Alkana

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Struktur kimia saka metana, alkana kang paling prasaja

Alkana arupa hidrokarbon alifatik jenuh yaiku hidrokarbon kanthi ranté kabukak lan kabèh reroncèn antarané atom karboné arupa roncèn tunggal. Rumus alkana yaiiku: CnH2n+2 ing ngendi n = gunggung atom C.[1]

Dhèrèt homolog alkana[sunting | sunting sumber]

Yaiku golongan utawa klompok senyawa karbon kanthi rumus umum kang padha, nduwèni sipat kang mèh padha lan antar suku-suku urutané nduwèni béda [[CH2]].

Sipat-sipat dhèrèt homolog:

  • nduwèni sipat-sipat kimia kang mèh padha
  • nduwèni rumus umum kang padha
  • bédané Mr antara 2 suku urutané gedhéné 14
  • selot dawa ranté karbon, selot dhuwur titik umobé.[1]

Isomèr alkana[sunting | sunting sumber]

Alkana nduwèni rumus molekul padha, ananging rumus struktur béda.[1]

CH4, C2H6, C3H8 ora nduwéni isomer.[1]

Tata jeneng alkana[sunting | sunting sumber]

Adhedhasar aturan saka IUPAC:

  • Jeneng alkana ngepang kasusun saka 2 bagéan:
  1. bagéan pisanan (ing bagéan ngarep) arupa jeneng pang
  2. bagéan kapindho (bagéan mburi) arupa jeneng ranté indhuk
  • Ranté indhuk yaiku ranté paling dawa sajroné molekul. Yèn ana 2 utawa luwih ranté paling dawa, mula kudu dipilih kang nduwèni pang paling akèh. Indhuk diwènèhi jeneng alkana jumbuh karo dawané ranté.
  • Pang diwènèhi jeneng alkil yaiku jeneng alkana kang jumbuh, anaging kanthi ngganti akiré -ana dadi -il. Gugus alkil nduwèni rumus umum: CnH2n+1 lan dilambangaké kanthi R
  • Posisi pang dinyatakaké kanti awalan angka. Mula saka iku ranté indhuk perlu dinomeri. panomeran diwiwiti saka salah 1 pucuk ranté indhuk saéngga posisi pang olèh nomer paling cilik.
  • Yèn ana 2 utawa luwih pang sajenis , kudu dinyatakaké kanthi awalan di, tri, tetra, penta.
  • Pang-pang kang béda disusun selaras karo urutan abjad saka jeneng kasebut. Awalan normal, sekundhèr lan tèrsièr diluwèhaké. Dadi n-butil, sek-butil lan ters-butil dianggep awalan b-.

Awalan iso- ora dilalèkaké. dadi isopropil awalé kanthi hurup i-. Awalan normal, sekundhèr lan tèrsièr kudu ditulis kanthi hurup cithak miring

  • Yèn panomeran ekivalen saka pucuk ranté indhuk, mula kudu dipilih saéngga pang kang kudu ditulis dhisik éntuk nomer cilik.[1]

Sipat-sipat alkana[sunting | sunting sumber]

  1. Arupa senyawa nonpolar, saéngga ora larut ing banyu
  2. Tansaya akèh atom C (ranténé tansaya dawa), mula titik umobé uga tansaya dhuwur.
  3. Ing tekanan lan suhu biyasa, [[CH4 - C4H10]] awujud gas, [[C5H12 - C17H36]] awujud cuwèr, sak dhuwuré [[C18H38]] awujud padhet.
  4. Gampang ngalami reaksi subtitusi karo atom-atom halogen ([[F2]], [[Cl2]], [[Br2]] utawa [[I2]])
  5. Isa ngalami oksidasi (réaksi pangobongan).[1]

Alkana ana ing alam semesta[sunting | sunting sumber]

Metana lan etana arupa salah sijiné komponèn cilik saka atmosfèr Yupiter.

Metana lan etana arupa salah siji komponèn cilik saka atmosfèr Yupiter. Èkstraksi saka lenga bumi, kang ngandhung akèh komponèn hidrokarbon, kalebu alkana.

Alkana arupa senyawa kang ana ing bagéan cilik saka atsmofèr sapérangan planèt kayata Yupiter (0.1% metana, 0.0002% etana), Saturnus (0.2% metana, 0.0005% etana), Uranus (1.99% metana, 0.00025% etana) lan Neptunus (1.5% metana, 1.5 ppm etana). Titan (1.6% metana), salah sijiné satelit saka saturnus, sakwisé ditliti déning Huygens yèn atmosfèr Titan ngedhunaké udan metana sacara périodhik marang lumahing rembulan.[2] Ing Titan uga dikawruhi ana salah sijiné gunung kang nyemburaké gas metana, lan saka semburan gunung iki nyebabaké akèhé metana ing atsmosfèr Titan. Sakliyané iku, katemokaké déning radhar cassini, kétok uga ana sapérangan tlaga metana utawa etana ing sakupengé Kutub Lor saka Titan. Metana lan etana uga dikawruhi ana ing bagéan buntut saka komèt Hyakutake. Analisis kimia nuduhaké yèn akèhé etana lan metana mèh padha akèhé, lan kabèh iku nuduhaké yèn ès metana lan etana iki kabentuk ing antarané ruwang antar lintang. [3]

Mupangat alkana[sunting | sunting sumber]

Alkana arupa komponèn utama saka gas alam lan lenga bumi. Mupangat alkana yaiku:

  1. bahan bakar
  2. pelarut
  3. sumber hidrogèn
  4. pelumas
  5. bahan baku kanggo senyawa organik liya
  6. bahan baku indhustri.[1]

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g (id)Alkana ing sahri.ohlog.com, (Kaunduh 2/11/12).
  2. ^ (en)Titan: Arizona in an Icebox? huygens_science-results, Alkana ing www.planetary.org, dhokumèn awujud pdf (kaundhuh 7/11/12)
  3. ^ Mumma, M.J.; Disanti, M.A., dello Russo, N., Fomenkova, M., Magee-Sauer, K., Kaminski, C.D., and D.X. Xie (1996). "Detection of Abundant Ethane and Methane, Along with Carbon Monoxide and Water, in Comet C/1996 B2 Hyakutake: Evidence for Interstellar Origin". Science 272 (5266): 1310. Bibcode 1996Sci...272.1310M. doi:10.1126/science.272.5266.1310. PMID 8650540.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Alkana&oldid=863314"