Menyang kontèn

Zivanna Letisha Siregar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Zivanna Letisha Siregar
LairZivanna Letisha Siregar
16 Fèbruari 1989 (umur 37)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaZizi
PakaryanModel, Presenter
Taun aktif2008 - saiki
Zivanna Letisha di Quran Indonesia Project

Zivanna Letisha Siregar (lair ing Jakarta, 16 Fèbruari 1989; umur 37 taun) diundhang Zizi ya iku Puteri Indonésia 2008, ya iku wakil saka Provinsi Jakarta kang akiré kapilih dadi pamenang Puteri Indonésia taun 2008.[1]

Dhèwèké nyisihaké Ayu Diandra Sari wakil saka Bali kang dadi Runner-up I (Puteri Indonésia Lingkungan) taun 2008 lan Anggi Mahesti wakol saka DI Yogyakarta kang dadi Runner-up II (Puteri Indonésia Pariwisata) ning taun 2008.[1]

Mahasiswi saka Jurusan Ilmu Ékonomi Fakultas Ékonomi Universitas Indonésia, Dhépok, angkatan taun 2007 iki bakalé dadi dadi wakil saka Indonesia ning ajang Miss Universe taun 2009.[1]

Sadurungé dadi Puteri Indonesia ning taun 2008, dhèwèké dadi pamenang ning ajang Elite Model Look nalika taun 2006.[1] Ora namung dadi wakil Jakarta, ning ajang Putri Indonésia taun 2008, lan dadi wakil Indonesia ning ajang Miss Universe taun 2009.[1] Zivanna uga dipercaya dadi duta Jantung Remaja Indonésia.[2]

Dhèwèké dadi wakil para rumaja Indonesia ning acara kang dianakaké ning kantor yayasan jantung Indonesia sarta dadi duta jantung kanggo rumaja.[2] Amarga dhèwèké dadi duta Jantung Remaja, Zivanna kudu ngampanyekaké urip séhat marang para rumaja Indonesia.[2] Zivanna dhéwé cukup prihatin karo gaya uripé para rumaja saiki kang serba sembarangan karo pola mangan kang ora teratur.[2] Saiki uripé génerasi mudha ora teratur, kurang olaraga.[2]

Zivanna kudu bisa nyadaraké para rumaja lan ngajak para rumaja Indonésia kanggo urip séhat.[2] Dadi duta iki, dhèwèké duwé panganlaman, lan bisa luwih cedhak karo para rumaja ning Indonésia karo musik kang dadi piranti pendekatanné.[2] Karo musik, dhèwèké bisa komunikasi lan nyampekaké misi lan visiné kanggo para rumaja.[2] Zivanna dituntut supaya bisa njaga pola mangan, bisa urip séhat, sregep anggoné ulah raga.[2] Amarga dhèwèké bakal dadi contoh para rumaja akèh ning Indonesia.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 biografi zivanna letisha siregar dipununduh tanggal 15 Juli 2011
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Zivanna Letisha Jadi Duta Jantung Remaja dipununduh tanggal 15 Juli 2011