955; umur 58 taun) yaiku aktor senior, produser lan sutradara Indonesia.[1] Sakliyane kuwi Deddy uga dikenal aktif gawé film sing nuansané dakwah sing ana pesen agamane nanging uga gawe guyu amarga ana leluconé.[1] Aktor senior pamenang 4 piala citra (kanggo film) lan 2 piala vidya kanggo sinetron iki wis pengalaman gawé sinetron sing ngusung tema dakwah kayata serial Pengembara, Mat Angin, Demi Masa, Kiamat Sudah Dekat lan Para Pencari Tuhan.[1]


Bab lan Paragraf

Karier[sunting]

Kesenengan aktor asli Betawi karo bidang seni pancen wis ora usah ditakokaké maneh.[2] Sakwise sekolah dheweké wis tau dadi pegawai negeri ana ing Dinas Kesehatan DKI Jakarta, nanging bapak rong anak iki luwih gandrung maen teater, dheweké kagabung ana ing Teater Remaja Jakarta (1973).[2] Saka teater iki dalan uripe dheweké malih, dheweké tau kepilih dadi aktor paling apik ing Festival Teater Remaja kang mapan ana Taman Ismail Marzuki.[2] Taun 1976 dheweké mulai maen film, film pertama yaiku Cinta Abadi sing disutradarai dening Wahyu Sihombing, Dedy langsung dadi pemeran utama ana ing film kuwi.[3] Puncake yaiku liwat film Naga Bonar, kapinterane akting ngasilake patang piala citra ing FFI 1986 lan 1987 yaiku : aktor terbaik FFI ing Arie Hanggara (1986), Pemeran Pembantu terbaik FFI ing Opera Jakarta (1986), aktor terbaik FFI ing Naga Bonar (1987) lan pemeran pembantu terbaik FFI ing Kuberikan Segalanya (1987).[3] Awal tahun 90an karir Dedy tekan puncaké liwat aktinge sing gawé wong kesengsem.[4] Nanging Dedy isih ngrasa kurang, dheweké kepengen swasana sing religius.[4] Awit saka kuwi dheweke banjur gawe film lan sinetron religius. Dheweké ngadekake PT Gisela Citra Sinema taun 1996, tekade wis mantep senajan akeh alangan.[5] Biyen sinetron religius isih dadi barag kang langka mulane kurang bisa ditrima dening pihak tv nanging kanthi keseriusane Deddy mizwar bisa ndadekake sinetron religius akeh ratinge.[5]

Kaluwarga[sunting]

Deddy kuwi anak kaping pisan saka nem sedulur, bapake H.Adrian Andres (Belanda-Bugis) lan ibune Sun'ah (Bugis-Betawi) kang nikah taun 1948.[3]


Gallery[sunting]

Sinematografi[sunting]

Film[sunting]

CATATAN: *uga minangka sutradara

Sinetron[sunting]

Iklan[sunting]

Penghargaan[sunting]

Juara[sunting]

  • Pemeran Pria Terbaik FFI dalam Arie Hanggara (1986)
  • Pemeran Pembantu Pria Terbaik FFI dalam Opera Jakarta (1986)
  • Pemeran Pria Terbaik FFI dalam Naga Bonar (1987)
  • Pemeran Pembantu Pria Terbaik FFI dalam Kuberikan Segalanya (1987)
  • Pemeran Pembantu Pria Piala Terbaik Piala Vidia FSI dalam Vonis Kepagian (1996)
  • Pemeran Pria Terbaik dan Sutradara Terbaik sekaligus Sinetron Terbaik FSI dalam Mat Angin (1999)
  • Pemeran Pria Terbaik FFI dalam Naga Bonar Jadi 2 (2007)

Nominasi FFI (12 kali)[sunting]

  • Bukan Impian Semusim FFI 1982
  • Sunan Kalijaga FFI 1984
  • Saat-saat Kau Berbaring Di dadaku FFI 1985
  • Kerikil-kerikil Tajam FFI 1985
  • Kejarlah Daku Kau Kutangkap FFI 1986
  • Ayahku FFI 1988
  • Putihnya Duka Kelabunya Bahagia FFI 1989
  • Dua Dari Tiga Lelaki FFI 1990
  • Jangan Renggut Cintaku FFI 1990

Penampilan liya[sunting]

  • 2010: Adzan Subuh di SCTV
  • 2010: Adzan Maghrib di SCTV (khusus untuk penayangan SCTV di wilayah Jakarta dan sekitarnya)

Pranala njaba[sunting]



Sing mengku  sadurungé:
Alex Komang
1985
Aktor Terbaik FFI
1986-1987
Diganti déning:
Mathias Muchus
1988
Sing mengku  sadurungé:
El Manik
1985
Aktor Pendukung Terbaik FFI
Pemenang

1986
Diganti déning:
Darussalam
1987
Sing mengku  sadurungé:
Rachmat Hidayat
1991
Aktor Pendukung Terbaik FFI
1992
Diganti déning:
Surya Saputra
2004
Sing mengku  sadurungé:
Albert Fakdawer
2006
Aktor Terbaik FFI
2007
Diganti déning:
Vino Bastian
2008



Cathetan suku[sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Deddy_Mizwar&oldid=847728"