Atlas

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Peta donya saka atlas modern kapisan dèning Ortelius - Theatrum Orbis Terrarum (1570).

Atlas yaiku kumpulan peta kang didadekake siji sakjroning wujud buku, uga ana kang wujudé multimedia.Atlas uga bisa ngandut wacana geografi, wates negara, statisik geopolitik, sosial, agama, lan ekonomi.Buku pisanan kang kasebut atlas digawé adidasar saka kasil itungan ing Claudius Ptolemaeus, ilmuwan kang nyinauni babagan geografi lan kerja ing Aleksandria ing taun 150SM] [1]. Cetaan kapisan di edaraké ana ing Bologna ing tahun 1477 lan ndhuweni 27 peta [1] . Ilmuwan kang mastegake bener lan salahé gambar peta-peta kasebut asalé saka peta asli kang digawé Ptolomaeus utawa digawe ilmuwan ing abad tengahan adidasar tulisan Ptolomaues. Kapisanan ing tahun 1544, akeh wong kang pada ngawe peta uga ana sankut pauté ing sakjroning dagang polowija antara Roma lan Venesia[1] .

Abraham Ortelius misuwur karana ngawe atlas modern ing taun 20 Mei 1570.Karyané kang judul Theatrum Orbis Terrarum, ingjroning ana 53 peta kang ana negara-negara ing donya [1].Sakjroning,ngunakake istilah "atlas" ora dimumpangatake nganthi taun 1595.Banjur Gerardus Mercator nyebarake karyané, kanthi judul Atlas, Sive Cosmographicae Meditationes De Fabrica Mundi (Atlas, utawa artine saka donya) (Duisburg, 1585-1595) [1] .

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e (id) [Arkola.2001.Atlas Indonesia dan Dunia.Jakarta:Putra Aloka.hal 63.ISBN 897-986-786-8].
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Atlas&oldid=667311"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès