Śruti
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Artikel iki minangka bagéyan saka sèri Susastra Hindhu | |
Veda | |
---|---|
Rgveda · Yajurveda | |
Samaveda · Atharvaveda | |
Pamérangan Veda | |
Samhita · Brahmana | |
Aranyaka · Upanisad | |
Upanishad | |
Aitareya · Bṛhadāraṇyaka | |
Īṣa · Taittirīya · Chāndogya | |
Kena · Muṇḍaka | |
Māṇḍūkya ·Praśna | |
Śvetaśvatara | |
Wedangga | |
Śikshā · Chanda | |
Vyakarana · Nirukta | |
Jyotisha · Kalpa | |
Itihasa | |
Mahabharata · Ramayana | |
Susastra liyané | |
Smrti · Purana | |
Bhagavad Gita · Sutra | |
Pancaratra · Tantra | |
Kumara Vyasa Bharata · Stotra | |
Hanuman Chalisa · Ramacharitamanas | |
Shikshapatri · Vachanamrut | |
Deleng uga | |
Mitologi | |
Kosmologi | |
Déwa-Dèwi | |
Portal Hindhu |
Śruti (Sansekerta श्रुति, "ingkang dirungokake") inggih punika kempalan saking sastra keagamaan Hindhu. Wonten ing Śruti boten dipuntemtokaken periode-periode tartamtu, nanging punika dados sadayanipun sastra ingkang awujud wahyu wonten ing sajarah Hindhu, kawiwitan saking sastra ing wiwitan peradaban dumugi manéka Upanisad ingkang nyaketi jaman modern. Śruti boten gadhah pengarang, saha dipunyakini minangka wahyu saking Sang Pencipta, ingkang dipuntampi déning para Rsi.[1]
Sastra Hindhu ingkang dipundefinisikaken minangka Śruti, kalebet ugi Catur Weda:
Literatur punika bènten kaliyan saking sumber hukum Hindhu sanèsipun, mliginipun Smrti utawi teks ingkang dipunenget-enget, amargi Śruti asalipun murni saking wahyu Gusti. Kapitadosan ketuhanan punika inggih langkung katinggal wonten ing tradisi "Mimamsa". Literatur awal kanthi tradhisional dipunyakini minangka wahyu langsung saking "swanten kosmik" ingkang dipunmidangetaken déning para Rsi kuna ingkang salajengipun punterjemahaken punapa ingkang dipunmidangetaken dados samubarang ingkang saged dipunmangertosi déning manungsa.[2]
Bèntenipun Śruti kaliyan Smrti
[besut | besut sumber]Kekalih Śruti kaliyan Smrti minangka kategori teks ingkang dipunginankaken saperlu netepaken aturan hukum wonten ing tradisi Hindhu. Nanging, kekalihipun nedahaken manéka jinis gegayutan ingkang saged dados bahan punika.Śruti minangka wahyu ingkang sumberipun langsaung saking Gusti saha boten ngandhut konsèp hukum tartamtu. Amargi asalipun saking ilahi, punika dipunjagi sadayanipun, boten sapérangan-sapérangan kémawon.[3]
Peran wonten ing Hukum Hindhu
[besut | besut sumber]Gagasan Śruti mbentuk sawijining kelompok ingkang kabangun déning tiyang-tiyang ingkang dipunparingi "akses" informasi ingkang kakandhut wonten ing Weda Amargi asipat ilahi saha saking "Achara", utawi hukum adat regional ingkang punkembangaken déning tiyang ingkang maos saha nafsiraken Weda, saéngga wiwit saged dipunmangertosi. Wonten ing gegayutanipun kaliyan teks Smrti ingkang nyukani "interpretasi" langkung kathah katimbang Śruti. manungsa ngrembakakaken hirarki informasi ingkang mirsani Hindhu tumuju ing tuntunan tindak-tanduk wonten ing pagesangan. Babagan ingkang boten katemokaken wonten ing Weda, amargi boten ngandhut kodhe ingkang eksplisit utawi aturan ingkang badhé katemoakaken. Amargi wujud Weda asipat murni, saéngga aturan ingkang ngaku sesambetan wonten ing literatur punika dipunsukani langkung kathah pahala, éwadéné boten ngutip sawijining pérangan tartamtu. Wonten ing mriki, Śruti wonten minangka sumber kanggé sadaya Hukum Hindhu.[4]
Deleng uga
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- Coburn, Thomas, B. Scripture" in India: Towards a Typology of the Word in Hindu Life Journal of the American Academy of Religion, Vol. 52, No. 3 (Sep., 1984),
- Clooney, Francis X. Why the Veda Has No Author: Language as Ritual in Early Mīmāṃsā and Post-Modern TheologyJournal of the American Academy of Religion, Vol. 55, No. 4 (Winter, 1987).
- Jho, Chakradhar. 1987. History and Sources of Law in Ancient India Ashish Publishing House.
- Flood, Gavin. 1997. An Introduction to Hinduism. Cambridge U.P.
- Müller, Max. 1867. Chips from a German Workshop. “Lecture on the Vedas or the Sacred Books of the Brahmans, Delivered at Leeds, 1865”. Oxford University Press
- Gupta, Ravi M. 2007. Caitanya Vaisnava Vedanta of Jiva Gosvami.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |