Wong Yugur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Wong Yugur
Family In Lanchow, China 1944 Fr. Mark Tennien Restored.jpg
Kulawarga Yugur ing Kutha Lanzhou, Gansu, 1944.
Gunggung cacah jiwa
(15,000 (est.))
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Sunan Yugur Autonomous County, Gansu, Cina
Basa
Basa Yugur Kulon, Yugur Wétan
Agama
Buda Tibèt, Tengrisme (TurkikPadukunan)
Golongan ètnik magepokan
Uighur Kuna, Wong Turkik liyané lan Wong Mongol

Wong Yugur (Mandarin: 裕固族; Pinyin: Yùgù Zú), utawa wong Uyghur Kuning,[1] iku salah sijiné saka 56 golongan wong kang resmi diakoni pamaréntah ing nagara Cina. Miturut sènsus taun 2000, cacahé wongé ana 13.719.[2] Wong Yugur manggon mligi ing Kabupatèn Swapraja Sunan Yugur ing Provinsi Gansu, Cina. Wong Yugur agamané Buda Tibèt.[3][4]

Jeneng[besut | besut sumber]

Jeneng resmi bebrayan iki, ya iku Yugur, pramula saka jeneng lawasé : Wong Yugur panyatur basa Turki njenengi dhèwèké kanthi Yogïr "Yugur" utawa Sarïg Yogïr "Yugur Kuning", sawatara Wong Yugur panyatur basa Mongolik ngarani dhéwé Yogor utawa Šera Yogor "Yugur Kuning’’. Cathetan sajarah Cina wis nyatakaké lan ngarani wong-wong iku kanthi Sālǐ Wèiwùr utawa Xīlǎgǔr. Sajeroning jaman Dinasti Qing, Wong Yugur uga diarani ing tembung "fān", tetembung Cina Kuna kanggo bebrayan Tibetik (Tradisional: 西喇古兒黃番; Pinyin: Xī Lǎgǔr Huáng Fān. Kanggo mbédakaké kumpulan lan basané, nimpuna basa Cina nganggo tetembungan Xībù Yùgùr "Yugur Kulon" lan Dōngbù Yùgùr "Yugur Wétan" dhedhasar papan panggonané.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wong Yugur panyatur basa Turki dianggep atmajaning kumpulan Wong Uighur kang mlayu saka Mongolia ngidul menyang Gansu samubar bubrahé Khaganat Uighur ing taun 840. Ing Gansu, wong-wong Yugur iki ngadegaké Krajan Gansu Uighur (Ganzhou Uyghur Khanate) kang makmur (870-1036) lan kutha krajané ana ing cedhaké Zhangye saiki lan ing ngisoré Pegunungan Qilian ing lembah Ruo Shui.[5] Warga krajan iku, kira-kira ana 300.000 cacahé ing Babad Dinasti Song lan mèlu agama Manichaeisme lan Buda.

Ing taun 1037, wong Yugur dijajah karo Wong Tangut.[6] Krajan Uighur Gansu dipeksa gabung karo Xia Kulon sawisé perang rajapati antaraning taun 1028–1036. Mahmud al-Kashgari, kang urip ing kutha Kashgar jaman iku, nyebutaké yèn "getih wong Uighur ilèn-ilèn kaya kali deres" nalika perang iku.

Sawetara wong Yugur panyatur basa Mongolik manawa atmajaning salah siji kumpulan panyatur basa Mongolik kang nyerbu Cina Lor sajeroning jaman panaklukan Mongol ing abad 13. Wong Yugur iki suwé-suwé nyawiji karo Dinasti Qing ing taun 1696 sajeroning kakuwasané kaisar Qing kaloro, Kaisar Kangxi (1662–1723).

Ing taun 1893, salah siji panjelajah asal, Grigory Potanin, iku èlmuwan kulon pratama kang nyinaoni bab wong Yugur, lan nerbitaké bausastra cilik kang isiné tetembungan basa Yugur, sareng cathetan bab pangaturan lan kaanan tlatah panggonané.[7] Saterusé ing taun 1907, Carl Gustaf Emil Mannerheim saba ing désa Yugur Kulon Lianhua (Mazhuangzi) lan Candi Kangle ing désa Yugur Wétan. Mannerheim iki wong pembarep kang nganakaké panalitèn étnografi kang primpèn bab Wong Yugur. Ing taun 1911, dhèwèké nerbitaké artikel kanggo Masarakat Finno-Ugrian.

Basa[besut | besut sumber]

Kira-kira 4.600 wong Yugur mitutur basa Yugur Kulon (sawijining basa Turkik) lan 2.800 liyané basa Yugur Wétan (basa Mongolik). Basa Yugur Kulon isih duwé lan nguwètaké tetembungan lawas saka Basa Uighur Kuna.[8][9] Sawetara wong Yugur liyané ora bisa basa Yugur lan mitutur Basa Cina. Sak cacah cilik wong Yugur uga ana kang dilaporaké mitutur Basa Tibèt. Kanggo basa sesambungan karo wong jaba, wong Yugur mitutur basa Cina.

Basa-basa Yugur sakabèhé basa tuturan, sanajan Aksara Uighur Kuna tau digawé ing sawatara kumpulan wong Yugur nganti akir abad 19.[10]

Masarakat[besut | besut sumber]

Wong Yugur panyatur Turkik manggon mligi ing sisih kulon Kabupatèn SunanYugur, mligi ing Kacamatan Mínghuā District, kalurahan Liánhuā lan Mínghǎi, uga ing kacamatan Dàhé, ing tengah-tengahing kabupatèn. Sawetara, panyatur basa Mongolik manggon ing sisih wétan, ing kacamatan Huángchéng , lan ing kacamatan Dàhé Kānglè, ing tengah-tengah kabupatèn.

Wong Yugur mligi nyambut gawé nandangi rajakaya.

Agama[besut | besut sumber]

Agama tradhisiné wong Yugur mligi Buda Tibèt, kang dilakoni bebarengan karo padukunan.

Budaya Populèr[besut | besut sumber]

Negara kuna Sarig Yogir dadi salah sawijining bangsa kang dimainké ing dolanan vidio kang nganggo strategi Paradox Interactive Europa Universalis IV.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Justin Jon Rudelson; Justin Ben-Adam Rudelson (1997). Oasis Identities: Uyghur Nationalism Along Cina's Silk Road. Columbia University Press. kk. 206–. ISBN 978-0-231-10786-0. 
  2. Justin Keith Brown, Sarah Ogilvie (2009). Concise encyclopedia of languages of the world. Elsevier. k. 1142. ISBN 0-08-087774-5. Dijupuk 2010-10-31. 
  3. Justin Ben-Adam Rudelson, Justin Jon Rudelson (1997). Oasis identities: Uyghur nationalism along Cina's Silk Road. Columbia University Press. k. 178. ISBN 0-231-10786-2. Dijupuk 2010-10-31. 
  4. Wong, Edward (September 28, 2016). "Modern Life Presents Nomads of Cina's Steppe With a 'Tragic Choice'". New York Times. 
  5. Edward Allworth (1994). Central Asia, 130 years of Russian dominance: a historical overview. Duke University Press. k. 89. ISBN 0-8223-1521-1. Dijupuk 2010-10-31. 
  6. Michael Dillon (2004). Central Xinjiang: Cina's Muslim far northwest. Psychology Press. k. 10. ISBN 0-415-32051-8. Dijupuk 2010-10-31. 
  7. Eric Enno Tamm. (2010) "The Horse That Leaps Through Clouds: A Tale of Espionage, the Silk Road and the Rise of Modern Cina." Vancouver: Douglas & McIntyre, p.218. ISBN 978-1-55365-269-4. http://horsethatleaps.com/chapter-11
  8. Aslı Göksel, Celia Kerslake, ed. (2000). Studies on Turkish and Turkic Languages: Proceedings of the Ninth International Conference on Turkish Linguistics. Harrassowitz. kk. 430–431. ISBN 978-3447042932. 
  9. Lars Johanson, Éva Csató (1998). The Turkic languages. Taylor & Francis. k. 397. ISBN 0-415-08200-5. Dijupuk 2010-10-31. 
  10. Dru C. Gladney (2004). Dislocating Cina: reflections on Muslims, minorities and other subaltern subjects. C. Hurst & Co. Publishers. k. 212. ISBN 1-85065-324-0. Dijupuk 2010-10-31. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]