Naga Bonar
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 577 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Naga Bonar | |
|---|---|
| Gambar:Nagabonar-sampul.jpg | |
| Sutradara | MT Risyaf |
| Panulis | Asrul Sani |
| Paraga | Nurul Arifin Deddy Mizwar Wawan Wanisar Roldiah Matulessy Piet Pagau |
| Musik déning | Frankie Raden |
| Durasi | 95 menit |
| Negara | |
Naga Bonar inggih menika pilem komedi ingkang ngenyèk kapahlawanan kang mundhut latar jaman perang kamardikan.[1] Rikala saweg nglawan pasukan Belanda paska kamardikan ing tlatah Sumatera Utara.
Sinopsis [sunting]
Naga Bonar (Deddy Mizwar) inggih menika tiyang ingkang pakaryananipun dados copét saking Medan ingkang asring mlebet-medal penjara Jepang, piyambakipun reréncangan kaliyan tiyang ném asmanipun Bujang.[2] Sawangsulipun saking penjara, Bang Pohan (Piet Pagau) ngendikan babagan proklamasi kamardikan Indonesia kang sampun dipun proklamasikaken ing Jakarta, saha ing Medan ingkang déréng sempet dipun mardikakaken amargi kedah merangi Belanda ingkang sampun mlebet ing tlatah Indonesia kanthi maksud kanggé nguwaosi malih. Lumantar narator radio, dipun cariyosaken Dokter Zulbi ingkang mbiyantu Naga Bonar rikala gerah, Dokter Zulbi menika réncang Bang Pohan kang dipun perkirakaken mata-mata saking Belanda kang sajatosipun namung isu.[2] Naga Bonar dados tentara larik paling inggil wonten ing pasukan nglawan Belanda, sasampunipun pinten-pinten perlawanan kang sengit Naga Bonar dipun lampahaken saking markas kanggé mundhur amargi perundingan kaliyan Belanda ajeng dipun wiwiti.[2] Pindhahing pasukan saking désa wonten ing markas, ndamel Naga Bonar tresna kaliyan putrinipun Dokter Zulbi, Kirana (Nurul Arifin), ugi kacariyosaken reréncanganipun Naga Bonar kaliyan Bujang (Afrizal Anoda) saha sikap ngrumati ing ibunipun (Roldiah Matulessy). Wonten ing perundingan Belanda kaliyan Indonesia, Naga Bonar ingkang dados sesulih Indonesia nedahaken Parit Buntar minangka tlatah tentaranipun (amargi Naga Bonar boten saged maos péta).[2] Juru serat pasukan, Lukman, ngendika menawi Parit Buntar menika papan ingkang sampun dipun lungguhi Belanda.[2] Sasampunipun, Naga Bonar milai nyaketi Kirana kanthi asil kang muasaken. Énjingipun Bujang ngasta ageman jenderal Naga Bonar saha tindak dhateng Parit Buntar kanggé nglawan Belanda, naas, piyambakipun pejah. Ingkang pungkasan, sesarengan kaliyan Kirana saha pasukanipun tindak dhateng Parit Buntar kanggé musnahaken markas Belanda, usaha menika kalaksanan kanthi gancar saha asil. Pilem menika dipun pungkasi kanthi orasi Naga Bonar saha Kirana dhumateng pemuda Indonesia.[2] Pilem Naga Bonar ugi wonten kalajenganipun, inggih menika Naga Bonar 2. Kahanan pilem ingkang sampun rusak dipun kemas langkung saé saha tata, pilem menika dipun rilis ing wulan mei taun 2008.