Walang sétan
Praèn
| Walang sétan | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Arthropoda |
| Klas: | Insecta |
| Ordho: | Orthoptera |
| Famili: | Pyrgomorphidae |
| Génus: | Aularches |
| Spésies: | A. miliaris |
| Jeneng binomial | |
| Aularches miliaris (Linnaeus, 1758) | |
| Sinonim | |
| |
Walang sétan (Aularches miliaris) iku walang warna-warni sing kalebu kulawarga Pyrgomorphidae. Walang iki bisa tinemu ing Asia Kidul lan Asia Kidul-Wétan.[1] Warna-warnané sing pranawa dadi salah siji sarana tangkisané supaya prédhator padha wedi. Sarana tangkisané liyané ya iku kanthi mrecètaké umpluk racun nalika diganggu.[2]
Walang iki nduwèni sawenèh jeneng, kalebu walang kopi, walang dhemit, walang blentong lor, utawa walang umpluk. Kéwan iki kadhang kala uga dadi kéwan kalangenan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ (2013) Aularches miliaris miliaris (Linnaeus, 1758) from Orthoptera Species File (OSF) Online.
- ↑ Hingston, RWG (1927). "The liquid-squirting habit of oriental grasshoppers". Transactions of the Entomological Society of London. 75: 65–69. doi:10.1111/j.1365-2311.1927.tb00060.x.