Wayang sadat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Wayang sadat yaiku salah sawijing wayang kang ngrembaka ana ing Jawi Tengah. Salah sawijining lakon kang ana ing wayang iki, yaiku lakon Ki Ageng Pengging. Wayang iki digawe kanggo tujuan dakwah Islam.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Wiwit saka enom, Suryadi gandrung wayang kulit. Tahun 1971, dhèwèke nonton Wayang Menak ing dèsa Tambak, Kali Kotes, Klathen. Dhèwèke rumangsa kurang srèg nemuni lakon kan kurang pas saka wayang Menak. Kahanan iki nuwuhake tekade kanggo gawe wayang kang isa gawe dakwah Islam. Nanging agi tahun 1973 Suryadi nekuni seni karawitan. Dheweke uga maca akeh buku bab wayang lan sajarah perjuwangan para wali.[2] Amarga akeh alangan, gagasan kanggo gawe wayang iki durung kaleksanan. Sabanjure kahanan iki rampung, Suryadi miwiti gawe wayang iki.

Wayang iki dipentaske tahun 1985 ing Desa Trucuk, Kabupatèn Klathen. Wayang iki digawè dening Suryadi, seniman lan mubaligh.[3] Ukara sadat dijupuk saka tembung “syahadat”, yaiku rukun Islam kaping pisan.[4] Suryadi nduweni loro tujuan mentaske wayang iki, yaiku sepisan kanggo dakwah ajaran tauhid agama Islam, kaping pindo nuwuhake rasa seneng tumraping wayang dening umat Islam.

Geblagan Wayang Sadat kaping pisanan iki njukuk saka kisah para Walisanga ing tlatah Jawa kanthi iringan gending salawat. Busana dalang nganggo serban, pengrawit nganggo kupyah, lan sinden nganggo krudung. Sabanjure geblagan kaping pisanan iku wayang sadat ditanggap ing maneka warna acara kayata tasyakuran, supitan, lan sak panunggalane. Suryadi uga mentasek wayang sadat ing Departemen Agama, TVRI, RRI Ngayogyakarta, RRI Semarang, Pondhok Pesantrèn Tegalrejo, Pondhok Pesantrèn Salafiah Wanasari, Pondhok Pesantrèn Ngresep, Universitas Muhammadiyah Surakarta, Festival Istiqlal I lan Festival Istiqlal II.[5]

Wayang sadat miturut Suryadi dadi alat dakwah kang luwih ngena ing masyarakat. Masyarakat sadurunge ora salat sabanjure ndelok wayang iki banjur salat uga ana kang sadurunge ora ngaji banjur sregep ngaji. Ana uga penonton kang banjur ngrasuk agama Islam amarga ndelok wayang sadat.[6] Sasaran dakwah wayang iki ora mung masyarakat, nanging uga para pengrawit.

Wayang sadat digawe saka kulit kebo lan disungging kaya dene wayang purwa. Dhawane tangan wayang sadat uga persis kaya wayang purwa yaiku sak ngisore dhengkul. Dhawane irung uga niru wayang purwa, nanging corekan pucuk irung mendhuwur ora nang sisih kaya dènè wayang purwa.[7] Wayang sadat nduweni ciri-ciri kang mbedake saka wayang purwa, yaiku:

  • pucuking irung (tatahan) mendhuwur, kaya dene wayang bèbèr.
  • kabeh driji tangan wutuh kanthi posisi nggrayung
  • kabeh wayang nganggo wusana
  • wayang putrèn nganngo kudung
  • Tokoh wali/ulama nganggo sepatu, kang dadi pambeda drajat agama tinimbang wayang liyané.
  • Bentuk surban digawe kaya kasunyatan.[8]

Wayang sadat ditatah lan disungging kanthi busana Islam, yaiku nganggo jubah, iket sirah arupa serban, lan ngisoran nganggo sarung. Iki uga dadi tuladha kanggo penonton supaya niru kang ana ing wayang. Ana telu jinis wayang kang ana ing wayang sadat, yaiku:

  • Wayang putrèn. Wayang putrèn umumé kaya wayang putri ing wayang purwa. Kang mbédakaké yaiku ukuran samparan luwih cèndhek tinimbang wayang putri kang ana ing wayang purwa. Tokoh wayang putrèn iki cacahe ana wolu, yaiku: Limbuk, Cangik, Putri Cempa, Nyi Ageng Tingkir, Nyi Ageng Pengging, Nyi Ageng Pandanaran, lan loro wayang putrèn kang dadi wakil masyarakat désa.
  • Wayang wali/ulama lan raja alusan. Umume wayang wali/ulama alusan niru saka wayang purwa, yaiku pasuryan nundhuk, sikil jejeg, ana kang nganggo kain ing bokongan lan ana uga kang ora nganggo bokongan. Wayang alusan kang nganggo bokongan yaiku Trenggana lan Raden Patah. Wayang alusan kang ora nganggo bokongan yaiku Sunan Ampèl uga Trenggana lan Raden Patah kang nganggo selendhang kaya Rama lan Laksmana ing wayang purwa.
  • Wayang wali/ulama lan raja gagahan. Bentuk wayang gagahan ana ing wayang sadat kurang luwih padha kang ana ing wayang purwa yaiku suku kang mlangkah. Wayang gagahan yaiku Sunan Bonang, Sunan Kudus, Sunan Kalijaga, Patih Rèksapraja, Wilatikta, Pandanaran, Sugata, Wanagati, lan Brandal.[9]

Tokoh wayang sadat kang digawe Suryadi nganti saiki kabehe 50. Kang natah lan nyungging wayang iki dipasrahake dening Suwardi Gudel lan Jumatna saka desa Mireng lan Tembayat. Wujud wayang dirancang dhewe dening Suryadi saka serat lan babad Islam.[10]

Kayon utawa gunungan ing wayang sadat ana telu jinis. Bentuk kayon iki kaya umumé wayang kulit. Kayon kaping pisan tatahan tulisan kaligrafi Allah. Kayon kaping pindho awujud padha lumrahe kayon ana ing wayang purwa, nanging ing tengah kayon ana tatahan masjid.[11] Kayon iki ana kaping pungkasan ing sisih tengen simpingan. Kayon kaping telu yaiku kaya kayon kapin pindho, nanging ing tengah kayon ana gambar teratè. Kayon iki ana ing sisih kiwa simpingan.

Gawang kang digunakake ana ing wayang sadat arupa kelir. Gawang iki warna coklat. Ukuran gawang 180 cm x 350 cm. Ing tengah-tengah gawang sisih dhuwur ana tulisan kaligrafi Arab kang unine Ud’u illa sabili rabbika bil hikmati. Tulisan iku dicuplik saka Al Quran Surat An-Nahl ayat 25.[12]

Gendhing[besut | besut sumber]

Iringan gendhing kang ana ing wayang sadat migunakake gamelan agen laras sléndro lan pélog. Bentuk gendhinge isih migunakake lancaran, ladrang, gendhing ketuk loro kerep, gangsaran, srepeg, sampak, ayak-ayakan, lan kemuda.[13] Susunan gendhing iki yaiku meron, ciblong, lan inggah. Gendhing-gendhing iki digawa miturut wayah utawa patet yaiku gendhing slendro pathet nem/pelog lima ana ing wayah siji setengah jam, gendhing slendro pathet sanga/ pelog nem ana ing wayah rong jam, lan slendro pathet manyura/pelog barang ana ing sajam sadurunge wayang pungkas.

Gendhing kang kerep digunakake yaiku laras pelog. Ing pergelaran wayang sadat nganti saiki ana 20 cacah gendhing yaiku: 1. Ayak-ayak pelog lima, 2. Lancaran Salam pelog nem, 3. Lancaran Jamilah pelog campur, 4. Lancaran Sapu Jagat pelog lima, 5. Lancaran Wisata Jawa Tengah, 6. Lancaran Pemuda Islam, 7. Lancaran Siaga, 8. Lancaran Kreta Dawa, 9. Sregep Sadat, 10. Ladrang Rahayu, 11. Ladrang Ganep, 12. Ladrang Istighfar, 13. Ladrang Hamdallah, 14. Ladrang Arkhanuriliman, 15. Ladrang Rembulan Gumilang, 16. Ladeang Rerantang, 17. Ladrang Kembang Mlati, 18. Lagu Salawat Badriyah, 19. Lagu Khamdallah, 20. Kemula.[14]  Gending-gendhing kasebat iku gendhing pokok kang ana ing wayang sadat. Nanging isih ana kurang salah sawijing gendhing, yaiku gendhing suwuk grupak.

Lakon[besut | besut sumber]

Kanthi landesan kreativitas lan dakwah Islam, Suryadi gawe lakon kang anyar adoh saka crita Hindu-Buddha. Sumber lakon wayang sadat, yaiku saka babad lan serat. Karakter ana ing wayang iki njukuk saka Walisanga, yaiku Sunan Bonang, Sunan Ampèl, Sunan Kudus, lan Sunan Kalijaga. Karakter liyane, yaiku Raden Patah, Ki Ageng Penggiéng, lan Jaka Tingkir.[15]

1. Babagan Perjalanan

Salah siji pendhèrèk Sunan Kudus nglembara ana ing désa Pengging. Ana ing tengah dalan dhèwèke ketemu wong lanang lan wadon kang takon jeneng désa papan ketemu iku. Pendhèrek Sunan Kudus njawab yen désa iki durung ana jenenge. Dhèwèkè uga nambahi yen masyarakat ing désa iku wedi metu rikala wengi amarga krungu swara macan. Pendhèrek Sunan Kudus iku banjur ngenei jeneng desa iku mau Sima. Dhèwèkè uga nambahi yen swara iku udu swara macan, nanging swara bendhe pusaka Kasultanan Demak kang ditabuh.

Pendhèrek Sunan Kudus iku banjur nyidakake lakune tumuju ing désa Pengging. Ing salah sawijing désa dhèwèkè mandheg lan takon jeneng désa iku. Désa iku durung ana jenenge. Amarga ing dèsa iki dhèwèkè disuguh banyu désa iki banjur dijenengake Banyudana.

2. Babagan Ki Ageng Péngging

Ki Ageng Pengging nalika mulang santri-santrine nampa rawuhe Nyi Ageng Tingkir. Ing wektu iku Ki Ageng Pengging netepi janjine bakal masrahke Karebet putrane marang Nyi Ageng Tingkir nalika upacara khataman. Ing upacara khataman iki ana tanggapan kang wujud tari lan wayang sadat.

Sunan Kudus teka ing Pengging bebarengan ing upacara khataman. Panjengenange ngelingake tumrap Ki Ageng Pengging marang janjine kang bakal séba ing Sultan Demak. Nanging Ki Ageng Pengging nolak amarga dhèwèkè dudu adipati. Sunan Kudus nampa apa kang diucapake dèning Ki Ageng Pengging, nangin Sultan ora bisa nampa. Amarga nolak séba tumrap Sultan, Ki Agen Pengging didakwa 2 perkara, yaiku mblenjani janji lan nyebaraké ajaran Syekh Siti Jénar.

Sunan Kudus nyakseni yén apa kang dilakoni dening Ki Ageng Pengging iku bener miturut ajaran Islam. Mula Sunan Kudus nggorès sikune Ki Ageng Pengging banjur nggowo jubah Ki Ageng Pengging kecipratan gètih kanggo bukti yen Ki Ageng Pengging wis mati. Ki Ageng Pengging banjur lunga saka papan iku lan ngedekaké padépokan anyar.

3. Babagan Padukuhan Tingkir

Mas Karebet utawa Jaka Tingkir diasuh dening Ki lan Nyi Ageng Tingkir nganti déwasa. Jaka Tingkir kang wus déwasa banjur dititahake Sultan supaya mimpin milih prajurit Demak. Nyi Ageng Tingkir dhawuh marang Kasan supaya ngawal Jaka Tingkir ing Demak.

4. Babagan Kasultanan Demak

Sultan Trenggana mimpin musyawarah bareng Sunan Giri, Sunan Drajat, lan Raden Patah gawè rancangan kanggo nampa prajurit Demak. Jaka Tingkir dipilih mimpin milih prajurit Demak. Ana aturan kang ora oleh dilanggar dèning calon prajurit lan panitya yaiku ngindari kang nyebabaké pati.

Salah sawijining calon prajurit ana kang sakti, yaiku Dhadung Awuk. Kasekténe Dhadung Awuk meksa Jaka Tingkir nggunakaké pusaka Sadat kang dadi jalaran patine Dhadung Awuk. Amarga kahanan iki, Sultan Trenggana duka marang Jaka Tingkir. Jaka Tingkir banjur lunga saka Demak lan ing tengah dalan dheweke ketemu Sunan Kudus. Sunan Kudus kandha yen bapa lan ibune Jaka Tingkir isih urip.

5. Babagan Padukuhan Butuh

Ki lan Nyi Ageng Pengging saiki ana ing Padukuhan Butuh. Sabendino èling marang Mas Karebet putranè. Ing sawijing dina, salah siji santri kandha yen ana jaka kang sémaput ing tengah sawah. Sabanjure jaka iku mau digawa ing Ki Ageng Pengging lan Nyi Ageng Pengging jebul jaka iku mau Mas Karebet. Nyi Ageng Pengging banjur nangis lan ngucap syukur Alhamdulillah.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Kuntowijoyo (1996). "Islam dan Budaya Lokal". Tarjih. 1: 69.
  2. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 6.
  3. Kuntowijoyo (1996). "Islam dan Budaya Lokal". Tarjih. 1: 63.
  4. Ashari; Joebagijo; Pelu, Hasan; Hermanu; Pelu (2019). "Refleksi Ketauhidan Dalam wayang Sadat Ki Ageng Pengging". Jantra. 14 (2): 129.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  5. Mukti, Muhammad (2008). "Resistensi Wayang Sadat dalam Menghadapi Hegemoni Muhammadiyah". Jurnal Penelitian Humaniora. 13 (1): 118.
  6. Mukti, Muhammad (2008). "Resistensi Wayang Sadat dalam Menghadapi Hegemoni Muhammadiyah". Jurnal Penelitian Humaniora. 13(1): 117.
  7. Maturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multiliniear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 8.
  8. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 8.
  9. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 10.
  10. Masturoh, Titin (2003). "Evolusi Multiliniear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 8–9.
  11. Zarkasi, Effendi (1977). Unsur-Unsur Islam dalam Pewayangan. Solo: Mardikunto. kc. 114.
  12. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear". Harmonia. 4(3): 10.
  13. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 10–11.
  14. Masturoh, Titin (2003). "Proses Evolusi Multilinear Wayang Kulit dan Wayang Sadat". Harmonia. 4(3): 11.
  15. Ashari; Joebagjo; Pelu, Hasan; Hermanu; Pelu (2019). "Refleksi Kaetauhidan dalam Wayang Sadat Lakon Ki Ageng Pengging". Janatra. 14(2): 130.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)