Aksara Arab
Aksara Arab sing kadhangkala disebut abjad hija'iyah, asal saka aksara Aramaik (saka basa Syria lan Nabatea), ing ngendi abjad Aram ana kamiripan karo abjad Koptik lan Yunani. Katon prabédan panulisan antara Magribi lan Wétan Tengah. Antara liya panulisan aksara qaf lan fa. Ing tlatah Maghribi, aksara qaf lan fa ditulis nganggo titik ing ngisor lan siji titik ing dhuwré.
Bab lan Paragraf |
Aksara [sunting]
| Aksara Arab | |||||||
| ﺍ | ﺏ | ﺕ | ﺙ | ﺝ | ﺡ | ﺥ | |
| ﺩ | ﺫ | ﺭ | ﺯ | ﺱ | ﺵ | ﺹ | |
| ﺽ | ﻁ | ﻅ | ﻉ | ﻍ | ﻑ | ﻕ | |
| ﻙ | ﻝ | ﻡ | ﻥ | هـ | ﻭ | ﻱ | |
| Pégon | |||||||
| ڎ | ڟ | گ | چ | ڠ | ۋ | ڽ | |
| Sajarah · Transliterasi Sandhangan · hamzah ء Angka |
|||||||
| Aksra | Pocapan |
|---|---|
| ا | alif |
| ب | ba |
| ت | ta |
| ث | tsa |
| ج | jim |
| ح | ha |
| خ | kho |
| د | dal |
| ذ | dzal |
| ر | ro |
| ز | zay |
| س | sin |
| ش | syin |
| ص | shod |
| ض | dhod |
| ط | tho |
| ظ | zho |
| ع | 'ain |
| غ | ghoin |
| ف | fa |
| ق | qof |
| ك | kaf |
| ل | lam |
| م | mim |
| ن | nun |
| و | wau |
| هـ | ha |
| لا | lam alif |
| ﺀ | hamzah |
| ي | ya |
Dhialèk [sunting]
"Arab Umum" utawa "Al-'Arabiyyah Al-'Ammiyah" iku basa Arab sing dianggo ing pacelathon sadina-dina ing tlatah Arab, lan béda banget karo Basa Arab tulisan. Prabédan dhialèk paling utama yaiku antara Afrika Lor (Magribi) lan bagéyan wétan Tengah (Hijaz). Faktor sing nyebabaké prabédan dhialèk basa Arab yaiku pengaruh substrat (basa sing dipigunakaké sadurungé basa Arab teka). Upamané ing tembung yakūn (tegesé "iku"), ing Irak disebut aku, ing Palestina fih, lan ing Magribi disebut kayən.
Dhaptar dhialèk utama ing Arab:
- Dhialèk Mesir مصري : Dianggo déning watarar 76 yuta rakyat Mesir.
- Dhialèk Maghribi مغربي : Dianggo déning watara 20 yuta rakyat Afrika Lor.
- Dhialèk Levantine : Disebut uga Dhialèk Syam. Dianggo ing Syria, Palestina, Lebanon lan Gereja Maronit Siprus.
- Dhialèk Iraq عراقي : Nduwèni prabédan khusus, yaiku prabédan dhialèk ing lor lan kidul Iraq
- Dhialèk Arab Timur بحريني : Dianggo ing Oman, ing Arab Saudi lan ing Irak bagian Barat.
- Dhialèk Teluk خليجي : Dianggo ing dhaérah Teluk, yaiku ing Qatar, Uni Emirat Arab lan Saudi Arabia.
Sauntara dhialèk liya yaiku:
- Hassānīya حساني : Dianggo ing Mauritania lan Sahara Kulon
- Dhialèk Sudan سوداني : Dianggo ing Sudan lan Chad
- Dhialèk Hijazi حجازي : Dianggo ing dhaérah kulon lan lor Arab Saudi lan wétan Yordania
- Dhialèk Najd نجدي : Dianggo ing Najd, Arab Saudi
- Dhialèk Yamani يمني : Dianggo ing Yaman
- Dhialèk Andalus أندلسي : Dianggo ing Andalus nganti abad ka-17
- Dhialèk Sisilia سقلي : Dianggo ing Sisilia
- Malta
Deleng uga [sunting]
Pranala luar [sunting]
- The Arabic Alphabet showing the different glyphs for each letter and its code position in Unicode
- Alphabet, with sound, just click on a letter
- Arabic Alphabet Table pronunciation of the letters, and instructions to write them.
- Arabic Alphabet with sound and lessons
- Arabic writing and calligraphy
- Article about Arabic alphabet
- Arabic alphabet and calligraphy
- (freeware) to learn the characters
- Guide to the use of Arabic in Windows, major word processors and web browsers
- Learn the Arabic Script Online
- Madinaharabic.com: Free Arabic Reading and Language Course (with sound)
- Arabic Alphabet Quiz Choose the "Arabic" link.
- Babel Arabic Writing Explanation
- Site on Scripts and Writing Systems: A long list of links to sites dealing with issues of scripts.
- Arabic alphabet stroke directions