Xuanzang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Potret Xuanzang

Xuanzang (Cithakan:Zh-cpw) ya iku Bhikkhu Buda Tionghoa, pelajar, pelancong, lan penerjemah kang mènèhi prabawa tumprapé interaksi antarané tiongkok lan India ing awal dinasti Tang.[1] Xuanzang laér cepak Luoyang, Henan taun 602 minangka Chén Huī utawa Chén Yī (陳 褘) lan mati tanggal 5 Fèbruari 664[2] di Yu Hua Gong(玉華宮). Dhèwèké kondhang kanti lelampahan pitulas tahune marang India, kang ngendi dhèwèké meguru déning pira-pira guru besar, mligi ing Nalanda. Nalika mbalik marang Tiongkok, dèwèké gawa 657 teks sajeroning basa Sanskerta. kanti panjurung kaisar, dèwèké nglakokaké penerjemahan teks mau ing Chang'an (saiki Xi'an).

Jeneng[besut | besut sumber]

Xuanzang uga dikenal kanti jeneng Táng-sānzàng (唐三藏) sajeroning Basa Mandarin; sajeroning Basa Hokkian minangka Tông-sam-cōng; sajeroning Basa Kanton minangka Tong Sam Jong and Basa Vietnam minangka Đường Tam Tạng. Romanisasi liyané kang rodok langka ya iku Hhuen Kwan, Hiouen Thsang, Hiuen Tsiang, Hsien-tsang, Hsuan Chwang, Hsuan Tsiang, Hwen Thsang, Xuan Cang, Xuan Zang, Shuen Shang, Yuan Chang, Yuan Chwang, and Yuen Chwang. sajeroning Basa Jepang, dèwèké dikenal minangka Genjō, utawa Genjō-sanzō (Xuanzang-sanzang). sajeroning Basa Vietnam, dèwké dikenal minangka Đường Tăng (Bhikkhu Buda Tang), Đường Tam Tạng (Bhikkhu "Tiga koleksi Tang"), Huyền Trang (jeneng Vietnam kanggo Xuanzang)

Sānzàng (三藏) ya iku sebuatan basa Mandarin kanggo Tripitaka.

Awal Kehidupan[besut | besut sumber]

Xuanzang, kang kanti jeneng Chen Hui nalika dilahéraké, laér ing salah sijiné kulawarga kang njunjung dhuwur pendidikan. Dèwèké wujud kang paling cilik saka sadulur papat liyané. Mbah buyuté ya iku pejabat, lan mbahé ditunjuk minangka profésor ing perguruan tinggi kraton ing kutha krajan. Bapaké ya iku penganut Kong Hu Cu kang ngeculaké kabèh kalungguhan kanggo ngeculaké dhéwé saka konflik pulitik ing Tiongkok nalika wektu iku. Muturut biografi tradhisional, Xuanzang nunjukaké intelejensi kang kuwat. Bebarengan karo seduluré, dèwèké nampa pendidikan saka bapaké, kang mènèhi wulangan babagan literatur-literatur klasik lan pira-pira ajaran Kong Hu Cu.

Sanajan keluargané agamané Kong Hu Cu, jaman enomé dèwèké nunjukaké ketertarikané dadi Bhikkhu. Sawisé bapaké dèwèké mati taun 611, dèwèké urip karo kakangné ing Chensu (saiki Chanjie). Taun 618, dinasti Sui bubar lan Xuanzang karo kakangné ngindar marang Chang'an, ing kana didadèkaké kutha krajan dinasti Tang, banjur marang Chengdu, Sichuan. Ing kono kaloron ngentèkaké wektu 3 taun banjur nerusaké studi ing kuil Kong Hui.

Peninggalan[besut | besut sumber]

Patung Xuanzang ing Xi'an

Xuanzang dikenal kondhang minangka pangudiné nerjemahaké teks Agama Buda marang Basa Mandarin. Dèwèké uga ngedegaké sekolah Agama Buda Faxiang kang sanajan ora tahan suwi, nanging menèhi prabawa kang gedhé. Saliyané iku, Dèwèké uga nyatet kejadian-kejadian wigati kang ana ing kraton India utara, Harsha.

Tahun 646, kautus déning kaisar, Xuanzang ngrampungaké bukuné kang judhulé ind. (大唐西域記), kang dadi sumber utama sajarah abad pertengahan Asia Tengah lan India. Buku iki pertama kali diterjemahaké sajeroning Basa Prancis déning Stanislas Julien taun 1857. Anata buku biografi ngengingi Xuanzang kang ditulis déning bhikkhu Huili (慧立). Kaloro buku mau pertama kali diterjemahaké sajeroning Basa Inggris déning Samuel Beal, ing taun 1884 lan 1911.[3][4]

Perjalanan Xuanzang ngléwati Jalur Sutra lan legenda kang ana, nginspirasikake novèl Perjalanan marang Barat, salah siji saka mahakaryané klasik literatur Tiongkok. Tokoh Xuanzang sajeroning novèl ya iku reinkarnasi saka murid Sang Buda, lan dilindungi déning telung murid sakti. Salah sijiné ya iku Sun Wukong, karakter kang populèr ing kabudayan Tiongkok.

Ing jaman Dinasti Yuan, ana salah sijiné opera déning Wu Changling (吳昌齡) kang nyeritakaké lelampahan Xuanzang njikuk kitab suci.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Xuan Zang Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine., (Kaunduh 13/11/12).
  2. Sally Hovey Wriggins. Xuanzang: A Buddhist Pilgrim on the Silk Road. Westview Press, 1996. Revised and updated as The Silk Road Journey With Xuanzang. Westview Press, 2003. ISBN 0-8133-6599-6, pp. 7, 193
  3. Beal, Samuel. 1884. Si-Yu-Ki: Buddhist Records of the Western World, by Hiuen Tsiang. 2 vols. Translated by Samuel Beal. London. 1884. Reprint: Delhi. Oriental Books Reprint Corporation. 1969.
  4. Beal, Samuel. 1911. The Life of Hiuen-Tsiang. Translated from the Chinese of Shaman Hwui Li by Samuel Beal. London. 1911. Reprint Munshiram Manoharlal, New Delhi. 1973.